Dhadhap Mantêp, lampah 13, pêdhotan 5-8
wusnya pinanggih, prayoganirèng panggosthi, ingong sumêdya, amanjangakên ardana,
7. kang kantun muhung, sakêdhik ing gunggungira,
prayojanèku, adaningsun lêksanani, sigra umangkat, maring nagri ing Balsorah,
nênggih palabuh-, anira praja ing Pèrsi, 8.
ane ing ngriku, ingong umanjat ring palwa, lan juragan kwèh, samya ambêkta dagangan,
ing sawatara, tumulya ambabar layar, sumêdya arsa, numilag mring tanah Ngindhu,
9. mambah samodra-, nira nagari ing Pèrsi,
de prênahira, nagari ing Ngindhu wau, ing lengkonganira, prajèng Arab lan ing Pèrsi,
tantara dangu, gyaningsun anèng udaya, 10.
wangwang sru mumêt, miwah umor arsa nuntak, yèku pan ingkang, winastan sakit jaladri,
nanging tan dangu, sêsakitingsun waluya, salajêngira, tan kataman gring kadyèka,
11. lampahing palwa, kampiring nuswa akathah,
sabên akèndêl, anyadèni dêdagangan, myang ngurup-urup, bêbê-[46]-ktan gêgramèningsun,
nujwèng waktwèku, tan amaruta sumilir, 12.
banawaningong, kandhêg ngarêpakên nuswa, ton sing mandrawa, apan kadi ara-ara,
wit sing wilisnya, kapitan sigra umatag, amulung layar, lan mangagnya mring kirna wyang,
13. kang munggwing palwa, yèn ana ayun umêntas,
mring nuswa ika, apan inggih linilanan, dyan kèh kang mêntas, ingong tan kari tumutur,
sakancaningwang, sawêgung awijah-wijah,
14. nadhah drawina, mamrih anirnakkên payah,
nging samadyanya, samya among suka-suka, nuswa prakêmpa, Kusuma Seherah Sadhe,
dupi dènira, carita têkèng samana, 15.
kèndêl wit dening, andungkap tatas rahina, ratrinya malih, andumugèkkên cariyos,
aturira mring, Sri Narapati Sèhriyar, pukulun Sinbad, anglajêngkên katanira,
16. pangucapira, prakampitaning kang nuswa,
kèksi sing palwa, sakwèh kang munggwing banawa, asru nênantya, ring ngong myang kanca sadarum,
pinurih gupuh, uwangsula maring palwa, 17.
wit kang sinidhèp, nuswèku gigiring mina, winastan lodan, ingkang cukat gupuh manjat,
ring palwa alit, sawênèh wontên kang ume, de raganingsun, maksih nèng gigir wiyaga,
18.
matsyada nilêm, ingong kantun nèng udadi,
tan antuk ramon, ri wusnya sakwèhning janma, manjat mring palwa, nguni wèh kang mangrakwaya,
wus tinulungan, kapitan sigra mangatag, 19.
ambabar layar, nujwantuk pracondha yogya, wangwang umangkat, [47] ngong tan darbe pangarsarsa,
bakit uwangsul, malih munggah mring banawa, nut salembaking, alun kongsi ing sahari,
20. miwah saratri, lembak-lembak nèng samodra,
sakuwasèngsun, mangukih bakit agêsang, praptaning enjang, anis dayaning wandèngwang,
locitèng driya, tan bakit ninglari laya, 21.
rahayunira, ingong kasêntoring ring alun, kentas tiba ring, nuswa ragi mênggêr-mênggêr,
curi kewala, kadi kangèlan inanjat, pama tan nuju, ane susuluring wrêksa,
22. ingkang minangka, sarananira umunggah,
praptèngong ruhur, ngalèlèh anèng pratiwi, uwus prasaksat, satêngah lalis ragèngwang,
mangkana kongsi, pratanggapati tumambang,