Gandakusuma, lampah 24, pêdotan 6-6-6-6
manon sang binagus, Kèn Seherah Sadhe, dènira carita kata, akèndêl samana,
5. dening wus rahina, ratrinira malih, lumaju ingkata, mangkana turira,
pukulun kya Patih, Gyafar dumugèkkên, cariyosirèku, turnya mring Sri Harun,
Agib kawismaya, myarsa ling kadyèku, anauri wuwus, ascaryanta mring wang,
kamoran dêgsura, marma ngong tan ayun, mangsuk mring wismanta, kajaba yèn kita,
6. arsa aprajangji, kalawan supata, yèn tan malih tut wu-, ri saulih ingsun,
sing wismanta hringki, yèn kitarsa jangji, kadya mêngkonèku, miwah anuhoni,
ing patêmbayanta, besuk-esuk ingsun, maluywa mariki, apanggih lan sira, samangsane eyang, kya patih têtuku, kang arsa dèn turkên, mring sri
natèng Mêsir, 7.
Bederedin Hasan, anauri wuwus, kularsa mituhu, èndriyanta iku, dyan Agib lan abdi, pamomong kabincih, tumamèng warungi-, ra
Bedredin Hasan, sinugata êtar, mawi lêlangiting, puhan ecanira, kadi kang karuhun,
kang pinatamokkên, Agib anênantya, mring Bedredin Hasan, kita : alungguha,
8. cêdhak lan manira, barêngan aboga, kang liningan nurut, ri wusira
lênggah, yun mêngkul mring Agib, mintonkên arsyè
101
tyas, wit ngacaran lunggwan,
jèjèr sandhingira, Agib nyêngkah muwus, trapira têpungan, sada anaranyam,
bok mênêng kewala, marêma andulu caturan lan ingsun, kang liningan mèstu, wangwang angrêrêpi,
101
arsyèng
9. dènira angapus, dadakan ke-[208]-wala, wirasaning rêpèn,
ngalêmbanèng Agib, Bedredin Hasan da-, tan milya abukti, muhung nglêladèni, taminya
kewala, dyan naosi warih, kinarya wêwijik, lèn sap tangan seta, nulya asung ranu,
inuman mring Agib, pan tirta argulo, lingira mangkana, sumangga punika,
10. uda kaèrwara, andika tampèni, surasa ngungkuli, ing sêsaminira,
jro kitha ing ngriki, Agib anampèni, lan garjitèng driya, wusira dèn inum, tuwung winangsulkên, mring Bedredin Hasan, sinungkên mring abdi,
sambita kabincih, ing inum sadarum, tan asesanira, Agib lawan êmban, wusnya tuwuk nadhah,
11. sung panrimanira, mring Bedredin Hasan, saking sayogyaning,
pasugatanira, nulya mit yun mantuk, wit andungkap sontên, ya ta lampahira, wus
praptèng pakuwon, Agib andumona, unggyanirèng eyang, lèn ibu sang ayu, samyarsè
102
kanang tyas, andulu mring Agib, wit kadêlyan mring si-, wi Bedredin Hasan, tan bakit
nahên luh, 12.
kang wayah kinayuh, adhuh putuningsun, baya tutug kahar-, saning driyaningwang,
yèn ane kanoha-, ningsun bisa panggih, lan sudarmanira, si Bedredin Hasan,
tandya sami lunggwan, angêpang pan aji, arsa samya bukti, Agib pinrih lênggah,
sandhing eyangira, tinanya kwèh-akwèh, bab ingkang dinulu, duk lêledhang wau,
102
samyarsèng
13. lan pinrih kathaha, dènira anadhah, eyangira anawèni bogan êtar, amawi
langiting pêrês sandènira, akarya [209] pribadi, anindya surasa, awit sampun kondhang,
kawasisanira, yèn akarya êtar, munjuli kwèh janma, kang kawilang guna, pamomong kabintên, pan
inggih sinungan, nging rèhning wus kathah, 14.
dènnya samya bukti, ing wismèng Bedredin, dadya kêmba kewa-, la malah tan kongsi,
ika dèn icipi, Kèn Seherah Sadhe, dènira carita, katangguhan rina, marmanira kèndêl, ratrinira malih, dinumugèkkên, turira mangkana,
pukulun sang aji, Agib ngicipi itar
103
, pawèhning kang eyang, sêngadi tan eca,