Girisa, lampah 16, pêdhotan 8-8
ring samodra andrêpati, cipta alêng matyèng ranu, 6.
lawan ngêmasi akanthi, kinaniaya ing ditya, wang atantun-tinantun, nglêkasi kang wus kapêsthi,
nulyana kanca sajuga, mituturi nora wênang, janmèku nglalu antaka, anyupêt umur priyangga,
7. marma sayogya binudi, mamrih ninglari rasêksa,
awit ta sampun amêsthi, madhêm ing kanca sadarum, akanthi panganiaya, kang karya giris manggragas,
ri wusnya mong manggih rèku, sun wahyakkên maring kanca, 8.
pamuwusingsun mangkana, andika sanak sadarum, kadi datan kêkilapan, yèn sami pan ing samodra,
kwèh wrêksa ywan kita sami, amiturut rêmbugingsun, suwawi akarya gèthèk, ingkang kinira kuwawi,
9. tinunggangan kwèhni
49
kanca, yèn wus rumanti pinrênah, anèng gêgisik kewala, manganti ing mangsanira,
kêni ing ngangge kang gêmbêng, sigra samya linaksanan, yèn ane nohaning tingkah, ing- [69]-kang arsa linampahan,
10. mamrih luwar sing raksasa, yoga akèndêl kewala,
nèng nuswa ke ngadhang-ngadhang, yèn ane palwa kaèksi, ingkang arsa angêntasa, ngong sakanca sing nuswèki,
upama tan lêbdèng karya, gupuh umêsat mring gèthèk, 11.
winawa mambah udadi, inggih lêrês nguwatosi, wit saking kirang santosa, nanging ciptaning wardaya,
sami-sami manggih taka, alêng pralayèng udaya, lan nèng wadhuking rasêksa, kang wus madhêm kanca kalih,
12. carita manadukara, rêmbug ngong ingkang mangkana,
sigra sami karya gindi, sajuga-sajuganira, ingkang kinira kuwawi, winotan janma tatêlu,
dan wangsul malih mring pura, ditya tan adangu prapta,
49
kwèhning
13. ingsun pan sampun anyipta, arsa non lalising rowang,
salah sajuga pinanggang, de pamalês ngong sakanca, mring panganiayèng ditya, kienta pratelanira,
ri wusnya yêksèku mangsa, rowang sun malih sajuga, 14.
wangwang anendra malumah, angorok lir sabên-sabên, rowang ngong janma sasanga, kang samya ambêk sudira,
tandya ngrênggêp sujèn wêsi, kapwa nyajuga sadarum, pucuknya samya tinunu, kongsi amarah tumulya,
15. tinamakkên netranira, saking lalu kraos sakit,
umadêg mangêrik-ngêrik, astanira suraweyan, ngukih mikut ngong samoa, arsa ginilut minangsa,
nging sun tangginas
50
umilag, asingidan nèng sasana, 16.
kang sun kira datan kêni [70] linêbêtan ing dityèku, dadya yêksèka kahuwan, wusnya gêmêt mangulati,
dangu-dangu sagèd manggih, dwarayèng sura amargi, dèn mèk-êmêki kewala, dyan mijil sarya sru mangrik,