Swandana, lampah 20, pêdhotan 7-7-6
ingkang nama sêsotya, kancana myang salaka, winoting palwamba, de rêrêngganing pura, kang tatur sahadaya, pan sami tinilar,
wi-[18]-t tan kêni dinunung, salêbêting banawa, dènnya mangusungi, 8.
kongsi sawatarari, yèn sakwèh rajabrana, jro kadhaton wau, winawaa sadarum, mring nagari ing Bahdad, yêkti kêdah kathah,
baita kang winotan, ri wusira kang palwa, momot pèni-pèni, sasênênging pamilih, ulun sigra parentah, mangrêrah udaka,
9. kinarya sangwèng ngênu, de babêktan kawula, sing nagri Balsorah,
ingkang nama têtêdhan, maksih kathah sesanya, wangwang samya mancal,
antuk angin prayogi, Rêtna Seherah Sadhe, dupi dènnya crita, têkèng samana kèndêl, wit wus tatas rahina, Sri Riyar umadêg,
10. tan mawi angandika, nanging ciptaning driya, dahat sêkung yun wruh,
lajênging criyosira, Kusuma Sobehidhe, bab prabu taruna, kang wus luwar sing unêng, ratri Seherah Sadhe, dumugèkkên kata,
turira Sobehidhe, mring Prabu Run Alrasid, pukulun kawula, 11.
kalawan Prabu Jaka, miwah kangbok kêkalih, sabên-sabên ari, sami ginêm wiraos, kalayan sênênging tyas, nanging têpang ulun,
lawan nata taruna, botên kongsia lami, pamatawis amba, kadang kawula èstri, samya wiwekèng driya, non pitêpang ulun,
12. lawan sang raja siwi, nujwèng sajuga ari, kangbok kalih tanya,
mring ulun èsmu runtik, mangkana wuwusnira, Prabu Jaka iku, paranta karsanira, yèn wus prapta ing Bahdad, amba angloci-[19]-ta,
dènnya tanya kadyèka, mung saking yun udani, ing kapti kawula, 13.
marmi ulun nauri, sasêmbranan kewala, yèn sang raja putra, cawangan laki amba, wangwang prabu taruna, ulun tolih miwah,
amba muwus mangkana, pamintèngong pangeran, parênga ing karsa, dados laki kawula, yèn wus prapta ing Bahdad, wandêngwang sumangga,
14. ing karsa sang binagus, dadosa cethi nêdya, andasih mring tuan,
Prabu Jaka nauri, dhuh kusumaning adi, ngong tan sagêd ngira,
pangandikèng sang ayu, yêkti tuwin gujêngan, ngatasing kawula, ing sanalika mangke, tan lêngganèng panantun, ingèstrènana mring,
15. kadang andika kalih, tan pisan nganggêp cethi, ulun rêngkuh garwa,
miwah bêndara amba, tan pisan sumêdyaa, ngêrèh ing sang ayu, wus sirangling mangkana, kangbok kêkalih sami, sanès nityanira,
wiwit wêktu punika, tuna drêdyaning raka, dhumatêng kawula, 16.
lampah ulun umambah, samodrèng tanah Pèrsi, sampun anyakêti, nagari ing Balsorah, yèn antuk angin yogya, pangarsarsa ulun,
enjing praptèng Balsorah, nujwèng ratri kawula, nendra dyan rinênggêp, mring kadang èstri kalih, inambalèng udadi, risang raja sunu,
17. apan inggih linabuh, anêmahi palastra, ing sasagêd-sagêd,
kawula mangrakwaya, dangu datan kasilêp, sing rahaywèng angga, tandya praptèng don jajag, numilag amurugi, kèksi cêmêng-cêmêng,
rèhning [20] kulêm ciptamba, nasa
20
ingkang kadulu, duk praptèng gyanira,
18. ingkang rêmêng kaèksi, saèstu yèn dharatan, dupi byar rumaos,
wontên ing nuswa sonya, watawis têbihira, kalih dasa êjam, saking prajèng Balsorah, busanamba êpèni, tan antara aking,
sadangunya lumaris, manggih palamawarna, miwah ranutawa,