Lêbda Jiwa, lampah 11, pêdhotan 4-7

momotaning, palwanta kang ngruhuni, 3. prapta anèng, palabuhan ing ngriki, kula tumbas, saha srah uwang emas, Bedredin Ha-, san anauri sabda, ingsun iya, wus parêng sira tuku, 4. sèwuwang mas, lawan prakara iku, wis sun karya, rampung nalika mêngko, Iskak sigra, angulungakên kuji, isi wang mas, sahasra kathahira, 5. Bedredin Ha-, san tinari ywan parêng, kanang arta, sèwu winilis malih, nging Bedredi-, n Hasan tan arsa karya, kangelannya, amilis ing ardana, 6. awit sampun, pracaya maring Iskak, sojarnira, Iska-[163]-k bilih makatên, karsa tuan, kawula sinungana, srat pratandha, panumbas myang pamade, 7. wawrataning, banawandika wau, Iskak sigra, umijilakên mangsèn, kala miwah, kartas saking kandhutan, sinungkên mring, sira Bedredin Hasan, 8. tumulya Be-, dredin Hasan anêrat, pitêmbunga-, nira apan mangkana, layang iki, minangka apratandha, yèn Bedredi-, n Hasan prajèng Balsora 88 , 9. wus angêdol, momotaning palwanya, ingkang bakal, tumêka nguniyani, anèng pala-, buhaning nagri ingke, mring wong Yahu-, di kang mangaran Iskak, 88 Balsorah 10. dene kwèhning, pangêdolira sèwu, uwang emas, ardana samonèku, wus katampèn, dening Bedredin Hasan, iki tandha, astèng Bedredin Hasan, 11. ing Balsorah, wusnya dadya kang surat, sinungkên mring, Iskak dinunung jroning, gathèng thika, tandya pamitan mulih, Iskak laju, umahas mring jro kitha, 12. ya ta sira, Bedredin Hasan laju, malaya mring, pakuburaning yayah, sapraptanya, nibèng siti kumurêb, sru karuna, sêsambat mêlas asih, 13. santinira, dhuh-dhuh dahat cilaka, janma kadi, sira Bedredin Hasan, paran dosa-, ningsun manggih pataka, maring ngêndi, baya goningsun ngungsi, 14. anguwani, panguya-kuyèng Prabu, kang tan adil, apa ta durung tutup, patakèngwang, kalalisan sudarma, de wiyoga-, ningsun apan abênêr, 15. têka wini-, mbuhan pataka lènnya, antara da-, ngu dènira sêsambat, nulya madêg, mur-[164]-danya tinumpangkên, nèng kijinging, pasareaning yayah, 16. sangkin arda, dènira asêsambat, nora kêndhat, ing pangadhuhirèku, kongsi nendra, de murda kang tumumpang, anèng kijing, inangkat dyan ing ngêlih, 17. nèng bantala, wangwang supta amujung, samantara, dangu dènira guling, nulyana jim, akayangan ing kubur, umahyarsa, nanglang jagad lir adat, 18. umiyat mring, Bedredin Hasan nendra, nèng kuburing, yayah Nuridin Ali, sigra mangsah, marani ing gènira, rèhning Bedre-, din Hasan dènnya nendra, 19. amalumah, jim ika kawêrêngên, dening cahya-, nira Bedredin Hasan, rèhning wus byar, Kèn Serah Sadhe kèndêl, dènnya crita, nging ratrinira malih, 20. ing waktu ka-, di kang wus kalampahan, linajêngkên, samangka aturira, sri narendra, Kyana Patih Giyafar, lumajwa ring, kata mangkana lingya,

56. Prawiralalita, lampah 16, pêdhotan 8-8

1. jim dahat ngiling-ngilingi, Bedredin Hasan kang nendra, lingnya listyane janmèki, lir hapsari ing sawarga, kinurunkên mring buwana, mamrih dadi pangeraman, wus sira amimiatèng, sigra napak jumantara, 2. kacundhuk lan jim wanita, samya bage-binagèkkên, jim priya ika umojar, heh payo padha numêrah, mring kuburan kayangan ngong, sun arsa anuduhakên, wong pêkik karya wismaya, kalamun sira tumingal, 3. sayêkti yèn ora pae-, ramira lawan ingong, jim wanita datan wiyang, tumulya sami ngindharat, andumonèng patyastana [165], sapraptanira anangku, jim priyangling lan nuduhkên, Bedredin Hasan kang guling, 4. apa sira wus tumonton, wong priya listya kayèki, jim èstri lalu dènira, ngilingi Bedredin Hasan, dyan olih sarya amuwus, nyata pêkik wong puniku, nging mau ngong sing Kairo, non wong kang ngungkuli kihên, 5. yèn sirarsa miyarsakkên, manira yun amartani, kang liningan anauri, ya sun bungah rumêngwakkên, jim èstri malih anabda, kawruhana bêbukaning, kata kang arsa sun wêdhar, narendra praja ing Mêsir, 6. iku adarbe pêpatih, mangran Samsidin Muhammad, kyana patih dêrwya suta, wanodya muhung sajuga, watara umure lagi, rong puluh warsayu luwih, tanpa cacad ing sadêmi, durung ana myarsèng warta, 7. ngungkuli yu endahira, dupi sang aji miyarsa, suwurirèng janma kathah, bab tyantining sutèng patih, tandya patih tinimbalan, sarya sinabdan mangkana, patih ingsun antuk warta, sira darbe atmajèstri, 8. wus têkèng mangsa kinurên, arsa ingsun pundhut garwa, apa sira tan lênggana, anaoskên sutanira, Patih Samsidin Muhammad, tan andimpe pisan-pisan, yèn yun tinanya mangkana, èsmu kewran ing wangsulan, 9. wit saking nora kapencut, miwah taman anggarjita, myarsakkên andikèng prabu, yèn ta lènira kya patih, yêkti arsèkanang driya, sutane ginarwèng katong, etu-[166]-nta wangsulanira, pukulun tan arus amba, 10. linunturan sih paduka, narendra ingkang kadyèku, dahat pamundhi patikbra, mugi-mugi sampun dadya, runtiking tyas padukèndra, kawula dahat lênggana, lumaksanèng karsa prabu, kang sampun winahya wau, 11. pukulun mugi wikana, amba darbe kadang priya,