Sasadara Kawêkas, lampah 20, pêdhotan 7-7-6 [192]

nguni endriyèng prabu, renanta yun kinurên, antuk gamêl bucu, nging ibunira nuli, wor lulut lawan êjim, kang mêngkono iku, 8. jamak kewala karya, jibêging driyanira, etunta puniku, minangka apamulang, dèn yoga pamêngkuhmu, maring pra kancanta, ywa kadi kang kalakyan, Rêtna Seherah Sadhe, mangaksi wus rina, kèndêl dènnya carita, ing ratrinira malih, lumaju ing kata, 9. turnya mring sang siniwi, gusti Agib sru monèng, awit cineddhanan, de kancanira ngaji, anindya runtikira, mantuk sarya mular, dumonèng pathikaning, ibu sang rêtna ayu, kagyat myating sunu, prapta tawan udrasa, dinangu prawitanya, Agib anauri, 10. mênggah-mênggah turira, saking dahat mangarang, sarya sênggruk- sênggruk, kongsi datana urut, nalar sumarmèng giyuh, wusnya ragi mantun, dènira kasêsêgên, matur ring ibunira, ibu kula mugi, paduka jatènana, sintên kang yogèng ulun, wangsulaning ibu, 11. kang yoga ing sirènggèr, tan lèn rêkyana Patih, Samsidin Muhammad, ingkang sadina-dina, amêngkul marang sira, Agib anauri, ibu pangandikanta, sayêkti datan walèh, Samsidin Muhammad, dede sudarma ulun, yèku rama andika, kang [194] yogamba pundi,

67. Madurêtna, lampah 12, pêdhotan 5-7

1. nêngna turira, Agib sang rêtna ayu, kadêlyaning tyas, duk ratri panggihira, malad duhkita, wit kapugutan ing sih, anuju lagya, kinurên dan inilan, 2. pêkikira Be-, dredin Hasan kawangwang, sang dyah udrasa, sadangune karuna, lan atmajanta, rêkyana patih prapta, tanya kang dadi, prawitaning pamular, 3. kusumaning dyah, martakkên kalanira, Agib kaèrang-, kên anèng pamulangan, rêkyana patih, lalu unanging driya, malya karuna, dahat anyuh prananta, 4. awit rumaos, kwèh janma monang-ngonang, awoning siwi, saking sruning wiyoga, kya patih sigra, tumamèng kênyapura, sumiwèng ngarsanira, sri narapati, 5. wusira sujud, mangraupada aji, darbe paminta, kalilana linggaran, maring Balsorah, mangruruh pulunannya, atmajèng antên, mangran Bedredin Hasan, 6. awit tan bakit, nahênkên amiyarsa, lokaning janma, ingkang wisma jro kitha, ywan sutanira, sinanggaman ing êjim, mangunêngani-, ra Samsidin Muhammad, 7. mawèh trênyuhing, tyasira sri pamasa, dadya linilan, pamintanirèng patih, sarta winawan, srat katur sri bupati, prajèng Balsorah, nguni wèh mring priyagung, 8. nagari hringku, lamun Bedredin Hasan, pinanggyèng paran, patih linilan mawa, Samsidin Muha-, mad sru panuwuning tyas, mring sihirang sri, pan kongsi kirang têmbung, 9. dènira arsa, mêdhar panrimèng kalbu, tumulya malih, su-[195]-jud ngraupadaji, muhung udrasa-, nira mangka pracihna, gung panrimèng tyas, wusana kyana patih, 10. pamit yun linggar, sri nata mêmujèkkên, prasidèng lampah, duk patih praptèng wisma,