Salwa Arini, lampah 21, pêdhotan 7-7-7

layar pan samya sêbit, prawasa rowak-rawik, palwa tan kêni ing rèh, sru umijigèng curi, puwaraa drawata, juragan lan pambêlah, 3. kwèh pralayèng udaya, barang dagangan brastha, Rêtna Seherah Sadhe, dupi dènnya carita, têkèng samana kèndêl, awit tumonton wus byar, ratrinya linajêngkên, aturira mangkana, Sinbad lumajwèng kata, atari wuwusnira, arjanèngong lan kanca, juragan lèn pambêlah, 4. sasesaning kang laya, antuk ramon balabag, taman antara dangu, kabuncang dening ngalun, kentas tumibèng nuswa, aku samya manggih, wowohan miwah umbul, mawèh purnaning bayu, ratrinira alêrêb, wontên ing nuswa wau, tan darbe prayojana, saliyanira malih, 5. saking ruditèng nala, kataman ing pataka, ingkang kadya mangkana, nimitanya tan darbe, panyipta kara-kara, wusnya arka tumambang, ingsun sakanca samya, numilag sing gêgisi 57 , tumama maring nuswa, hringku ingsun andulu, wisma [79] kwèh ngong parani, dupi wus tumêkèng don, 6. akathah janma cêmêng, kaèksi amrêpêki, ngong lan kanca kinêpung, nulya sami rinênggêp, dinumkên kancanira, wangwang winawa mulih, mring wisma sowang-sowang, ingsun lan rowang panca, anunggal sapanggènan, sigra inatag lungguh, sinugata abukti, mung warna kêkuluban, 7. rowang sun saking lapya, agaha dènnya nadhah, ngong tan tumutur bukti, nguni wèh angicipi, wit ing tyas songgarunggi, datan antara dangu, kanca kèksi lir wiwal, pamuwusnya maringsun, acalêbang-calêbung, tumulya ngong binoja, sêkul sinungan santên, kanca tan singgan-singgun, 8. natah satuwukira, ngong mung bukti sakêdhik, pamrihnya janma cêmêng, nyugata kêkuluban, drapon owah kang budi, nir rasa kwèhning lêkya, margi mangèngêt-èngêt, pataka kang pinanggih, rèhning wong cêmêng ika, sami amangsa janma, sêdyanya ngong lan kanca, yun minangsa samoa, 57 gêgisik 9. samangsa wus alêmu, dèrèng wang ingsun lima, samya lêmu sadarum, tan wrin wêkasanira, kadadyaning wandanya, awit wus samya wiwal, rèhning kayatnaningwang, maksih têtêp tan gingsir, marma tan sagêd lêmu, malah sangkin arunting, andika sahadaya, inggih bakit andriya, 10. sarèhning sabên ari, mung ngayun-ayun laya, marma tan arsa nadhah, pasugatanirèku, dadya kang ingsun bukti, mung sawiyah kewala, puwara puh murcita, nging sakit ngong puniku, dadya nohaning dhiri, wit janma cêmêng wau, wusnya mangsa rowang ngong, lêlima tanpa sesa, 11. umiyat yèn su-[80]-n raga, miwah lalu arunting, dadya sinarèhakên, dènira arsa madhêm, wangwang tan pinaèlu, yèku margèngsun alis 58 , sing wismanya wong cêmêng, dupi arsa umilag, ingsun pan kawadaka, de wong sêpuh sajuga, kinira yun mirudha 59 , dyan sinanti sarosa, 12. pinurih uwangsula, nanging ingsun tan apti, malah sangkin arikat, gyaningsun alumaris, watara wus tan kèksi, de wong cêmêng lènira, panuju samya mentar, sorehing ulihira, wus adatnya mangkana, ingkang rumêksèng panti, muhung wong sêpuh siki, kang wus winahya wau, 13. rèhning ingsun angira, yèn janma cêmêng tan wun, nututi palaywèngong, marma sun mêlak laku, kongsi tumêkèng ratri, wangwang aso sakêdhap, miwah abukti sangu, wusnya aso ngong laju, kongsi ing sapta ari, aninglari sasana, ingkang mawèh katrêsan, salamine lumaris, 14. ingkang minangka boga, mung kalapa kewala, wenya kang ingsun inum, duk andungkap asthari, praptèng têmbing samodra, anangka ngong umiyat, wong kulit putih lagya, samya angundhuh mrica, pandulwèngsun mricèku, anindya kathahira, pakartining sujanma, kulit pêthak punika, 58 lalis 59 miruda 15. ngong adarbe panyipta, yêkti bangsa utama, marma tan sandeyèng tyas, marani unggyanira, ata dêlinging Sinbad, rèhning rina wus tatas, Rêtna Seherah Sadhe, kèndêl dènnya carita, ratrinya linajêngkên, turira mring sang nata, Sinbad lumajwèng kata, janma kang ngundhuh mrica, 16. amêthukkên maring wang, a-[81]-tanya têmbung Arab, yun uning panêngran ngong, myang pinangkèng sun prapta, lalu arsèkanang tyas, acundhuk lawan janma, kang wruh bahasaningwang, nulya ngong amangsuli, ing patanyanirèku, miwah anyaritakkên, prawasaning banawa, kabuncang ring nuswèki, 17. rinênggêp ing wong cêmêng, rèhning among sajanma, ngong tinanyan trapira, kongsi bakit mabonglot, mingkarani pangani-, ayaning janma cêmêng, wangwang sun amajari, kadi kang wus winahya, samya gawok miyarsa, sun ngantèni rampunging, pangundhuhing marica, nulya ingsun tinawan, 18. manjat ing palwanira, layar mring nuswa lènnya, yèku pinangkanira, sun winawa sumiwi, marêk ing ratunira, ngong watara sing nitya, ratwèku Suddhagnyana, sri natarsa udani, caritèng ngong pribadi, sun lumaksanèng agnya, karya eraming driya-, nira sri narapati,

28. Saprêtitala, lampah 17, pêdhotan 6-6-5

1. ngong sinung busana, sri nata mangagnya, rumêksa mring wang, miwah ngupadrawa, nuswa talatahing, sri naradipa, lalu kwèh janmanya, mirah samubarang, lèn jroning kutha, ingkang dèn parani, akathah sudagar, sotaning driya, 2. nèng nuswèku manggya, panglipur tyasingwang, malupwèng bahya, pinanggya wandèngsun, miwah kadarmani-, ra sang iswara, myang kamurahannya, wèh sênênging driya, ring kèksi kata, sang sri naranata, dahat drêdya mring wang, lèn wong jro pura, 3. miwah wong sakutha, samyasih maringsun, tansah amurih, karya kaharsan ngong, gyan sun adêdunung, nèng pulo wau, nadyan dèrèng lama, tan mantra nênêka, [82] sampun ing nganggêp, wisma nèng nuswèka, nulyana tontonan, ngatase ingsun, 4. pan kalêbu elok, sri manitih wajik, pra abdyandulur, ananging datanpa, mawi sanggawêdhi, nuju sahari, ngong sumiwèng nata, matur atêtanya, ring sang pamasa, paran paduka tan, musthi sanggasiti, andikèng prabu, 5. tan wrin kang winastan, sanggasiti wau, lèn ing nuswèku, datar ana uning, ing anggènirèku, wangwang ngong mentar, mring wismèng undhagi, matag karya kambil, manut têpèngong, ri wusira dadya, sun isèni wulu, ngulêsan crêma, 6. têpining kêkambil, rinancanèng tatur, nulya sun mêsat, mring wismaning pandhe, ngong pradi akarya, kandhali siki, miwah songgawêdhi, manut polaningwang, ri wusnya dadi, sigra ngong saoskên, mring nata sadarum, kambil anulya, 7. tinrapkên ning kuda, titian narpati, ngong pinrih nyoba, nitihi karuhun, wusira mangkana, dyan sri manitih, lalu garjitaning, driya sri narendra, ngong antuk reka, kang mangkana iku, myang dasih nrêpati, para prawara, 8. samya amêminta, kinaryakna kambil, sun tan lênggana, umiringing karsa, akwèh pawèhnira, pisungsung mring ngong, karya kasugihan, kang para pratiwa, sajroning kutha, sami sun karyakkên, kongsi dadya kondhang, pakaryaning ngong, 9. ngong sinuba-suba, rèhning wus akarya, kaharsan katong, nuju ngong sewaka, sang nata ngandika, Sinbad jênêng sun, asih marang sira, lèn pra abdiningwang, apan wus lawan, têpung lawan sira, iya milu drêdya, sun darbe [83] karsa, 10. mring sira ing mêngko, arsa sun wahyakkên, ngong anauri,