Sulanjari, lampah 20, pêdhotan 4-4-6-6 8-6-6
1. saking nuswèku anjog mring, pulo ing Komari, hringku wêdalannya,
kayu têgari prayoga, janmanya sadarum, samya tani-tani, tan anarsa nginum anggur, miwah anglampahi, ing pakarti dudu,
ana ing nuswa karwèku, krambil sun urupkên, mrica lan têgari, 2.
tandya ngong lan pra sudagar, mring panggènanira, umalap mutyara, mamèt janma juru silêm, kang ngruruh mutyara, ingsun kang mragadi,
kwèh antukira mutyara, samya gêng lan endah, sru sukèng tyasingwang, tumulya malih sun layar, prasiddha ing lampah, prapta ing Balsorah,
3. laju sumusuk mring Bahdad, kwèh antuk ngong arta, pêpayoning mrica,
têgari miwah mutyara, babêktan ngong saking, alinggaran wau, bathiningsun anyudagar, kang para sadasa-, nira ngong danakkên,
mring sakwèhning janma papa, kadi ulih mami, rikala ing nguni, 4.
ingsun asumêdya aso, anirnakkên payah, srana wijah-wijah, wusnyanti caritanira, Sinbad dan umatag, asung wang mas satus,
maring bêrah kyai Inbad, nulya pa-[101]-ra tamu, lan Inbad umantuk, nging samya winêling wangsul, ari benjing-enjing, kang para dhatêngan,
5. lawan bêrah kawuwusa, enjing samya wangsul, mring wismanya Sinbad,
wusnya sinugatèng boga, lir kang wus kalakyan, Sinbad mungarani, carita lampahanira, numilag kaping sad, nampakèng samodra,
pamuwusnya mring pra tami, andika sadarum, yêkti sêkunging tyas,
6. dahat samya yun udani, kadi pundi dene, ngong maksih adarbe,
kapti alinggaran malih, saksat ngruruh bahya, wit wus kajantaka, palwa drawatèng udadi, kongsi kaping panca, sun priyangga eram,
maksih ngèngêt-èngêt arta, eentaran malih, kadi-kadi kandhit, 7.
dening ing papêsthèningong, gyaningsun akèndêl, nèng Bahdad nagari, mung sawarsa laminira, nulya arumanti, yun umilag malih,
wandawa samya gendholi, ananging tan kêni, sun mêksa umangkat, tan mambah samodrèng Pèrsi, urut talatahnya ing Pèrsi lan Ngindhu,
8. praptèng palabuhan siki, nèng ngriku tumulya, manjat ing banawa,
kapitanira sumêdya, lêlampah alama, tumulya umangkat, dene dènnya alêlaku, sèstu kongsi lama, wêkasaning lampah,
katamaning pancabaya, wit kapitan lawan, juru mudhinira, 9.
samya datan wruh ing ngênu, taman wrining paran, nuju sajugari, ingsun sakanca sadarum, kagèt non kapitan, asru ing pamular,
anindya ajêlih-jêlih, sêrbannya pinocot, tumulya bina-[102]-nting, kumbala karuwuk-ruwuk, miwah murdanira, pinupuh pribadi,
10. pratingkah lir karuditan, êniring pambudi, ingsun lawan rowang,
aminta jinarwanan, prawitaning ngimêng, kapitan nauri, kita padha sumurupa, yèn panggonan ingkang, ngong ambah puniki,
pringganira gung pribadi, nadyan padha-padha, samodra tan ana, 11.
mapaki gorayèng wèsthi, ryaknira kabina, palwèki ing mêngko, katut winawa ing ngalun, tan kongsi antara saparapatan jam,
ingsun lan kita samoa, amanggih antaka, marma mêmujia, mring Gusti Kang Maha Luhur, muga tinêbihna, saka ing pataka,
12. tan kêna dèn mingkarani, yèn tan asih ing Hyang, wusira anabda,
kapitan sigra mangatag, anggulungi layar, sing sruning pracondha, sakwèh pusarèng banawa, rantas sahadaya, sinrang ing pawana,
palwa winawa ing ngalun, kèntar kongsi praptèng, sukuning ardyagung, 13.
kamantyan ing sungilira, kagêntuk dyan rêncêm, nanging tan patia, prawasanirèng giyota, ingsun lawan kanca, apan maksih bakit,
angungsèkakên ing ngumur, myang ngêntaskên sangu, kang pancèn binukti,
miwah barang dêdagangan, wusnya katulungan, sahadayanira, 14.
kapitan ika asanti, sakarsèng Hyang Widdhi, sayêkti kadadyan, heh kancaningsun sadarum, praptanta ing ngriki, uwus datan ana,
kang pinikir malih-malih, muhung sami karya, kubur sowang-sowang, lan sami andum basuki, ing salaminira, sabab ta ing ngriki,
15. sasananirèng antaka, sakwèhning manuswa, kang wus kaja-[103]-ntaka,
rura palwanira ringke, tana bisa mulih, maring wismanira,
lingnya kapitan mangkana, lalu ika mawèh, ngênêsing tyasingwang, miwah kanca sahadaya, dyan kayuh-kinayuh, sarya sru karuna,