Bangsapatra, lampah 17, pêdhotan 4-6-7

sadèrènging, muryani carita, datan sagêd nahênkên, kêdah mijil, pamuwus kawula, kadi katarèng nitya, 7. ywan kataman, ring gandrung tyas mami, atari wuwus ulun, adhuh tuan, kang manis pamulu, atmèngwang kula dahat, tan darana, yun uninging jarwa, prakara kang karyèram, kadulu duk, tumamèng kithanta, sru sêkung wruh ing nalar, 8. etunira, pamintèngong mugi, pinurwaa tumulya, sinêrêpna, de kantun pribadi, anunggil lawan janma, ingkang pati-,nira taman kaprah, Rêtna Seherah Sadhe, kèndêl crita, turnya ri Sri Riyar, Gusti mangke wus rina, 9. Sang Sèhriyar, anulya umadêg, karsanya ratri malih, yun myarsakkên, lajênging carita, ratri Seherah Sadhe, dumugèkkên, turing Sobehidhe, mring Sri Harun Alrasid, dupi amba, mucap kang kadyèka, janma mudha nauri, 10. kusumayu, pujinta ing wau, kang kapyarsa ring mami, anelakkên, yèn andika uning, mring Gusti Kang Sajati, mangke sang dyah, badhe miyarsakkên, critèng prakawis iki, kang kalakyan, saking karuhuran, miwah kawasèng Suksma, 11. wruhanta sang, dyah kitha punika, krajaning praja agêng, kang umadêg, ratu sumarmèng-[15]-wang, de bapa lan wandawa, myang pra dasih, gung alit sadarum, samya pranatèng agni, lawan malih, nêmbah ratuning jim, kang murtad ring Hyang Widdhi, 12. juluk Nardhon, nadyan yayah rena, ngabêkti ring dahana, inggih ugi, wontên bêgja ulun, rikala maksih alit, kang amomong, ring amba janmèstri, lalu putusing Quran, lawan bakit, anapsiri lafal, turira mring kawula, 13. asring-asring, mangkana lingira, pangeran kawikana, lamun muhung, Allah Kang Sajati, punika ingkang wajib, tuan sêmbah, ywa pisan nganjali, maring jinis lenira, ngong winulang, ngaos sastra Arab, myang sinungan pustaka, 14. amot kojah, mamrih ngong bakita, anggêgulang priyangga, dupi sampun, ulun ngangkat sagêd, tandya ngong winrêdènan, kwèhning ghaib, kasêbut jro Quran, kongsi limpading ngèlmi, yayah rena, myang janma lènira, datar ana udani, 15. salalising, wanita pamomong, ulun wus datan samar, ring kawruh kang, wajib ngong wikani, margi saking punika, wus têtela, pinanggyèng tyas ulun, ing kanyataanira, gama Turki, ngong tansah mapanggah, ngèstokkên ing wêwulang, 16. kongsi lalu, ewaning wardaya, mring jim kang nama Nardhon, myang nir drêdya, pranatèng dahana, prapta ing waktu mangke, watara wus, ane sing tri warsa, jroning kitha puniki, wontên swara, sru dya kapiyarsa, saking têtelanira, 17. kwèhning janma, pan sami rumêngya [16], itinajaring swara, heh sakèhe, janma praja ring ke, maria angabêkti, mring jim Nardhon, myang nêmbah puyika 17 , pranataa ring Gusti, sawiji kang, sipat kawêlasan, jroning tri warsa wau, 18. swarèku pan, karêngya kaping tri, nging tan wontên kang tobat, tandya nuju, sajuganing ari, wêkasaning tri warsa, kwèhning janma, jroning 18 prajèki, dadya sela sadarum, nging wujudnya, sahadaya maksih, kadi duk gêsangira, 19. rama prabu, apan inggih ugi, katamaning pataka, dadya sela, cêmêng warnanira, maksih anèng jro pura, ibu sori, inggih warni aryas, muhung kula pribadi, ing kataman, binêndon Hyang Suksma, wiwit ing waktu ika, 20. panggah miwah, sangkin ing panêkung, bêktyèngong ring Hyang Suksma, ciptaning tyas, prapta andikèku, saking karsaning Widdhi, marma kula, sukur ring Hyang Agung, wit dumunung ing sana, lalu sonya, kang kadya punika, sru mawèh sungkawèng tyas, 17 punika 18 sajroning

7. Swandana, lampah 20, pêdhotan 7-7-6

1. kataning janma mudha, lan têmbungnya wêkasan, wèh kasmaran ulun, mring kang mêdhar carita, amba nauri angling, pangeran praptèngong, wontên praja ing ngriki, sampun têtela saking, karsaning Hyang Suksma, supadi kitantuka, sarana sagêd mentar, sing don kasêkêlan, 2. yèn tuan andulua, palwa kang ngong tumpaki, saèstu udani, yèn ngong nèng prajèng Bahdad, adarbe kasugihan, kula cumanthaka, naosi wêwangunan [17], mring tuan nèng wismamba, dèn kongsi kawruhan, mring buminatèng Turki, yêkti anyungga-nyungga, dhumatêng paduka, 3. sri narendra ing Turki, wau kang dèn purani 19 , nagari ing Bahdad, samangsèku udani, lamun andika rawuh, ane prajèng Bahdad, yêkti angatingalkên, ywan dhangan atêtulung, mring andika pangran, angling karaya dian, tuan sagêd nèng ngriki, ing salaminira, 4. wit sakwèh kang kadulu, karya èliking driya, banawa sumangga, ing sakarsa paduka, sang raja sunu datan, lêngganèng panantun, ing saratri punika, agosthi wong kêkalih, bab angkat kawula, mring palwa lan sang pangran, dupi byar dan atatya, saking ontapura, 5. umahas mring muara, gèn kèndêl ing banawa, pinanggih lan kadang, rencang miwah kapitan, ingkang angêrèh palwa, sadarum kang wau, atyanta sandeyèng tyas, dhumatêng ing kawula, wusnya kadang kalih, kawula têpangakên, kalawan raja siwi, ulun nyarioskên, 6. sumarmèng datan bakit, uwangsul maring palwa, rikalaning wingi, miwah umasung warti, gyan kawula acundhuk, lawan raja putra, nguni wèh pataka gêng, pinanggyèng kithanira, kang anglalu raras, abdi jroning banawa, sami kawulagnyani, mêdalkên sakwèhning, 7. kang barang dêdagangan, lan ngusung rajabrana, salêbêting pura, 19 parani ingkang nama sêsotya, kancana myang salaka, winoting palwamba, de rêrêngganing pura, kang tatur sahadaya, pan sami tinilar, wi-[18]-t tan kêni dinunung, salêbêting banawa, dènnya mangusungi, 8. kongsi sawatarari, yèn sakwèh rajabrana, jro kadhaton wau, winawaa sadarum, mring nagari ing Bahdad, yêkti kêdah kathah, baita kang winotan, ri wusira kang palwa, momot pèni-pèni, sasênênging pamilih, ulun sigra parentah, mangrêrah udaka, 9. kinarya sangwèng ngênu, de babêktan kawula, sing nagri Balsorah, ingkang nama têtêdhan, maksih kathah sesanya, wangwang samya mancal, antuk angin prayogi, Rêtna Seherah Sadhe, dupi dènnya crita, têkèng samana kèndêl, wit wus tatas rahina, Sri Riyar umadêg, 10. tan mawi angandika, nanging ciptaning driya, dahat sêkung yun wruh, lajênging criyosira, Kusuma Sobehidhe, bab prabu taruna, kang wus luwar sing unêng, ratri Seherah Sadhe, dumugèkkên kata, turira Sobehidhe, mring Prabu Run Alrasid, pukulun kawula, 11. kalawan Prabu Jaka, miwah kangbok kêkalih, sabên-sabên ari, sami ginêm wiraos, kalayan sênênging tyas, nanging têpang ulun, lawan nata taruna, botên kongsia lami, pamatawis amba, kadang kawula èstri, samya wiwekèng driya, non pitêpang ulun, 12. lawan sang raja siwi, nujwèng sajuga ari, kangbok kalih tanya, mring ulun èsmu runtik, mangkana wuwusnira, Prabu Jaka iku, paranta karsanira, yèn wus prapta ing Bahdad, amba angloci-[19]-ta, dènnya tanya kadyèka, mung saking yun udani, ing kapti kawula, 13. marmi ulun nauri, sasêmbranan kewala, yèn sang raja putra, cawangan laki amba, wangwang prabu taruna, ulun tolih miwah, amba muwus mangkana, pamintèngong pangeran, parênga ing karsa, dados laki kawula, yèn wus prapta ing Bahdad, wandêngwang sumangga, 14. ing karsa sang binagus, dadosa cethi nêdya, andasih mring tuan, Prabu Jaka nauri, dhuh kusumaning adi, ngong tan sagêd ngira,