Manggalagita, lampah 15, pêdhotan 8-7,

dadya tyas ulun diraya, sarêng kula cakêti, tan samar pangèksi ulun, janmèku samya sela, kawula tumamèng kitha, nampakèng lurung kathah, 4. kanan kerining 9 lêlurung, kathah janma kadulu, nging tan wontên ingang 10 mosik, awit sela sadarum, warung akathah kaèksi, wênèh mênga myang minêb, jro warung wontên janmanya, wus dadya aryas sami, 5. ulun andêdulu mubêng, tan wontên kukus kèksi, kang atatya saking wisma, ciptaning tyas kawula, dalasan kang nèng jro wisma, wus sami warni sela, ulun u-[9]-mahas prapta ring, panggènan juga asis, 6. kaprênah samadyèng kitha, mulat wiwara agêng, rinêngga ing mas ginèpèng, inêbnya sami mênga, linangsèhing sutra adi, saruhuring gapura, apanta sinungan pandam, nyipta inggih punika, 7. gapuraning kênya pura, wontên kang madêg nata, nging kang karya gawoking tyas, sadangunya lumaris, kongsi prapta dwarèng pura, datan amarangguli, janma sajuga kewala, pangarsa-arsa ulun, 8. yèn praptèng jro ontapura, yêkti kapêthuk janma, ulun tumamèng wiwara, pangunguning wardaya, umulat èmpèr sajuga, nging tan wontên kaèksi, muhung kewala wong tênggak, wontên lênggah myang madêg, 9. ane kang lagya tilêman, nging warni sela sami, lampah kawula dyan prapta, ring sasana awiyar, akathah janma kadulu, wontên ingkang asêmu, kadi lagya alumaris, wênèh lir mêntas prapta, 10. ananging tan mingsêd sing gon, inggih wus dadya sela, 9 keringing 10 ingkang kadi kang sampun winuwus, lampah kawula kongsi, ngamba 11 sasana asis tri, samya sonya sadarum, tan asabawa kapyarsa, dupi kawula prapta, 11. ring gèn wiyar kaping catur, anon wisma gêng mandya, jêndhelanya samya minêb, rinuji ing kanyaka, ciptè 12 tyas inggih punika, pathikèng pramêswara, patikbra tandya lumêbu, myat janma cêmêng miwah, 12. janma kabincih akathah, nging warni sela sami, dyan tumamèng kamar lènnya, lalu asri kawuryan, ane wanita sajuga, kèksi wus dadya sela, saking pamatawi-[10]-s amba, punika pramèswara, 13. wit amawa jamang tatur, akalung mutyara gêng, kawula iling-ilingi, sêmunira karuhun, ayu endah ing warnanya, adangu ing panyawang, uparêngganing pathika, atyanta asri endah, 14. kang warni babud 13 sang hulu, nguni wèh kursi-kursi, sami ulês lungsir adi, sinongkèt ing kanyaka, sinilih-silih salaka, kawarni janma miwah, ane kang rineka sato, Rêtna Sêrah Sadhê, 15. manon yadian wus rina, kèndêl dènnya carita, Prabu Sèhriyar kayungyun, amiyarsakkên kata, andikanirang iswara, saiki ngong umadêg, mêngko ratri yun udani, caritèng sakwèh janma, 16. ingkang padha dadi watu, karya eraming driya, ratri Rêtna Saerah Sadhe, dumugèkkên carita, turira mring sri pamasa, Gusti Kèn Sobehidhe, nglajêngkên caritanira, mring Prabu Run Alrasid, 11 ngambah 12 ciptèng 13 babut

5. Kusumawicitra, lampah 12, pêdhotan 6-6

1. turnya Sobehidhe, mring Sri Run Alrasid, ulun mimba saking, pathikaning padni, ingkang warni aryas, kwèh kamar siliban, samya sri kawuryan, kawula lêbêti, 2. dyan ulun tumamèng, kamar sajugasis, wontên amparannya, kanyaka kinardi, pinatik ing jumrut, mawi patataran, ane paprêmannya, lalu asri mandya, 3. munggwing dirgasana, linang sesongkètan, rinênggyèng mutyara, de kang wèh sru gawok, non cahya nêlahi, sasoring paprêman, saking adrêng yun wruh, umancat mring tilam, 4. andulu ing longan, a-[11]-ne irya siki, kamantyan goraya, mulus tanpa cacad, munggwing dhingklik alit, sing dahating cahya, ulun kawêrêngên, umyating iryèka, 5. prênah lon-uloning, tang paprêman wau, pinasangan pandam, lilin agêng-agêng, munggwing kanan keri 14 , samya sinumêdan, de ta prêlunira, pinarnah nèng ngriku, 6. miwah sinumêdan, tan sagêd angira, ciptaning wardaya, jroning dhatulaya, yêkti wontên janma-, nira ingkang gêsang, wit datan pracaya, bilih pandam lilin, 7. mradipta pribadi, datanpa sinumêd, akathah kadulu, jroning sêpathika, 14 kering aèng elok sami, nanging sahadaya, kang kalêbêt adi, tan kenging kamurwat, 8. ing pangaosira, muhung irya wau, kang sampun winahya, saking kathahipun, kang amba tingali, apan kongsi dangu, wontên jroning kamar, rèhnya kwèhning bapra, 9. tan wontên kinancing, tuwin rinapêtkên, kawula umimba, mring kamar lènira, mandyaning rêrênggan, tan pae lan kang wus, ulun dulu wau, tumulya tumama, 10. ring kamar gyan boga, myang gèn angrawati, paraboting wisma, samya dipramati, tan sagêd mastani, kwèhning rajabrana, saking sru kayungyun, non salir kadulu, 11. kongsi lupwèng palwa, miwah kadang èstri, katungkul jurungi, sêkunging wardaya, dangunya nèng ngriku, kasaput ing ratri, tandya kaèngêtan, ywan wus waktunira, 12. wangsul mring banawa, sumêdya mangsuli, margi ulun dhihin, rinuruh tan panggih, bingunging [12] pangrêrah, wontên jroning kamar, dadya wangsul malih, mring gêdhong gyan dhampar, 13. kalawan paprêman, miwah pandam lilin, kang sinumêd wau, marma ulun nêdya, alêrêb nèng ngriku, enjing yun sumusuk, malih maring palwa, wangwang amba manjat, 14. tumamèng paprêman, nging sru walang driya, wit nè 15 don asonya, pribadi kewala, yeku sumarmanya, tan sagêd aguling, 15 nèng