Sasadara Kawêkas, lampah 20, pêdhotan 7-7-6

numilag ing gon wau, ambêkta turanggèstri, kagungan sang prabu, cinancang kadi kang wus, kadulu ing nguni, drapon sinanggaman, 6. dening kuda samodra, atatya sing udadi, wusnya sacumbana, wangwang karsa minangsa, ananging tan kalakyan, wit ing ngêlokakên, dadya turangga gupuh, uwangsul maring tasik, ri wus asinanggaman, turanggèstri winawa, sumusuk maring praja, de ta turunira, 7. dadya puspakèng nata, mangran kuda jaladri, sataming pawarta, ingong pan pinajaran, yèn samyarsa umulih, ari benjang-enjang, upama praptaningwang, lungse muhung sahari, yêkti têmah layon, ane ing nuswa ngriku, wit kinira tan bakit, umilag mring praja, 8. yèn tanpa wontên ingkang, anuduhakên ênu, ing sadangunira, samya imbalan sabda, dyan turangga samodra, mijil sing udaya, nyumbana ring kudèstri, ri wusnya yun minangsa, nging gupuh sinanti, [49] mring para gamêl wau, bayangannya tinilar, tumamèng jaladri, 9. enjang pra gamêl sigra, umulih maring kitha, kudèstri winawa, ngong tumutur ing lampah, wangwang samya sumiwi, ngarsèng Sri Mitra Ghês, ingong pinrih tut wuri, sewakèng naradipa, duk praptèng ngarsaji, sri tanya panêngran ngong, miwah prawitanira, de kongsi umambah, 10. ing talatah narendra, ri wusnya mratelakkên, kang dadya patanya, sang iswara ngandika, wêlas andulu mami, tandya sri mangagnya, ngupadrawa maring ngong, masungi sakwèhning kang, dadya kêkurangan, agnyèku linaksanan, ingsun angalêmbana, kadarman narpati, 11. myang praladaning dasih, angladèni maringong, rèhning sun sudagar, dadya ing sabênira, alinggar panggih lawan, janma ingkang sami, utsahanya lan ingong, de ta prêluning lampah, tundhuk lawan janma, kang saking lèn nagari, kang dhihin pangangkah ngong, darapon bakita, 12. antuk warta sing Bahdad, kaping kalih sagêda, amanggih sujanma, kang kêni dèn nunuti, sumusuk mring prajèngong, dene prênahira, kithane Sri Mitra Ghês, tan têbih sing pasir, palabuhanira, kalintang sing wayoyya, ing sabên-sabên ari, ane palwa prapta, 13. saking nagri ngamanca, ingsun atêtêpungan, lan janma kang uning, maring praja ing Ngindhu, ingong kayungyun myarsa, ing caritanira, liya saking puniku, manira mrih lunturing, sihirèng nrêpati, sarana bêktiningwang, miwah ngukih drêdyaning, kang para naya-[50]- ka, 14. nguni wèh para nata, karereyanira Sang, Iswara Mitra Ghês, samya tur bulu bekti, sumiwi ring sang katong, de sakwêh prakara, kang arus kinawruhan, kadi bab kalakuan, lèn sring ngating praja, samya ngong prih wikana, ing bawah wawêngkoning, Nrêpati Mitra Ghês, 15. ane nuswa sajuga, winastanan ing Kassal, ingsun sinojaran, kalamun sabên ratri, ing nuswa Kassal ika, wontên kapiyarsa, kadi sarabèng slomprèt, saliring janma ingkang, nglampahkên banawa, anyidhêp yèn nuswèka, sasanèng jangnma 34 kapir, ngong sêkung ayun wruh, 16. kang winartakkên wau, sigra ingong numilag, mring nuswa ing Kassal, umiyat matsya kathah, panjangira winarna, sèwu rwatus elo, dinulu angajrihi, nanging tan mingkarani, wit sing jirihira, yadiyan nuju muryya, mangka minèku myarsa, janma nèthèk wrêksa, 17. tuwin nèthèk balabag, tandya linggar atêbih, lan malih ingsun myat, mina kwèh panjangira, apan muhung saelo, murdanya lir bêluk, wangsul ngong saking Kassal, nuju nèng palabuhan, ane palwa prapta, kandhêg nèng palabuhan, ingkang winot sadarum, samya ing ngêntaskên, 18. warni barang gagramèn, dinunung ing jro gêdhong, de sakwèhning barang, ing jaba samya sinung, têtêngêr namanira, ingkang andarbèni, 34 janma wangwang ingsun andulu, sastra munya wastèngwang, wus sira tan samar, ing pandulu yèn ika, darbèk ingong ing nguni, kang winot ing [51] palwa, 19. duk mancal sing Balsorah, tan indhung kapitannya, nging rèhning wus wikan, yèn sinêngguh wus laya, marma ngong parêpêki, sarta ingsun tanya, ingkang darbe dagangan, wau kang ingsun dulu, kapitan nauri, nguni ngong dèn nunuti, nangkoda saking Bahdad, Sinbad wastanira, 20. anuju sajugari, lampah kula nyakêti, nuswa nulya Sinbad, sakancanira miwah, rowang ngong samya manjat, ring don kang kaèksi, sinidhêp pulo wau, sayêktinira dede, nuswèku pan mina, lodan lalu goraya, lagya supta angambang, sakwèh kang umêntas, 21. andadosakên agni, anèng gigiring matsya, kang sinêngguh nuswa, samyarsa olah-olah, dupi karaos panas, wiyagèku mosik, datan antara silêm, rowang ngong kwèh kang lalis, Sinbad kajantaka, palastrèng jalaniddhi, de dagangan punika, Sinbad kang darbèni, 22. sumèdya sun sadêni, sapintên payunira, myang antuking bathi, arsa ngong sungkên maring, kadang kadeyanira, yèn maksih agêsang, ingsun nauri sabda, ingkang mangaran Sinbad, sinidhêp wus lalis, apanta inggih kula, marma dagangan têtèp, dadya darbèkingwang,

18. Nagakusuma, lampah 18, pêdhotan 6-6-6

1. dupi sampun êbyar, Rêtna Serah Sadhe, kèndêl dènnya crita, ratrinira malih, dumugèkkên kata, turira mangkana, Sri Narendra Sinbad, nglajêngkên carita, mring para dhatêngan, atari lingira, kapitan duk myarsa, ing pamuwus ingsun, 2. nênantya mang-[52]-kana, ya Gusti Kang Agung, sintên ingkang kêni, inggih pinarcaya, ing waktu mangke pan, tana janma sêtya, palastraning Sinbad, ngong uning pribadi, sakwèhning kang numpang, ing banawaningsun, samya non sadarum, kadi pundi tuan, 3. têka kumawani, ngangkên nama Sinbad, pandulwèngsun kita, janma alim nanging, ciptèngong andika, linyok ing wacana, mêhêng saking ngintya, antuk barang kathah, kang dede darbèknya, ingsun anauri, dèn sarèh sadhidhik, rumêngyèng turing ngong, 4. kapitan anabda, paranta kang arsa, andika wahyakkên, ingong yun miyarsa, wangwang sun angandhar, marginira luwar, saking pancabaya, miwah duk acundhuk, lawan gamêlira, Sang Prabu Mitra Ghês, tuwin duk sumiwi, maring kênya pura, 5. kapitan awêlas, miyarsa carita, ing wusananira, tan andoparakkên, wit ane rowangnya, kang munggwing banawa, prapta lan tan indung, umiyat ring mami, samya mratelakkên, arsèkanang driya, tundhuk malih lan ngong, samya mandanayu, 6. dangu-dangu nulya, kapitan tan samar, mring sun gya angayuh, lingira mangkana, ngong sukur ring Widdhi, de kita pinanggih, maksiha basuki, sampun luwar saking, pancabaya agêng, arsanèng tyasiwang 35 , wit saking puniku, tan kêni iniwên, 7. lah barang punika, rèhning wajib kita, muga tinampana, ingsun wus apasrah, sumangga ing karsa, wusnya ngling mangkana, sru tarimaningsun, miwah ingong ngalêm, dènirambêk sêtya, saking ayun malês, tandya ngong ta-[53]-wani, barang sawatara, 8. nanging datan apti, kapitan nampèni, nulya dêdagangan, kang adi pramati, ngong pilihi katur, Sang Prabu Mitra Ghês, rèhning sri pamasa, wrining pancabaya, pinanggyèng wandèngwang, etunta andangu, antuk ngong sing pundi, barang adi anèh, 9. ngong ngaturkên crita, margining pinanggih, dêdagangan wau, sri suka miyarsa, pisungsung katampèn, sun sinung lintunya, 35 tyasingwang