Kusumawicitra, lampah 12, pêdhotan 6-6

aèng elok sami, nanging sahadaya, kang kalêbêt adi, tan kenging kamurwat, 8. ing pangaosira, muhung irya wau, kang sampun winahya, saking kathahipun, kang amba tingali, apan kongsi dangu, wontên jroning kamar, rèhnya kwèhning bapra, 9. tan wontên kinancing, tuwin rinapêtkên, kawula umimba, mring kamar lènira, mandyaning rêrênggan, tan pae lan kang wus, ulun dulu wau, tumulya tumama, 10. ring kamar gyan boga, myang gèn angrawati, paraboting wisma, samya dipramati, tan sagêd mastani, kwèhning rajabrana, saking sru kayungyun, non salir kadulu, 11. kongsi lupwèng palwa, miwah kadang èstri, katungkul jurungi, sêkunging wardaya, dangunya nèng ngriku, kasaput ing ratri, tandya kaèngêtan, ywan wus waktunira, 12. wangsul mring banawa, sumêdya mangsuli, margi ulun dhihin, rinuruh tan panggih, bingunging [12] pangrêrah, wontên jroning kamar, dadya wangsul malih, mring gêdhong gyan dhampar, 13. kalawan paprêman, miwah pandam lilin, kang sinumêd wau, marma ulun nêdya, alêrêb nèng ngriku, enjing yun sumusuk, malih maring palwa, wangwang amba manjat, 14. tumamèng paprêman, nging sru walang driya, wit nè 15 don asonya, pribadi kewala, yeku sumarmanya, tan sagêd aguling, 15 nèng praptèng madya ratri, amiyarsa swara, 15. janma dêrês Quran, lagunipun kadi, maos anèng masjid, ulun gupuh tangi, malap dilah lilin, umahas mring kamar, sangkaning sabawa, kèndêl ngarsèng dwara, 16. wit kêncênging driya, sarabasing hringku, nulya kanang lilin, kawula sèlèhkên, wontên ing pratiwi, ulun nginte saking, rêngganging wiwara, myarsa kadi wontên, 17. janma maos kudbah, miwah amba miyat, lengkonganing tembok, angkên pangimanan, ane pandam gantung, myang tang lilin seta, umunggwing têlajug, samya sinumêdan, 18. lawan anon babut, lit siki ginêlar, èmpêr kadi pancèn, kinarya sêmbiyang, de kang lênggah munggwing, babut alit wau, janma priya truna, pêkik warnanira, 19. ngadhêp meja alit, wontên Quran-ipun, yèka kang winaca, dahat karya eram, umiyat kadyèka, panglocita ulun, de mung sajugèku, janma ingkang gêsang, 20. ane jroning kitha, ingkang kathah-kathah, sami dadya sela, panggrahitèng driya, yêkti wontên nalar, kang elok jro kitha, rèhning dwarèng kamar [13], tinangkêb kewala, 21. dyan ulun êngakkên, kawula lumêbu, kèndêl madêg ngarsèng, lengkonganing tembok, kawula mèmuji, mangkana santyamba, sakwèhning kang puji, kadarbe Hyang Suksma, 22. kang masung prasiddha, ing lampah kawula, ya Allah mugi ta, karsaa rumêksa, ing saantuk ulun, malih mring nagari, myarsakna santyamba, jurunging paminta,

6. Bangsapatra, lampah 17, pêdhotan 4-6-7

1. janma mudha, andulu mring ulun, wuwusnira mangkana, sang rêtnayu, sintên kang sinambat, lan sintên kang umawa, ing andika, mring kitha kacurnan, ywan ngong wus pinajaran, inggih ugi, kularsa nyêrêpkên, ing nama myang kang sampun, 2. pinanggih ing, wanda ulun miwah, kang dadya sumarmanya, janma sajro-, ning kitha puniki, sami awarni aryas, kadi ingkang, wus andika dulu, miwah bêbukanira, dene mêhêng, kantun ngong pribadi, tan kataman pataka, 3. gêng punika, amba sigra gancar, sangkaning prapta ulun, myang duk layar, antawis lampahan, ing kalih dasa ari, nampaka ring, palabuhan hringki, miwah angucapakên, gawoking tyas, manon pataka gêng, mrawasèng kithèka 16 , 4. lan sasana, lènira kang sampun, kawula ambah wau, wusnya ênti, cariyos winahya, ulun minta jinarwan, kadi kang wus, dadya kasagahan, janma taruna nabda, kusumayu, sinabarna kêdhik, wusnya ngucap mangkana, 5. Quran-nira, tinangkêb dinunung, nèng kothak alit adi, pinarnah jro, lêleng-[14]-kongan banon, sadangunya ninggahkên, Quran-nira, ulun waspadakkên, pinanggyèng tyas kawula, lalu pêkik, jatmika mrak ati, wèh kasmaraning driya, 6. ing salami, amba lagya mangke, wulangun ring wong priya, wangwang ulun, ingacaran lênggah, tan têbih sing gènira, 16 kang mrawasèng kithèka sadèrènging, muryani carita, datan sagêd nahênkên, kêdah mijil, pamuwus kawula, kadi katarèng nitya, 7. ywan kataman, ring gandrung tyas mami, atari wuwus ulun, adhuh tuan, kang manis pamulu, atmèngwang kula dahat, tan darana, yun uninging jarwa, prakara kang karyèram, kadulu duk, tumamèng kithanta, sru sêkung wruh ing nalar, 8. etunira, pamintèngong mugi, pinurwaa tumulya, sinêrêpna, de kantun pribadi, anunggil lawan janma, ingkang pati-,nira taman kaprah, Rêtna Seherah Sadhe, kèndêl crita, turnya ri Sri Riyar, Gusti mangke wus rina, 9. Sang Sèhriyar, anulya umadêg, karsanya ratri malih, yun myarsakkên, lajênging carita, ratri Seherah Sadhe, dumugèkkên, turing Sobehidhe, mring Sri Harun Alrasid, dupi amba, mucap kang kadyèka, janma mudha nauri, 10. kusumayu, pujinta ing wau, kang kapyarsa ring mami, anelakkên, yèn andika uning, mring Gusti Kang Sajati, mangke sang dyah, badhe miyarsakkên, critèng prakawis iki, kang kalakyan, saking karuhuran, miwah kawasèng Suksma, 11. wruhanta sang, dyah kitha punika, krajaning praja agêng, kang umadêg, ratu sumarmèng-[15]-wang, de bapa lan wandawa, myang pra dasih, gung alit sadarum, samya pranatèng agni, lawan malih, nêmbah ratuning jim, kang murtad ring Hyang Widdhi, 12. juluk Nardhon, nadyan yayah rena, ngabêkti ring dahana, inggih ugi, wontên bêgja ulun, rikala maksih alit, kang amomong, ring amba janmèstri, lalu putusing Quran, lawan bakit, anapsiri lafal, turira mring kawula, 13. asring-asring, mangkana lingira, pangeran kawikana, lamun muhung, Allah Kang Sajati, punika ingkang wajib, tuan sêmbah, ywa pisan nganjali, maring jinis lenira, ngong winulang, ngaos sastra Arab, myang sinungan pustaka,