Swaladara, lampah 21, pêdhotan 7-7-7

1. ulun inggih winartan, sumarmanya winalik, sipating kadang èstri, samya warni srênggala, ri wusira akathah, dènnya angatingalkên, prasondhasih mring ulun, wangwang cinundhukakên, lawan sadhèrèk amba, ingkang anama Safi, wit salalising ibu, nunggil wisma kang êmbok, 2. amba dahat sukur ring, Gusti Hyang Maha Mulya, dene kawula katri, rinêpatakên malih, kang dadya patêmbaya, kumpul salaminira, tan nêdya pisah-pisah, ing mangke sampun lami, anunggil ing utsaha, lawan pirênèng driya, rèhning ulun kajibah, basukining jro wisma, 3. marmamba kang lumakwa, atêtumbas tatêdhan, kang kangge jroning wisma, rikala wingi ulun, umentar atêtumbas, dene ingkang ambêkta, salir barang tumbasan, muhung bêrah sajuga, kalêbêt janma wignya, bakit wèh arsanèng tyas, praptèng wisma kahandhêg, drapon karya pisuka, 4. têkèng ratri fêkir tri, prapta darbe paminta, lêrêb mêhêng saratri, kawula amarêngi, nging mawi sinungan wruh, kang dadya patêmbaya, fêkir samya nyagahi, nuhoni kang prajangji, ri wusnya sami nadhah, wangwang angginwal gongsa, lir caraning nagrinya, datan antara dangu, 5. wontên andhodhog kwara, dupi ulun wêngani, kaèksi juragan tri, inggih minta pondhokan, kadi fêkir tri wau, kawula anglilani, pan inggih winartanan, ingkang dadya prajangji, nging sajuga tan wontên, nêtêpi [36] patêmbaya, nadyan ulun lan kadang, kuwasa angukuma, 6. mring tamu sahadaya, ugi amba tan arsa, matrapi paukuman, mung nrimah cinriyosan, ing lêlampahanira, pra tamu sowang-sowang, tan sumêdya nêtêpkên, ukuming kalêpatan, wusnya sami carita, tandyamba purih mentar, sarta ulun pacuhi, tan kêni malih wangsul, 7. Prabu Harun Alrasid, lalu pirênèng driya, winahyaning carita, miwah sru eraming tyas, Rêtna Seherah Sadhe, dupi têkèng samana, kèndêl dènnya carita, turira mring narendra, ing mangke andungkap byar, nanggêl ing carita, bab ingkang dadya karsa-,nira Sri Run Alrasid, 8. ngatasing srênggalèstri, kang katamaning tênung, rèhning Prabu Sèhriyar, arsa amiyarsakkên, wusanèng kadadyaning, sona èstri kêkalih, sigra dènnya umadêg, tan arsa anglampusa, mring Rêtna Serah Sadhe, ratri sang dyah nglajêngkên, uruting kata ngarsa, wuwusnira mangkana, 9. Prabu Harun Alrasid, wusnya linêgan karsa, wangwang masung prasondha, kamurahan mring fêkir, miwah mring Sobehidhe, sakadangira kalih, andikaning iswara, mring Rêtna Sobehidhe, tukang tênung kang muryya, ring sira warna sarpa, pan kang umasung agnya, abot mring sira iku, 10. apa nora majari, prênahing wismanira, nguni wèh tan prajangji, prapta amulyakakên, sipate kanang sona, èstri irêng karwèku, Sobehidhe umatur, wau ulun kasupèn, tan matur padukèndra, sadèrènging umêsat, [37] juru tênung umasung, warni buntêlan alit, 11. mring amba isi kiswa, miwah ulun winêling, yèn arsa andhatêngkên, mring juru tênung wau, wèni jroning buntêlan, tinunua rong lêmbar, yêkti sakêdhap prapta, sanadyanta wontêna, ing ardi Kaukasus, Prabu Harun ngandika, êndi buntêlanira, kiswa sing juru tênung, 12. turira Sobehidhe, wiwit ulun nampèni, praptèng waktu punika, saking yitnaning driya, amba kandhut kewala, dyan buntêlan inalap, pinirsakkên sang aji, andikaning narendra, yogya si juru tênung, tinêkakakên ring ke, sabab kapasang yogya, lan wus dadi karsèngsun, 13. sang dyah sandika turnya, wusnya agni cumawis, buntêlan kiswa sigra, tinunu sadarum, sakala kênyapura, atyanta prakampita, juru tênung amuryya, ring ngarsaning narendra, warni wanita endah, asri busananira, turnya mring Prabu Harun, gusti amba cumadhong, 14. lumaksanèng karsanta, wanita kang dhatêngkên, ulun sing agnyèng prabu, punika gung pitulung-, ngira dhatêng kawula, saking gunging panrimah, ulun amalêsakên, cidraning kadangira, sami èstri kêkalih, amba walik sipatnya, awarni srênggalèstri, yèn karsa padukèndra, 15. amba pinrih mulyakkên, warnanira sajati, sandika lumaksana, lingira sri pamasa, heh juru tênung ayu, datar ana kaharsan, gung atatya sing sira, kang ma-[38]-ring jênêng ingsun, kajaba iya muhung, gyanira amulyakkên, srênggalèstri karwèka, ywan wus rupa sajati, 16. yêkti ingsun kang umèt, sarananing minangka, panglipuring wardaya, dènnya nandhang cintraka, ananging lèn sing iku, ingong darbe paminta, malih marang ing sira, mungguh wanita ingkang, kinaniaya ing wong, tan iwên ênggon dunung, rèhning kèh kawruhira, ciptaningsun kita wrin, 17. kang mrêdi ring niaya, awit sauwusira, nandukkên rèh parusa, durung marêming driya, malah barang darbèking, wanitèku inalap, de eraming tyasingwang, ane janma darbe rèh, niaya nora kaprah, ingkang kadya mangkana, ngapêskên jênêng ingsun, ngong tan rumêngya pisan, 18. juru tênung umatur, kawula tan lênggana, karya pisukèng aji, mulyakkên srênggalèstri, myang nirnakkên gèthèking, èstri kang dèniaya, purna lir prawitanya, malah tan kawistara, lêtuhing ginitikkan, nulyamba amung sêrêp, janmanya kang niaya, Sri Run Alrasid sigra, 19. mangagnya mundhut sona, èstri cêmêng kêkalih, mring wismèng Sobehidhe, wusnya prapta anulya, jru tênung minta tuwung, kêbak isi ranu, we wangwang kaungkaran, nging tan ana mangarti, têmbunging mantranira, tandya kinêpyarakên, maring Rêtna Amine, myang mring sonèstri karo,

14. Brêmarawilasita, lampah 11, pêdhotan 4-7

1. srênggalèstri, [39] babar dadya wanita, atantyèndah, miwah Rêtna Amine, nir gèthèknya, purna lir wingi uni, juru tênung, dyan matur ring nrêpati, 2. mangke amba, pratela ing paduka, wastanira, lakinya Kèn Amine, kang niaya, maring ing rabinira, pan kalêbêt, wandawa sri pribadi, 3. dahat cêlak, inggih sutèndra sêpuh, Pangran Amin, kang raka Pangran Mamun, duk ing nguni, sru kasmaraning driya, mring Amine, muhung saking miyarsa, 4. warti bab ing, pangalêmbanèng warni, dyaning ukih, margi upayaning de, kongsi kêni, winawa mring wismanya, pinèt garwa, pinanggyèng tyas kawula, 5. atmajèndra, dènnya anganiaya, anggitiki, kêniyèning aksama, wit garwanya, dahat dènnya pêpeka, miwah darbe, doracara ing laki, 6. bab kanin ing, pipi karya ciptawon, angungkuli, ing kayêktosanira, mung punika, prawitaning prakawis, kang wèh sêkung-, nging tyas tuan yun uning, 7. juru tênung, wus sirangling mangkana, apamitan, mring Sri Harun Alrasid, wangwang muksa, ya ta sri naradipa, lalu eram, miwah arsanèng driya, 8. umiyating, sonèstri mulya jati, wit sirnaning, cintaka sing karsèndra, dyan mangatag, nimbali ingkang putra, Pangran Amin, miwah sinungan wikan, 9. yèn sang nata, sampun antuk pawarti, dènnya krama, alampah dhêdhêmitan, myang sumarma-, nira Rêtna Amine, nandhang gèthèk, risang Pangeran Amin, 10. dè-[40]-rèng kongsi, inagnyan de kang rama, umalapa, malih mring Kèn Amine, pan kawijil, aturira pribadi, yun pinêndhêt, malih kinarya garwa, 11. karsanira, Prabu Harun Alrasid, Sobehidhe, pinèt garwa pribadi, fêkir katri, tinantun angrabèni, Safi miwah, kadanging Sobehidhe, 12. kêkalih kang, sampun mulya sajati, tan lênggana, lumaksanèng karsèndra, nulya Sang Sri, Run Alrasid karsanya, fêkir katri, sinungan wisma agêng, 13. anyajuga, sajroning prajèng Bahdad, myang ginanjar, lungguh dadya nayaka, wusnya gilig, ing gosthi bab pikramèn, dyan nimbali, khali lan sêksi kalih, 14. aningkahkên, fêkir têtiga wau, Prabu Harun, saking wus kathah dènnya, mitulungi, pangupadrawèng papa, apan dadya, kidung pangalêmbana, 15. kwêhning janma, samya angupasanta, kaharjèng Sri, Serah Sadhe muryani,