Kuswalalita, lampah 23, pêdhotan 5-6-6-5
natèng Sèrèndhit, ingkang kawuwusa, dahat adilira, sakathah ing khakim, 4.
sajroning kitha, lèn sajawinira, kang kalêbêt tala-, tah nuswèng Serendhit, sadaya sami, kekah adilipun, tang wontên kang mingkêd, saking wajibira,
Sang Prabu Harun, sru kacaryan myarsa, ing caritaningsun, pangandikanira, mungguh kawica-, ksanannya narendra, ing nuswa
Sèrèndhit, apan wus têtela, [115] 5.
saking surasa-, ning pustakanira, winimbuhan dening, kandhanira mau, nyata sayoga, ratu wicaksana, kang mangkono iku, amêngkua dasih,
pantês rinatu, wusnya sri pamasa, ngandika kadyèku, dyan kondur mring pura,
ngong dhinawuhan, mulih sarta sinung, ganjaran akathah, dupi sampun tamat,
6. Sinbad katanya, kang para dhatêngan, lèn bêrah Ki Inbad, samya pamit
mantuk, ananging Inbad, sininungan malih, uwang êmas satus, enjingira wangsul,
mring wismèng Sinbad, nulya cinriyosan, lêlampahanira, duk mambah samodra,
kang kaping sapta, yèku wêkasaning, lampah nèng udaya, mangkana lingira,
7. saulih ingsun, linggaran kaping sad, tan adarbe sêdya, mimba malih-
malih, awit wus sêpuh, prelu amikira, nglêrêmkên sarira, lan ngong wus prasapa, tan arsa malih, marani bêbaya, kadi ingkang sampun, marma
tan adarbe, pikir lènira, muhung sumêdyarsa, akêndêl kewala, nuju sajugari,
8. ngong nyênyuruhi, pawong mitraningwang, ambogadrawina, nulya batur
mami, tur uning mringsun, ana dutanira, Sri Harun Alrasid, anakonkên mring
ngong, sun sigra madêg, saka ing panggonan, atundhuk kalawan, carakèng
nrêpati,
sojarning duta, sun angêmban agnya-, nira sri pamasa, kita tinimbalan, 9.
ane karsanya, mangagnya mring sira, tandya ngong tut wuri, lampahing caraka,
mêsat mring pura, kerid ngarsèng prabu, ngong sujud nungkêmi, padaning nrêpati,
sri nata nabda, Sinbad ingsun mundhut, karyanta kang mêsthi, sira lêksanani kita aturna, wêwangsulan miwah, pisungsung manira, [116]
mring natèng Sèrèndhit, 10.
karana iya, ing panggalih ingsun, yogya sira ingkang, umawa wangsulan, pakurmatingong, sabdèng sri puniku, upama lir kêtug, tumiba
wandèngwang, atur manira, pukulun sandika, lumaksanèng agnya, nanging pamintamba,
wontêna karsa, paduka anggalih, yèn lalu asayah, kawula sang katong, 11.
amargi manggya, sangsayaning lampah, kalamba linggaran, mambah tasik nguni,
lan malihira, ulun wus prasapa, tan arsa umimba, malih saking Bahdad, nulya ngong ngandhar, sakwèhing lêlakon, duk ing nguni-uni, sri
narendra sabar, amiyarsakkên, sataming carita, nararya manabda, nyata anindyèlok,
12. katanirèku, ananging ta mungguh, karsaningsun mau, aywa sira mikir,
sangsara kang wus, pinanggyèng raganta, agnyaningsun iki, sira lakonana, kita mentara, mring pulo Sèrèndhit, anglêksananana,
karsaningsun mau, yèn sira uwus, lumaksanèng pakon, ngong lilani banjur, umulih kewala,
13. tan kêna ora, umêngsata, sabab ing pamikir, ana ing sirèku,
bakal ngêsorkên, kaluhuraningwang, yèn ingsung kongsia, kapontangan bêcik,
mring natèng Srendhit, nêngna linging nata, rèhning pawawang ngong, puguh karsanira,
sun nyandikani, lumaksanèng agnya, sri lalu sukèng tyas, dhawuhkên parèntah,
14. masungi wang mas, sewu mring manira, sumurup kinarya, wragading
lingaran, tantara lama, gyaningsun sawega, dupi pisungsung lan, pustakèng
narendra, wus kaprah mring ngong, nulya sun amangkat, du-[117]- monèng Balsarah anangku tumulya,
manitih palwa, prasiddha ing laku, praptèng nuswa Srèndhit, tundhuk dasih katong,