Wêgang Sulanjani, lampah 24, pêdhotan 5-6-6-6

manawi ane, kang bakit akarya, êtar lwir sutèngong, nging wit patrap kula, karya anindya, saking aèngira, miwah ta tan wontên, janma sanès kang wruh, 6. wêwadosira, muhung tanayèngwang, marma anamtokkên, yèn anak kawula, ingkang akarya, inggih tar puniki, mangkyandika kakang, awijah-wijaha, wit kang pinêhan, lami wus pinanggih, Samsidin Muhammad, anauri wuwus, heh ta bok ipe, paminta manira, sinabarna dhihin, datan wun pinanggya, 7. ingkang binudi, tukang lêmpêr yogya, tinêkakkên ringke, yadiyan saèstu, Bedredin Hasan, yêkti sira miwah, sutèngsun tan indung, nging yèn prapta hringki, sira wong roro, aywa kawanguran, de rêmbug manira, kang ta bakit tanon, mring Bedredin Ha-, san dhèwèke aywa, wêruh marang sira, awit karsaningsun, 8. prakara iki, babare ywa ana, ing Dhamaskus kene, sêdyèngsun nyarèhkên, kongsi ulih ngong, mring prajèng Ka-[214]-iro, ing kono sun arsa, karya garjitanta, wusnya kya patih, manabda mangkana, sigra wangsul maring, pakuwonirèku, ipe lan siwi, samya tinilar ring, kuwunya pribadi, Samsidin Muhammad, 9. tandya nimbali, abdinya wong sèkêt, inagnyan mangkana, sirèku sadarum, musthi ya pênthung, kang magêng nyajuga, nulya tut wuria, lakune si Sahban, mring wismèng tukang, lêmpêr jro kithèki, sapraptanta hringka, barang darbèkira, ingkang tinêmu, anèng wismanira, rêncêmên sadarum, ywan kita tinanya, 10. sumarmanira, ing rèh mrawasani, sira naurana, atanya apa ta, dudu dhèwèki-, ra kang karya êtar, tinuku ing bocah, ingsun wong kabiri, lamun ngakoni, rênggêpên tumuli, sarta pusaranên, kerida ngarsèngwang, ananging aywa, kongsi sira pukul, poma wêkasingsun, lah wis lumarisa, 11. ywa kalayatan, agnyanirèng patih, Samsidin Muhammad, sigra linaksanan, abdi sèkêt wa-, u samya ngrênggêp pênthung, nyajuga sada-, rum saksana mêsat, mring wismanira, Bederedin Hasan, ing ngirid de abdi, kabincih Sahban, praptèng wismani-, ra Bedredin Hasan, sakwèhning pangaron, bokor myang pan aji, 12. atanapi da-, ndosan liyanira, ingkang samya pinang-, gih nèng wismanira, samya rinura, pra tuwin dandanan, kang nèng warungira, myang wadhah inuman, amikan êtar, sapanunggalannya, rinêncêm samoa, kang darbe sru gawok, myat rèh [215] mangkana, tanya mêlas asih, ki sanak sadarum, parankaranira 106 , 13. darbèk kawula, rinêmpak mangkana, paran dosaningong, kang liningan nabda, apa ta dudu, sira kang karya tar, tinuku ing abdi, kabiri puniku, Bedredin Hasan, anauri angling, nggih kula kang karya, paran cacadira, ciptaning driya, tana kang wignyang de, êtar ngungkuli ngong, ya ta para abdi, 14. tan anauri, tansah ngrêrêncêmi, dalasan pawoni-, ra tan liniwatan, tangga-teparo, miyarsèng prakatha, samya atumandang, kawismaya anon, 106 paranparanira janma sèkêt ma-, wa gêgaman pênthung, don rusuh nèng wisma-, ning Bedredin Hasan, samya atanya, kang dadya sumarma, Bederedin Hasan, malih atêtanya,

75. Dhadhap Mantêp, lampah 13, pêdhotan 5-8

1. paminta kula, mugi ta sinungan wêruh, paran kang dadya, dosa kawula satuhu, de darbèk mami, pinarwasa sahadaya, ingkang tinanya, anauri ing pamuwus, 2. apa ta dudu, kita ingkang karya êtar, siradol marang, abdi kabiri puniku, Bedredin Hasan, anauri inggih kula, ingkang akarya, namtokakên sayogyanira, 3. panganggêp dika, mring kula ingkang kadyèku, tuhu tan lêrês, Bedredin Hasan saksana, samya rinênggêp, taman sinauran wuwus, dyn sêrbanira, pinêlandang saking murda, 4. kinarya nambang, minêksa mimba sing panti, arsa winawa, mring ngarsanira kya patih, sakwèhning janma, kang sami tumandang wau, wêlas tumingal, mring sira Bedredin Hasan, 5. miwah milêti, sumêdya sami tumangguh, kaptining duka-, nira sang amangku praja, [216] nging tarantara, dutèng bupatining kitha, prapta nanggulang, sakwèh kang sami murina, 6. sarta manguyu, ambikut Bedredin Hasan, awit rêkyana, Patih Samsidin Muhammad, ing ngarsa sampun, atundhuk lawan bupati, prajèng Dhamaskus, prasadu dènnya mêmatih, 7. aminta bantu, bupatyèku, kang ngwasani, radya ing Êsam, sabawahira sadarum, anyarirani, sri naranata ing Mêsir, manadukara, pamintaning lurahira, 8. nênggih rêkyana, Patih Samsidin Muhammad, Bedredin Hasan, sêsambat ajêlih-jêlih, mêksa winawa, ya ta rêtna Serah Sadhe, kèndêl akata, wit sampun tatas rahina, 9. ratrinya malih, sang dyah lumaju ing kata, aturira mring, Prabu Sèhriyar mangkana, sri naradipa, Patih Gyafar anglajêngkên, cariyosira, mring Prabu Harun Alrasid, 10. pamuwusira, Bedredin Hasan nèng ngênu, tanya mring janma, kang samya mangrêngêp wau, tar pakirtyannya, ing jêro mèsi punapa, ingkang sinabdan, taman anauri angling, 11. lampahira wus, praptèng kukuwuning patya, anangku nganti, rawuhira kyana patih, dènnya maninjêm, bupati prajèng Dhamaskus, sapraptanira, nayaka waktra nanyakkên, 12. ki tukang lêmpêr, dyan kerid mring ngarsanira, Bedredin Hasan, umatur sarya karuna, mugi parênga, ing karsa paduka sing wruh, paran kang dadya, prawitaning bêndu tuan, 13. dhumatêng ulun, patih Samsidin Muhammad, nauri sabda, dhik cilaka kang lir sira, apa ta dudu, kita kang akarya êtar, siradol mring wang, kang sinojaran nauri, 14. inggih kawula, kang karya lah ta punapa, dosa kawula, kya patih malih [217] amuwus,