Sulanjari, lampah 20, pêdhotan 4-4-6-6
sumarmèng kamusakatan, kangbok nyarioskên, saryawor karuna, 3.
panganiayaning laki, sing duskaryanira
8
, ulun trênyuh myarsa, dadya tumutur hudras, nulya kula bêkta, maring pasiraman,
kawula sungi pisalin, ing busana ulun, pamuwus kawula, kakangbok andika apan, kadang kula sêpuh, ngong anggêp lir rena,
4. salamine kita mentar, pitulung Hyang Widdhi, barang darbèk kula,
sawatawis maksih wontên, sadayèku ugi, kagungan andika, sakarsanta lawan kula, kadi tan kahuwan, dènnya nunggil wisma,
lami tan akara kara, kawula sring-asring, agosthi wirasa, 5.
bab kadang sajuganipun, tan pisan tuk warti, wèh orêming driya, tandya kadang kang cinatur, prapta nandhang papa, lir kang sêpuh wau,
inggih saking during rèh lan, niayaning laki, panganggêp kawula, mring kadang kang lagya prapta, apan datan pae, lawan kang karuhun
6. ri wusnya antara lami, dènnya nunggil wisma, kangbok karo warti,
ywan arsa malih akrama, lêlingse yèn lami, dados karya ulun,
mindhak umasung rêribêd, wangsulan patikbra, kakangbok manawi, karsanta akrama malih, datar ana ingkang, dadya sabab lènnya,
7. muhung sinidhêp ngrubêdi, dhumatêng arinta, kula tan jumurung,
sayogya maksih anunggil, sawisma kewala, barang darbèk kula, sawatara anyêkapi, mangka panggêsangan kawula wong katri,
dene sampun anglampahi [7], krama manggih papa, têka maksih darbe, 8.
kapti arsa krama malih, wèh gawok tyasingwang, kangbok apan wus wruh,
awis antuk kakung sêtya, mugi dèn pracaya, ing atur kawula, alêng ta sami arêpat, atunggil utsaha, manggya kasênêngan,
sakathahe atur ulun, tan mawi kadriya, puguh ing kayunnira, 9.
arsa imah-imah malih, wusana kalakyan, nging tantara lami, sumusuk mring wisma ulun, minta pangaksama, dènnya tan mituhu,
ing rêmbag kawula wau, atari dêlingnya, dhuh yayi sirèku,
8
duskartanira
sadulur ingsun taruna, nanging pintêr sira, lawan raganingwang, 10.
lamun kita maksih arsa, amupu maring ngong, rêngkuhên lir amad, yêkti ngong tan anglakoni, kaluputan angkên, ingkang wus kalakyan,
ulun anauri angling, kangbok salaminya, ngong pisah lan kita, tan rêribèng drêdyaningwang, mugi anunggila, arinta kewala,
11. darbèk kawula sawêgung, mangka kasênêngan, andika lan kula,
kadang ro ulun kayuhi, dumunung sawisma, antawis sawarsa, arêpat lan kadang sêpuh, tansah arsanèng tyas, sing pitulung Widdhi,
darbèk ulun sangkin wimbuh, anulya sumêdya, layar nyoba gramèn, 12.
kanthi kadang sêpuh kalih, mentar mring Balsorah, wontên ngriku tumbas,
palwa sajuga samapta, saparabotanipun, momot dêdagangan, gyan ulun dhatêngkên saking, nagari ing Bahdad, tumulya umancal,
lawan kadang kalih wa-[8]-u, antuk angin yogya, tanantara lami, 13.
lampahing banawa sampun, nglintangi samodra-, ning nagari Pèrsi, dyan ulun mring tanah Ngindhu, antawis lampahan, kalih dasa ari,
ane metala kadulu, dene kang kaèksi, lir dharatan wau, prabata ruhur kalintang, sukuning acala, wontên kithanira,