Hastakuswala, lampah 23, pêdhotan 6-6-6-5 [91]

5. asade tinuku, barang dêdagangan, nèng nuswa ing Kelah, dyan malih layar, nglintangi muara, pira-pira kwèhnya, prasiddha ing [92] laku, nir durgèng ngênu, prapta prajèng Bahdad, kwêh babêktaningwang, warna raja brana, datanpa karya, lamun winahyakna, sru sukur ring Widdhi, sing rumêksanira, ingsun dêdana, 6. kwèh mring janma papa, lèn umasung arta, akathah kinarya, mangdani masjid, wangwang wijah-wijah, lan kadang kadeyan, yata sampun têlas, kataning Sinbad, lêlampahanira, ingkang kaping catur, karyèram kang myarsa, ngungkuli kang wus, duk mimba kaping tri, kasêbut karuhun, Inbad sinungan wang, mas malih satus, 7. sartanya pinurih, uwangsula malih, ari benjing-enjing, ing wektunira, lir kang wus kalakyan, barêng ana tamu, drapon yèn wus bukti, myarsakna kata, lêlampahanira, Sinbad kaping gangsal, bêrah lan pra tamu, sigra mit mantuk, enjing wangsul malih, wangwang samya nadhah, sawusira bukti, Sinbad muryani, 8. carita rikala, umambah samodra, kaping gangsalira, mangkana lingnya, kaharsaning tyas ngong, wèh malupwèng papa, kang sampun kalakyan, tan bakit ngampah, kaptining wardaya, ayun linggaran, ètunira nulya, sun tumbas barang, dêdagangan malih, ri wusnya katata, winoting banawa, sigra umangkat, 9. praptèng palabuhan, nèng ngriku sun karya, banawa pribadi, ingong praboti, muhung mamrih aywa dèn rèh ing kapitan, nguni wèh lènira, darbea palwa, kang kêni winawa, ing saparan-paran, sinêdya ing kayun, ri wusnya dadya, palwa ngong momoti, sarèhning tan pati, kwèh gêgramaningwang, tumulya ana, 10. juragan kathah, jinis warna-warna, nunut ing palwèngsun, mawa dagang- [93]-an, nuju antuk angin, sayoga dyan mangkat, antara wus lama, gyan sun layaran, nulyana mandhala, sajuga asonya, anangka amanggya, antiganira, kanang kukila rok, kadi ingkang sampun, ngong wahya karuhun, de antigèku, 11. andungkap manêtês, patukira ing jro, wus kèksi sakêdhik, Seherah Sadhe, dènira carita, duk têkèng samana, kèndêl wit wus padhang, ing ratrinira, malih linajêngkên, itina turira, Sinbad anglajêngkên, caritanira, lingaran ping gangsal, dana anlingira 61 , para sudagar kang, numpang ing palwa, 12. umêntas mring nuswa, mangrênjêm antiga-, nirèng kukila rok, srana winadung, anaknya inalap, tumulya pinanggang, ing wau ngong sampun, dahat tumanggah, ananging tan kêni, anaking pêksi rok, kang pinanggang wau, sigra binukti, tan antara dangu, ing madyantarana, kadulu acêmêng, kadi jaladdha 62 , 13. pan kalih panggènan, saha ragi têbih, sing panggonaningsun, myang goning kanca, 61 anglingira 62 jalada kang mêntas mring pulo, sarèhning kapitan, kang angrèh palwèngong, wus kèh luwangnya, wikaning wahana-, nira kang kaèksi, cêmêng kalih wau, sigra asanti, angundang maringsun, lan rowang sadarum, pinrih gya umanjat, maring banawa, 14. mingkarani bahya, kang arsa manêmpuh, wit kang kèksi cêmêng, yèku pêksi rok, jalu èstri ingkang, anaknya pinanggang, ingsun lawan rowang, gupuh umunggah, mring palwa dyan layar, iburing kukila, karwèka apan wus, nyakêti nuswa, sarya sru sabawa, dupi samya miyat, [94] rêncêming antiga, nak ira ra musna, 15. sangkin sru dya munya, dan samya ngumbara, malih awisata, dangu tan kèksi, ing sakuwasèngwang, mêlak kanang palwa, darapon ninglari, pancabayèku, ya ta rok karonya, samya wangsul malih, ing panduluningsun, sami nyangkêrêm, tugêlan padhas gêng, anjangkung angênêr, ruhuring palwèngsun, nulya kukila, 16. rok ingkang sajuga, nandukkên tugêlan, padhas kang cinangkrêm, nanging ta saking, rikating jru mudhi, banawa ingêr, padhas rurwèng ranu, iringing palwa, sing gorayanira, aryas kang tumiba, we jaladri piyak, kongsi mèh kèksi, dhasaring samodra rok sajuganira, dyan nandukkên padhas, tibanya mahrêng, 17. samadyèng banawa, prawasa saksana, pra pambêlah miwah, sudagar lalis, sawênèh kinapan, ing sela pra tuwin, kêlêming jaladri, nalikanira, drawataning palwa, sun iya kasilêp, nging malih kumambang, saryantuk ramon, têtugêlan wrêksa, gyaningsun ananang, mung lan asta siji, sajuganira, 18. ngrênggêp ramon wrêksa, ngong silih-sinilih, dangu-dangu praptèng, têmbinging nuswa, lalu sungilira, ewadene uga, manira unggahi, nulya ngong lungguh, ane pasukêtan, ngaringkên usyasa, sawataranira, wusnya nir payah, tandya sun umadêg, midêr arsa, andêdulu sining, mandhala ika,

32. Kusumawicitra, lampah 12, pêdhotan 6-6

1. pandulwèngsun nuswè-, ka angkên udyan, wèh sêngsêming driya,kèh kêkayonira, ane [95] lagya sêmi, wênèh wohnya matêng, miwah kwèh narmada, tirtanira tawa, 2. pegunging jahnawi, lalu mawèh sêngsêm, ngong nadhah wowohan, anindya surasa, myang anginum ranu, dahat menginakên, ratri sun asupta, anèng padhukutan, 3. prênahing don lalu, mahalêp dinulu, ananging saratri, tan nendra saêjam, wit sandeyèng nala, amanggon pribadi, anèng nuswa sonya, nitya sawanguman 63 , 4. ing badan priyangga, wit kunèng kayitnan, de milalu linggar, lan jênjêm nèng wisma, ruditèngsun têmah, karya salin cipta, ngong sumêdya ngêndhat, nanging ta kasêlak, 5. tatas kang rahina, mawèh wuning kapti, tumulya ngong madêg, mentar midêr-midêr, 63 sawangunan nanging tansah mang-mang, wusnya ragi têbih, anon janma priya, sajuga wus sêpuh, 6. lalu sampun repot, pan lagya alênggah, nèng têngah narmada, ngong sidhêp janmèku, amanggya pataka, kacurnan palwanya, sun uluki salam, amanthuk kewala, 7. ngong tanya karyanya, dumunung nèng ngriku, datan anauri, muhung mrasandhani, aminta sun pondhong, yun nabrang narmada, umalap wowohan, ciptaning wardaya, 8. tan bakit lumaris, marma ingsun gendhong, ri wusnya umêntas, ngong purih mêdhuna, saka ing gendhongan, nging ki sêpuh tan yun, malar saking gigir, acukat lumembang, 9. maring pundhak ingsun, sukunira karo, amipit gulwèngong, kuliting janmèku, mèmpêr crêmèng biksu, tinon wus aciklu, tan pisan anyana, yèn cukat mangkana, 10. yèn sun èngêt-èngêt, duk ka-[96]-la samana, kêdah agumuyu, de ki sêpuh ika, sru manjêpit tênggak, wus angkên jinirêt, lalu karya gila, sumaput panon ngong, 11. tandya tiba lungguh, Kèn Seherah Sadhe, kèndêl dènnya crita, wit rina wus tatas, ratrinira malih, dumugèkkên kata, mangkana lingira, Sinbad acariyos, 12. nadyan ta manira, prasasat murcita, ki sêpuh pan maksih, nèng pundhak kewala, mêhêng sukunira, binênggang sakêdhik, darapon bakita, ngong ngunjal osyasa,