Kawitana, lampah 17, pêdhotan 5-6-6
2. yèn yun umalap, irya sing jro parung, tinuju mangsanya,
kukila grudha, lagya sami nêtês, dyan umawa daging, tinêngkêr-têngkêr, inambalèng rênêk, caringihning irya,
kang kapratisthan, tumancêb ing daging, de kanang garudha,
3.
ing tanah ngriku, dayanya ngungkuli, kang sing don lènira,
ywan manon daging, agupu
39
cinucuk, winawèng sarangan, apan minangka, buktining nakira, wangwang pra sudagar,
samya prakatha, marani gyan susuh, garudha dyan mêsat,
4.
tandya irya kang, nancêb anèng daging, samya dèn alapi,
prawitanira, kang para nangkoda, amrêdi sampeka, kadya mangkana, wit dening tan èpên, umalaping intên,
kang nèng jro jurang, lan reka lènira, saking julêgira,
5.
dadya tan kêni, jurang ing ngudhunan, locitèng wardaya,
kala samana, tan bakit atatya, saking jroning parung, tumêkèng laya, dupi ngong umiyat, rekaning mèt irya,
asalin cipta, mangruruh sarana, bisèngong umijil, 6.
saking jro trêjung, Kèn Seherah Sadhe, kèndêl dènnya crita,
awit wus rina, ratrinira malih, dumugèkkên kata, dana anturnya
40
, Sri Narendra Sinbad, nglajêngkên cariyos,
lampahanira, ingkang kaping kalih, dhatêngan myarsakkên,
7. pamuwusira, ngong sigra umalap, irya kwèh gêng-agêng,
su-[60]-n dunung jroning, kasang crêma pranti, gatha sangu-sangu, ri wusnya kêbak, ngong mangruruh daging, kang panjang pribadi,
têngkêranira, ngubêdkên ing wanda, sun ikêt lan sêrban, 8.
inapus lawan, sabuk ngong akukuh, tan bakit aruru,
dyan sun kumurêb, tan antara dangu, kwèh garudha prapta, manaut daging, samya anyajuga, binêkta ngumbara,
ane kagèndra, digdaya pribadi, anucuk ring daging,
39
agupuh
40
aturnya
9. kang sun ubêdkên, lawan wandaningong, winawa umabur,
mring susuhira, wontêning acala, wangwang pra nangkoda, samya surak mrih, jrihing kaga wusnya, kang daging tinilar,
juragan siki, mrêpêki gyaningsun, wêrdya kagèt wingwrin,
10.
andulu mring wang, dangu-dangu wusnya, nir kumêling driya,
jamak têtanya, sumarma anangku, nanging tan mangkana, malih mêmisuh, tinarka andhustha, darbèkira intên,
ngong anauri, yèn kita wikana, maring sun saèstu,
11.
nora mangkana, panganggêpirèku, sawiyah maring wang,
arsa ngong purih, kita wijah-wijah, wit ingsun umawa, irya akathah, tur samya ngungkuli, antukira yêkti,
sira pan iya, milu andarbèni, de lèh-olèhanta, 12.
kang warna irya, panuju kewala, ngong milih pribadi,
lèn ngong umawa, kisma sing jro parung, sun dunung ing kandhi, yèku warnanya, wusnyangling mangkana, kasang ngong duduhkên,
malah dèrèng wus, gyan mami wacana, kang para sudagar, 13.
ngrubung maring wang, samya kagawokkan, de eraming driya,
sangkin awimbuh, dupi sun wartani, lampahan sadarum, kang dadyascarya, tan saking pambudi, atatya sing parung,
muhung dirèng tyas, dene ta adar-[61]-be, tekad kang mangkana,
14. ingsun tumulya, binakta umulih, mring wangunanira,
anangka irya, babêktan sadarum, ingsun wêdalakên, sing jroning kandhi, pra juragan nuju, samya ananira,
sru kawismaya, non gorayanira, ucapnya sadarum, 15.
ing sakwèh praja, kang sampun inambah, dèrèng nate dulu,
irya gêngira, kadi darbèk ingong, kang para sudagar, pan sami darwya, papadikan susuh, garudha pribadi,
nulya juragan, kang darbe wawasan, susuh sun nênggoni,
16.
ngong prih amilih, antuk ingong intên, ing sakaptinira,
nulya inalap, muhung sawatara, tan kawilis agêng,
ngudi ngong ngatag, umalapa malih, ywa sandeyèng driya,
karya pitunan, mring sun nging sudagar, lêngganèng pangatag,
17.
pamuwusira, ingsun wus narima, samantên kewala,
wus kalebu kwèh, nyukupi kinarya, pamulannyudagar, datanpa susuh, kangèlan uwangsul, malih mring gon ngriki,
saratri ingsun, lêrêb nunggal lawan, kang para sudagar,