Saprêtitala, lampah17, pêdhotan 6-6-5

kula anamtokkên, gêng dosa andika, Bedredin Hasan, anauri sabda, datar ana pisan, dosa kawula, sumarmaniranèh, sarta gujêngakên, muhung sade tar, 6. tan ngong wèhi mrica, sang dèwi sumambung, lèn sru [225] gumuyu, yèn mangkana èstu, dahat tan alêrês, panganggêping wong, dhumatêng paduka, kang liningan mojar, wit saking sisip, gyan kula kaya tar, tan sinungan mrica, sadarbèkingwang, 7. kang pinaggyèng wisma, nguni wèh ing warung, samya rinêmpak, rinêncêm samoa, ngong dyan pinusara, lèn pinarsada, dinunung jro pêthi, dahat putêking tyas, kongsi pangraos, samêne mong maksih, nèng sajroning pêthi, puwaranira, 8. kang syardda maring wang, kadyèka dhatêngkên, undhagi siki, pinrih mangde pathok, arsa kinaryaa, ngugêr kawula, de sukur manira, ing Hyang Maha Suci, wit sadayèku, mung impèn kewala, Kèn Seherah Sadhe, umyat wus rina, 9. kèndêl acarita, Sri Riyar, tan bakit, anahên gujêng, rumêngya lingira, Bederedin Hasan, wit lampahannya, sinidhêp sadaya, supêna kewala, andikanira, sok wong ngêngarani, bêcik caritèku, ingsun namtokkên, 10. yèn Samsidin Muha-, mad lan kadang ipe, ing dina sesuk, yêkti wijah-wijah, Serah Sadhe matur, sri narapati, kang arsamba turkên, ari benjang-enjang, inggih puniku, manawi paduka, maksih karsa asung, gêsang mring ulun, 11. nararya umadêg, tan mangsuli sabda, nanging tan dêrwya, èndria lènira, mung ngarsa gêsangi 109 , mring Serah Sadhe, sadèrènging rina, sang dyah sampun wungu, matur ring nata, gusti sadalwèku, Bederedin Hasan, tan jênjêm tyasnya, 12. dè-[226]-nira anendra, ring sapangu-pangu, tangi kewala, locitèng wardaya, apa ingsun mêlèk, tuwin ngimpia, 109 gêsange wit dèrèng pracaya, mring kanohanira, saking yun uning, ing kayêktènira, gubah ing paprêman, sigra winingkis, 13. julalatan miyat, kamar wuwusnira, panyiptaningong, èstu nora korup, yèki kamar nguni, kang sun lêboni, rikalane ingsun, kinarya liruning, pakathik bucu, supta lan wong ayu, iku ingkang arsa, dhinaupakên, 14. lan wong bucu wau, apan ta kongsi byar, Bedredin Hasan, maksih sandeyèng tyas, anulya kang uwa, rêkyana Patih, Samsidin Muhammad, prapta dhodhog kwara, arsa lumêbu, mandana yu mring si-, ra Bedredin Hasan, pulunanira,

79. Girisa, lampah 16, pêdhotan 8-8

1. Bedredin Hasan sru kêrdyat, mulat Samsidin Muhammad, wit nguni wus tau uning, ananging rêkyana patih, awanèh golakanira, datan kaèksi ngajrihi, kadi rikala mêmatih, ngêtrapkên ing ukum kisas, 2. Bedredin Hasan amuwus, dhuh de punika paduka, ingkang mangèsi mring ulun, arsa pinidosèng pati, kongsi samêne pan maksih, mangrêrêsi ing tyasingwang, tur sisip kawula muhung, karya tar tanpa mariyos, 3. kya patih suka gumuyu, rèhning nguni wus winartan, têkapirèng gamêl bucu, dadya darbe panggrahita, yèn lêlampahaning pakra-, mènira ingkang tanaya, kalawan pakathik bucu, sing karti upayaning ji-[227]-m, 4. liniru Bedredin Hasan, marma winardi sadarum, mring pulunanira mamrih, nira liwunging wardaya, lawan malih winahyakkên, duk manggih pemutanira, arinta Nuridin Ali, yèku ingkang asung wikan, 5. yèn Bedredin ulunani, rakyana patih pribadi, marma mentar sing Kairo, maring praja ing Balsorah, saking ngarsa nungsung warti, mring sira Bedredin Hasan, lingira nayaka waktra, sarya mêngkul mring pulunan, 6. heh Bedredin sutaningsun, aksamanta ingong pinta, de mangèsi marang sira, ing nguni prayojanèngwang, sirarsa ngong wawa mulih, dhihin ing sadurungira, nyurupkên kang bakal dadya, iya ing kanohanira, 7. ciptaningsun ing saiki, yêkti sangkin arsyanira, wit wus nandhang sru kasudran, biratên sungkawanira, dènira kataman papa, balik sira abungaha, wit dening tinundhukakên, lan kang sih trêsna ing sira, 8. lah ta sira busanaa, ngong awarah ibunira, wit lalu sêkunging driya, arsa angayuh mring sira, tanayanta priya ingkang, kita dulu nèng Dhamaskus, kang karya sumêdhoting tyas, sira tan wrin sumarmanya, 9. iyarsa sun wawa mriki, ya ta Bederedin Hasan, lalu arsèkanang driya, taman kêni winirasa, duk panggih lan rena miwah, tanaya kang mangran Agib, sru mawanti akayuhan, pracihna dahating drêdya, 10. ibu mêdhar kwèhning lampah, mêlas asih piniarsa, lèn martakkên unanging tyas, wit lami kesah ing wêka, Agib mangkya tan anyêngkah, pamêngkulirèng sudarma, kadi yayanèng Dhamaskus, [228] malarta botên akêmba, 11. dènira ngayuh mring yayah, ciptèng tyas Bedredin Hasan, maksih kirang dènnya mrasa-, ndhani ing sih trêsnanira, mring ibu miwah mring siwi, sadangunira panggihan, Patih Samsidin Muhammad, mring pura sumiwèng katong, 12. ngaturkên nohaning lampah, sri suka miyarsakakên, cariyosira kya patih, dyan mangagnya anêrati, supadyèku inimpuna, kalawan babading praja,