Sudiradraka, lampah 13, pêdhotan 5-8

darbe pathika, isi makutha rong lêksa, 4. sadaya samya, rinancana ing iryadi, kaatura mring, Sang Prabu Harun Alrasid, nadyan pakintun, kawula datan akathah, paminta kula, mugi-mugi katampèna, 5. kaupamèkna 71 , kadi ta saking sadulur, lèn saking mitra, de kang wèh sukaning driya, wit kula bakit, pratandhaning sih mami, maring sang aji, paminta kawula mugi, 6. tinimbangana, ing sihira sang nrêpati, wit sotèng driya, yoga tampi sih puniku, wusananira, sang nata apracayaa, ing sih kawula, sampun aprasasat kadi, 7. miwah kawula, mujèkkên kaharjan katong, ata surasa-, nirèng srat prabu ing Ngindhu, de pisungsungi-, ra narendra ing Sèrèndhit, awarna tuwung, sajuga mirah kinardi, 8. pranti pangombèn, ruhurnya satêngah kaki, wandanya sadim, ing ngisénan mutyaradi, abundêr-bundêr, lawan crêmaning taksaka, sisiknya magêng, kadi kancana blèbèkkan, 9. sawabing crêma, sing sapa ingkang nendrani, luputing agring, kaping tri wrêksa têgari, tur pipilihan, kaping catur kapur barus, sahadayèku, kairingakên ing abdi, 10. samya têtukon, apêkik-pêkik sadarum, karyèram tinon, busananira rinêngga, dening sêsotya, banawa sigra umancal, lami ing lampah, prasiddha praptèng Balsorah, 71 kaupamakna 11. sing ngriku ingong, numilag mring prajèng Bahdad, saulih ingsun, iku mrêlokkên karuhun, anaosakên, pisungsung sing natèng Srèndhit, kang ingsun wawa, mring Prabu Harun Alra-[113]-sid, 12. Seherah Sadhe, têkèng samana akèndêl, wit wus rahina, ratrinira malih nulya, linajêngakên, pamuwusira mangkana, punika gusti, lajênge katanya Sinbad, 13. pustakanira, buminata ing Sèrèndhit, arsa ngong turkên, maring Sri Harun Alrasid, lampah manira, pra amad wau umiring, myang wandèngwang, ing sawatara tumutur, 14. samya ingsun kèn, mangawin tekang pisungsung, sapraptaningwang, jro pura angaturakên, prêluning karya, sumiwèng ngarsa nrêpati, sigra ngong kerid, maring byantara narendra, 15. wusnya ngong sujud, sumungkêm ing maetala, nulya naoskên, pustaka lawan pisungsung, ri wusing surat, tinupiksa kang surasa, sri nata tanya, mring mami sayêktinira, 16. mungguh kaluhur-, ran, miwah parartanira, nate 72 Sèrèndhit, kadi kang kaiwêning srat, manira sujud, mung kakonjêm ing pratala, wusnya alênggah, umatur gusti sang prabu, 17. saèstu lamun, buminata ing Sèrèndhit, tan angindhiki, gunging kasugihanira, patik nrêpati, apan andulu pribadi, sotaning driya, tana kang bakit karyèram, 18. nggungkuli upa-, rêngganing karatonira, 72 natèng yèn sri bupati, umijil arsa cangkrama, pinarak munggwing, dhampar saruhuring èsthi, pra abdi miwah, kêkasih samya garêbêg, 19. kanan mwang, kiwan dasih sajuga nèng ngarsa, sasoring dhampar, manampa towok kancana, sawurinira, kanang dirgasana wau, wontên sajuga, abdinira kang umadêg, 20. mangawin bindi, [114] kanyaka tunggul jumêrut, panjanging jumrut, tan kirang satêngah kaki, kandêlnya sadim, kang jajari wadya sasra, nitih samadya, mabra pradiptèng busana,

39. Kuswalalita, lampah 23, pêdhotan 5-6-6-5

1. sadangunira, sri nata atindak, abdi kang nèng ngarsa-, nira singangsana, sru dya angucap, sarya dèn ambali, kêndêl mung sakêdhap, mangkana dêlingnya, kapwa dulunên, yaiki narendra, gung kang amisesa, sultan prajèng Ngindhu, ratu prawira, miwah kinatyêngan, ingkang puranira, rinancanèng miwah, 2. sakêthi kwèhya, adarbe makutha, rong lêksa rinêngga, ing iryadi mulya, lah ta dulunên, ya iki ratwagung, rinênggêng makutha, angungkuli kangjeng, Nabi Suleman, Prabu Mitra Ghês, ingkang wus kaloka, nrêpati Sudibya, sasampunira, asanti mangkana, tandya dasih ingkang, nèng wurining dhampar, 3. gantya manguwuh, mangkana sojarnya, ratwagung mêngkene, tan luputing laya, nulya abdi kang, nèng ngarsa sumambung, sru dya dêlingira, kaluhuran apan, kadarwyèng gêsang, tan kadarbe marang, kang sampun ngêmasi, ata santinira, natèng Sèrèndhit, ingkang kawuwusa, dahat adilira, sakathah ing khakim, 4. sajroning kitha, lèn sajawinira, kang kalêbêt tala-, tah nuswèng Serendhit, sadaya sami, kekah adilipun, tang wontên kang mingkêd, saking wajibira, Sang Prabu Harun, sru kacaryan myarsa, ing caritaningsun, pangandikanira, mungguh kawica-, ksanannya narendra, ing nuswa Sèrèndhit, apan wus têtela, [115] 5. saking surasa-, ning pustakanira, winimbuhan dening, kandhanira mau, nyata sayoga, ratu wicaksana, kang mangkono iku, amêngkua dasih, pantês rinatu, wusnya sri pamasa, ngandika kadyèku, dyan kondur mring pura, ngong dhinawuhan, mulih sarta sinung, ganjaran akathah, dupi sampun tamat, 6. Sinbad katanya, kang para dhatêngan, lèn bêrah Ki Inbad, samya pamit mantuk, ananging Inbad, sininungan malih, uwang êmas satus, enjingira wangsul, mring wismèng Sinbad, nulya cinriyosan, lêlampahanira, duk mambah samodra, kang kaping sapta, yèku wêkasaning, lampah nèng udaya, mangkana lingira, 7. saulih ingsun, linggaran kaping sad, tan adarbe sêdya, mimba malih- malih, awit wus sêpuh, prelu amikira, nglêrêmkên sarira, lan ngong wus prasapa, tan arsa malih, marani bêbaya, kadi ingkang sampun, marma tan adarbe, pikir lènira, muhung sumêdyarsa, akêndêl kewala, nuju sajugari, 8. ngong nyênyuruhi, pawong mitraningwang, ambogadrawina, nulya batur mami, tur uning mringsun, ana dutanira, Sri Harun Alrasid, anakonkên mring ngong, sun sigra madêg, saka ing panggonan, atundhuk kalawan, carakèng nrêpati,