Sikarini, lampah17, pêdhotan 6-6-5
wusnya ngong winartan, carita kèh-akèh, sigra winawa, 4.
mring banawanira, kapitan arsyèng tyas, cundhuk lan ingong, awêlas rumêngya, lêlampahaningwang, nulya umangkat,
mung sawatarari, nampakèng udaya, tumulya prapta, ing palabuhaning, kutha gung sajuga, kwèh wisma gêdhong,
5. samya agung-agung, de ing palwa ingkang, ingsun nunuti,
kwèh juragan numpang, ane sawiji kang, atêpung bêcik, kalawan manira, ngong pinurih milwa, ing lampahira,
mring wisma gêng siki, dahat yoga kinar-, ya pawangunan, 6.
mring para sudagar, kang saking lèn praja, ingsun sinungan, bagor gêng sajuga, nulya tinumutkên, ring wong jro kutha,
kang samya umawa, bagor anyawiji, kadi darbèk ngong, de janmèku pakar-, yanira sadarum, malap kalapa,
7. ngong pinasrahakên, pinrih tumutura, wuwusnya mring sun,
kita barêngan, janma kwèh puniku, awit kuwatir, yèn mentar pribadi, dyan ngong binaktanan, sangu binukti,
pêpancèn sahari, sun sigra numilag, praptèng wana grêng, 8.
kwèh witnya kalapa, gung-agung ngaluhur, galugunira, kamantyan alunyu, tan kêni inanjat, pinèt wohira,
sêdyèngsun lan kanca, bêbarêngan wau, yun mèt karambil, ngisèkkên ing bagor, ing wanèku kathah, rewandanira,
9. agêng miwah alit, duk myat ngong lan kanca, samya lumaris,
umanjating wrêksa, kalapa amêncit, lalu cukatnya, ing pamènèkira, angeram-eramkên, Seherah [99] Sadhe,
yun lumajwèng kata, kapalangan wus byar, ratrinya malih, 10.
dumugèkkên kata, turira mangkana, Sinbad umojar, rowang ngong sadarum, samya malap sela, binalèngakên,
ing sarosanira, ring wre ingkang samya-, nèng witing klapa, ingsun ya umalap, aryas niru kanca, sakwèhning kapi,
11. mêthili kalapa, binalangkên misor, rèh pambalangnya,
kwastara yèn krodha, kalapa kang tiba, samya inalap, nitya binalangan, ing sela amurih, bramatyaning wre,
ingkang manawati, karambil sing ruhur, upayaning de, 12.
kang mangkana iku, akarya kêbaking, bagor manira, myang bagoring kanca, aisi kalapa, upamanira,
nora dèn sranani, binalangan wau, kadi tan polih, kalapa sajuga, dupi bagoringsun, lan sakwèh kanca,
13. wus kêbak sadarum, dyan wangsul mring kitha, antuk ngong krambil,
samya tinumbasan, maring ki sudagar, kang mawèh rêmbug,
ngong pinrih mring wana, dana anlingira, kita banjurna,
pakaryanta iku, umalap kalapa, ing sabên ari, 14.
drapon antuk arta, cukup kinaryaha, umbaling palwa, gyan andika arsa, mulih mring prajanta, agung trimèngwang,
maring ki sudagar, wit dènira asung, rêmbug prayoga, dadya sabên ari, ngong mêsat mring wana, umalap krambil,
15. pan kongsi akathah, antukingsun arta, payoning ngênyu,
de banawa ingkang, ngong nunuti wau, sampun umangkat, amomot kalapa, dènnya pra juragan, sami atumbas,
nèng praja ing ngriku, ingsun angêntèni, praptaning palwa, 16.
ing saliyanira, [100] sêdya ngong momoti, wohing kalapa, tan antara lama, ane palwa prapta, nulya sakwèhning,
kalapa antuk ngong, saking wana wau, ingsun unggahkên, mring palwa sadarum, ri wusnya samapta, arsa umancal,
17. ngong andum basuki, lawan ki juragan, kang asung rêmbug,
sayoga maringsun, awit ki sudagar, ika tan bakit, barêngi lakwèngong, marga dèrèng rampung, prakaranira,
ingsun sigra layar, andumonèng nuswa, gèning mrica kwèh,