Prawitalalita, lampah 16, pêdhotan 8-8
tumonton rèh ing pamêtak, janma uripan mangkana, 3.
sakwèh kang sami andulur, tan kèksi ruditèng nitya, wit dening wus dadya adat, lan tan tumêmbe andulu,
ngong tan kuwawa anandhang, sotèng tyas kêdah umatur, ring sri narendra kang dadya, pamanggyèngsun adat wau,
4. lalu yèn datan sayoga, aturingsun pan mangkana,
gusti tan wus gawok ulun, manon adat kang kalakyan, ing nagri paduka nata, de janma kang maksih gêsang,
pinêndhêm lawan kunarpa, amba sampun alêlana, 5.
mambah praja pintên-pintên, tundhuk lan jinis mawarni, nanging ulun dèrèng nate, wruh adat mêndhêm wong gêsang,
mawèh katrêsaning driya, sang nata andikanira, heh Sinbad paran têgêse, aturira kang kadyèku,
6. mungguh adat mêndhêm janma, kang kaya mangkana iku,
wus dadi papêsthènira, wong bawah parentah ingsun, upama ta garwaningwang, sang sori lalis karuhun,
panjênênganingsun tan wun, pinêndhêm urip-uripan, 7.
lan kunarpèng pramèswara, ingong yuga lani wuwus, gusti amba kumapurun, darbe aturing paduka,
punapa janma nênêka, kalêbêt ing adat wau, sri nata suka gumuyu, wang-[86]-sulaning pangandika,
8. tamtu bae yèn kalêbu, salire kang laki rabi,
anèng nuswa bawah ingsun, tan wanèh kudu ngèstokkên, ing adat kang wus kaprah, sun wangwang lèngsèr sing ngarsa,
dahat sungkawa ing driya, miyarsa sabdèng nrêpati, 9.
wingwrin sun mangèngêt-èngêt, lamun kongsi karuhunan, pralayaning rabiningsun, tan wun pinêndhêm uripan,
sru wèh sênig-sênig ing tyas, paran minangka sarana, ningkiri bahya kadyèka, tan kênora kudu sabar,
10. sumarah karsèng Hyang Widdhi, ewadene samangsanya,
rabiningong puh sakêdhik, tyasingsun wus kêtir-kêtir, wusana tantara lama, wingwrining driya kayêktèn,
rabyèngsun kataman agring, puwara nulya ngêmasi, 11.
Kusuma Seherah Sadhe, dupi dènira carita, tumêkèng samana kèndêl, wit sampun tatas rahina,
ratrinira linajêngkên, atari turira sang dyah, Sinbad dumugèkkên kata, mangkana pamuwusira,
12. andika galih priyangga, duhkaitaning tyasingwang,
rèhning cêcawangan arsa, pinêndhêm urip-uripan, girising papêsthèningong, saksat yun minangsa ing wil,
puluh-puluh pan kinêdya, ngèstokên adat wus kaprah, 13.
sang nata saabdyèng pura, myang pra prawara jro kitha, manirah asung panglayad, miwah arsa amadêgi,
pamêndhêming raganingwang, dupi sakwèh pakurmatan, sampun samapta sadarum, kunarpane rabiningong,
14. linêbêtkên ing tabêla, sarta binusanan asri,
rinancana ing sêsotya, tantara dèn ang-[87]-katakên, ngong lumakwèng wurinira, datan pêgat umismata,
ngèsthi papêsthèning wanda, sadurunge praptèng arga, 15.
sumêdya mamrih lunturing, sihira sakwèhning janma, kang samya andulur kunarpa, munggwing kanan keringingsun,
ngong sujud sarya manguswa, saponcoding nyampingira, dêling ngong mugi wêlasa, mring kula janma nênêka,
16. ingkang jamak tan kalêbu, ing papêsthèn kang mangkana,
wit maksih darbe nak rabi, wontên ing nagariningong, nadyan tur ngong amalat sih, datar ana kang awêlas,
dupi wangkening rabyèngsun, wus linêbêtkên ning luwêng, 17.
ngong pinrih malbèng tabêla, ingkang tan amawa tutup, binaktanan we sacuwa, miwah roti sapta iji,
dyan ngudhunkên maring luwêng, sru pamularsa sambat ngong,
nanging ta datan patuwas, luwêng tinutupan malih,