Sikarini, lampah 17, pêdhotan 6-6-5
iya atinira, kang sinabdan muwus, pangucapingong, 5.
alêrês sadarum, duk ing ratri wau, ingsun akrama, nèng prajèng Kairo, ya ta sakwèhning wong, kang wus gumuyu,
sangkin sru gumuywa, myarsa pamuwusing, Bedredin Hasan, janma kang wyajnana, wau malih nabda, eling-elingên,
6. kang bêcik karuhun, yêkti sira ngimpi, dadi sirèku,
têgêsipun maksih, ya impên-impènên, Bedredin Hasan, anauri angling, manira tan liwung, salir wuwus ngong,
sayêkti sadarum, suwawi ta kula, kita jarwani, 7.
kadi paran lamun, ingsun angimpia, maring Kairo, jêr sayêktinira, manira anangka, malah-malah ngong,
lagi palakrama, pangantèn wanita, kongsi ping sapta, winawèng ngarsèngwang, sabên-sabên salin, busananira,
8. miwah ngong andulu, wong bucu drukanta, yun dhinaupkên,
lan graha manira, lan malih sun minta, sinurupêna, busananingsun sa-, mi wontên ing pundi, myang sêrbaningong,
tuwin kuji isi, arta mas nalika, ngong nèng Kairo, 9.
nadyan Bedredin Ha-, san, puguh mastani, yêkti wuwusnya, sakwèh kang rumêngya, tansah dènira gu-, muyu kewala,
lalu wèh kodhêngi-, ra Bedredin Hasan, tan buh pinikir, pinanggyèng wandanya [182] rèhning suwandagni, sampun sumuluh,
10. sapathikanira, Nararya Sèhriyar, Kèn Serah Sadhe,
kèndêl acarita, ratrinira malih, linajêngakên, pukulun Bedredin, Hasan maksih puguh, dènnya mastani,
lêrês kang inucap, wau sahadaya, sigra umadêg, 11.
yun mêsat mring kitha, sakathahing janma, samya tut wuri, prakatha nênantya, winastanan wiwal, tantara kathah,
kang sami tumonton, wênèh sing jênela, lèn aking dwara, ane kang anunggal, kang samya tut wuri, Bedredin Hasan,
12. tumutur asanti, winastan wong gingsir, nadyan tan uning,
nalarirèng ngarsa, Bedredin Hasan la-, lu kuwuring tyas, ya ta lampahira, têkèng ngarsaning wi-, smaning wong priya,
utsahanira a-, sade lêmpêr nuju, warungnya mênga, 13.
sigra dèn lêbêti, mamrih mahwal saking, janma kwèh wau, de kang sade lêmpêr, ing nguni dadya bèng-, goling durjana,
kang asring bêbegal, lampahing juragan, nadyan wus pindhah, wismanèng Dhamaskus, miwah amantuni, pakarti dhustha,
14. maksih kinawêsan, de janma kang uning, ing dhèwèkira,
marma kang tut wuri, mring Bedredin Hasan, dupi andulu, janma sade lêmpêr, sadarum umêntar, sowang-sowangan,
ri wusnya numilag, kang samya adulur, wong sade lêmpêr, 15.
tanya kathah-kathah, lèn ta kyan ranira, miwah kang bêkta, mring prajèng Dhamaskus, wangsulaning wuwus, Bedredin Hasan,
malèhkên têdhaknya, lan lalising yayah, [183] rêkyana patih, myang prawitanira, mentar sing Balsorah, rikala supta,
16. nèng makaming bapa, tangi pinanggih nèng, praje
92
Kairo, anangku akrama, wusana martakkên, kodhênging driya,
de ta kongsi angne
93
, praja ing Dhamaskus, tan wrin ing lampah, janma sade lêmpêr, anauri sabda, kata andika,
17. lalu karya gawok, yèn tuan andhahar, rêmbag kawula,
sakwèhning kang sampun, andika wartakkên, mring kula wau, ywa kongsi winêdhar-, kên mring sanèsira, kêdah darana,
manganti karsaning, Hyang Kang Maha Luhur, dènnya nirnakkên, 18.
kasudran andika, de sungkawèng driya, wus kasinggihan, kita ngong aturi, kèndêl nèng wismèngwang, sarèhning kula,
tan adarbe wêka, ywan sarju ing karsa, ngong alap suta, yèn wus panudyèng tyas, andika pan kêni, malayèng kutha,
19. tanpa singgan-singgun, wit kita tan myarsa, pangucap kadi,
92
prajèng
93
ane
kang sampun kalakyan, pamuwus mangkana nora dadyakkên, kaurmataning su-, tanirèng pêpatih, ewadene ta,
parêng wit tan ana, kang ginalih yogya, mung mangkonèku,