Nagakusuma, lampah 18, pêdhotan 6-6-6
inggih pinarcaya, ing waktu mangke pan, tana janma sêtya, palastraning Sinbad, ngong uning pribadi, sakwèhning kang numpang,
ing banawaningsun, samya non sadarum, kadi pundi tuan, 3.
têka kumawani, ngangkên nama Sinbad, pandulwèngsun kita, janma alim nanging, ciptèngong andika, linyok ing wacana,
mêhêng saking ngintya, antuk barang kathah, kang dede darbèknya, ingsun anauri, dèn sarèh sadhidhik, rumêngyèng turing ngong,
4. kapitan anabda, paranta kang arsa, andika wahyakkên,
ingong yun miyarsa, wangwang sun angandhar, marginira luwar, saking pancabaya, miwah duk acundhuk, lawan gamêlira,
Sang Prabu Mitra Ghês, tuwin duk sumiwi, maring kênya pura, 5.
kapitan awêlas, miyarsa carita, ing wusananira, tan andoparakkên, wit ane rowangnya, kang munggwing banawa,
prapta lan tan indung, umiyat ring mami, samya mratelakkên, arsèkanang driya, tundhuk malih lan ngong, samya mandanayu,
6. dangu-dangu nulya, kapitan tan samar, mring sun gya angayuh,
lingira mangkana, ngong sukur ring Widdhi, de kita pinanggih, maksiha basuki, sampun luwar saking, pancabaya agêng,
arsanèng tyasiwang
35
, wit saking puniku, tan kêni iniwên, 7.
lah barang punika, rèhning wajib kita, muga tinampana, ingsun wus apasrah, sumangga ing karsa, wusnya ngling mangkana,
sru tarimaningsun, miwah ingong ngalêm, dènirambêk sêtya, saking ayun malês, tandya ngong ta-[53]-wani, barang sawatara,
8. nanging datan apti, kapitan nampèni, nulya dêdagangan,
kang adi pramati, ngong pilihi katur, Sang Prabu Mitra Ghês, rèhning sri pamasa, wrining pancabaya, pinanggyèng wandèngwang,
etunta andangu, antuk ngong sing pundi, barang adi anèh, 9.
ngong ngaturkên crita, margining pinanggih, dêdagangan wau, sri suka miyarsa, pisungsung katampèn, sun sinung lintunya,
35
tyasingwang
samya adi-adi, ngungkuli darbèk ngong, wangwang ingsun pamit, manjat mring banawa-, nira ki kapitan, nging sadèrèngira,
10.
umunggah mring palwa, dêdagangan samya, ngong ngurupkên barang,
pamêdaling nuswa, Kassal warni cêngkèh, têgari kêningar, mrica jahe pala, lampah ngong nglintangi, nuswa kêh anulya,
prapta ing Balsorah, laju maring Bahdad, umawa dagangan, 11.
watara pangaji, sakêthi uwang mas, kadang kadeyan ngong, manggihi sadarum, sun mêdhar sukèng tyas, kang amrasandhani,
sêtyaning pamitran, nulya ngong atuku, amad jalwèstri kwèh, myang siti wayoyya, akarya wisma gêng, ngong gèni pribadi,
12. prasiddha awisma, nèng praja ing Bahdad, nêdya anglilimut,
sakwèhning kasudran, kang wus pinanggyèngong, menakkên linggana, Sinbad wusnya crita, ngatag mring niyaga, ginwal kanang gangsa,
wit sadangunira, carita sinuwuk, dènnya sami nadhah, 13.
miwah andrawina, kongsi têkèng sore, dupi sampun prapta, ing mangsa umantuk, Sinbad kèn umasung, arta maring Inbad,
sakuji kèhira, sa-[54]-tus uwang êmas, atari lingira, tampanana iku, ing mêngko muliha, dina benjang-enjang,
14. abalia ringke, amiyarsakêna, tutuge katèngong,
bêrah dyan umulih, lalu kewraning tyas, dènnya gung sinonta, miwah ta ginanjar, sapraptaning panti, rabi sutanira,
sami winartanan, kapwa sukèng driya, sukur ring Hyang Suksma,
15. de sinungan laba, margi saking Sinbad, enjang kawuwusa,
Inbad asawega, asri busananya, angungkuli kang wus, tumulya numilag, mring wismaning Sinbad, tustha amanggihi,
pratamèng panganggêp, dupi pra suruhan, sampun samya prapta, 16.
dhaharan tinata, mungguh ing pan aji, pandangu antara, dènira abukti, wusnya aluwaran, Sinbad anênantya,
mring para dhatêngan, andika sadarum, ngong turi myarsakkên,
lêlampahan kula, kaping kalihira, yogya kawikana, 17.
angungkuli kang wus, winahya ing nguni, pra tamu umênêng, Sinbad mungarani, carita rikala, nampakèng samodra,
kaping kalihira, mangkana dêlingnya, saulih ngong linggar, nyudagar ping siki, sêdyaning sun arsa, sênêng adêdunung,
18. nèng praja ing Bahdad, kadi ingkang sampun, ngong sojarkên wingi,
nging tantara lama, nir jênêkaningwang, ngêndhêm anèng wisma, sumêdya nyudagar, malih kadi kang wus, umambah jaladri,
wangwang ngong atuku, barang dêdagangan, kang sakira yogya,