Sêkarini Kajian Filologi

ngong nèng pantinira, amindha juragan, sing prajèng Turki, ananging ing mêngko, ran Ha-[4]-run Alrasid, kang kaping sapta, turas saking Abas, ingkang wus kuncara, dènnya makili, 6. Panjênêngannya ing, jêng Nabi panutan, marmane sira, padha sun timbali, anèng ngarsaning ngong, wit saking yun wruh, ing pratelanira, kang dhihin sirèku, wong têlu sapa, kapindho pagene, sira wong katiga, ingkang sajuga, 7. niayèng sonèstri, sawuse anulya, kita tangisi, ping têlu ayun wrin, paran sumarmanya, sira wong katri, kang sajuga dene, pranajanya kathah, gêgèthèkkira, nadyan andikèng sri, têtela karêngya, mring kênya katri, 8. Gyafar inggih ugi, ngambali kang sabda, sinêrêpakên, mring kênya têtiga, Kèn Seherah Sadhe, kèndêl carita, matur ring narendra, ing mangke sampun byar, bilih pukulun, parêng anglilani, ulun dumugèkkên, cariyos wau, 9. yèn sinarèhakên, madhêming patikbra, sri nata parêng, wit sru drênging karsa, arsa miyarsakkên, caritanira, Rêtna Sobehidhe, ratrinya kawuwus, Seherah Sadhe, dumugèkkên kata, turira mangkana, sri naranata, 10. ri wusnya kênya tri, nir kumêling driya, sing andikèng sri, sigra Sobehidhe, lumaksanèng agnya, ngaturkên kojah, ya ta ri dêlingnya, sang sri naradipa, cariyos ulun, atyanta karyèram, kadi dèrèng wontên, janma rumêngya, 11. criyos kang ngungkuli, aèng elokira, srênggala èstri, kang cêmêng karwèka, kadang ulun tunggil [5], yayah lan rena, ing mangke kawula, badhe ngaturakên, sumarmanira, awarni awarni 6 srênggala, wanita kêkalih, kang nunggil wisma, 6 awarni srênggala, wanita kêkalih, kang nunggil wisma, - adisi kelebihanpenambahan suku kata ataupun kata pada kata awarni. 12. kalawan kawula, sumiwèng ngarsèndra, punika inggih, sadulur patikbra, atunggil sudarma, nging sanès babu, kang pranajanira, bithêt ran Amine, sajuganira, mangaran pun Safi, kawula lawanta, pun Sobehidhe, 13. salalising rama, têtilaranira, barang winaris, mring kadang sadaya, sinami kathahnya, ari Amine, myang Safi duk sampun, nampèni warisan, nulya awisma, nunggil ibunira, kawula lan antên, kang sipat sona, 14. maksih rêpat nunggil, sawisma lan ibu, suruding rena, atilar uwang mring, kawula wong katri, nyèwu uwang mas, ulun warujunya, kadang tunggil rena, kang warni sona, wusnya samya tampi, wêwarisanira, wangwang akrama, 15. tut wuri priyanya, kawula tinilar, wisma pribadi, tan antara lama, dènnya mawa krama, dyan kakungira, kadang ulun sêpuh, anyadèni barang, darbèking rabi, pêpajênganira, sigra winawa mring, prajèng Afrika,

3. Sulanjari, lampah 20, pêdhotan 4-4-6-6

7 1. ari kawula tumutur, duk praptèng Afrika, priyanya nelaskên, arta myang babêktanira, kinarya bojana, miwah wijah-wijah, dupi brastha samya papa, sadulur kawula, tumulya pinêgat, tinundhung mantuk mring Bahdad, dahat nandhang papa, singsara nèng ngènu, 2. awit saking têbihipun, angungsi ring ulun, lalu kawlas asih, nadyan kang tan darbe wêlas, inggih anyuh miyat, de pa-[6]-nganggêp ulun, ing sapraptanira wau, kalawan sih drêdya, sarta ulun tanya, 7 tembang Sulanjari ini seharusnya mempunyai metrum lampah 20 pêdhotan 8-6-6, tetapi dalam suntingan ini tembang tersebut mempunyai metrum lampah 20 pêdhotan 4-4-6-6. Hal ini juga terjadi pada pupuh 63 tembang Sulanjari. sumarmèng kamusakatan, kangbok nyarioskên, saryawor karuna, 3. panganiayaning laki, sing duskaryanira 8 , ulun trênyuh myarsa, dadya tumutur hudras, nulya kula bêkta, maring pasiraman, kawula sungi pisalin, ing busana ulun, pamuwus kawula, kakangbok andika apan, kadang kula sêpuh, ngong anggêp lir rena, 4. salamine kita mentar, pitulung Hyang Widdhi, barang darbèk kula, sawatawis maksih wontên, sadayèku ugi, kagungan andika, sakarsanta lawan kula, kadi tan kahuwan, dènnya nunggil wisma, lami tan akara kara, kawula sring-asring, agosthi wirasa, 5. bab kadang sajuganipun, tan pisan tuk warti, wèh orêming driya, tandya kadang kang cinatur, prapta nandhang papa, lir kang sêpuh wau, inggih saking during rèh lan, niayaning laki, panganggêp kawula, mring kadang kang lagya prapta, apan datan pae, lawan kang karuhun 6. ri wusnya antara lami, dènnya nunggil wisma, kangbok karo warti, ywan arsa malih akrama, lêlingse yèn lami, dados karya ulun, mindhak umasung rêribêd, wangsulan patikbra, kakangbok manawi, karsanta akrama malih, datar ana ingkang, dadya sabab lènnya, 7. muhung sinidhêp ngrubêdi, dhumatêng arinta, kula tan jumurung, sayogya maksih anunggil, sawisma kewala, barang darbèk kula, sawatara anyêkapi, mangka panggêsangan kawula wong katri, dene sampun anglampahi [7], krama manggih papa, têka maksih darbe, 8. kapti arsa krama malih, wèh gawok tyasingwang, kangbok apan wus wruh, awis antuk kakung sêtya, mugi dèn pracaya, ing atur kawula, alêng ta sami arêpat, atunggil utsaha, manggya kasênêngan, sakathahe atur ulun, tan mawi kadriya, puguh ing kayunnira, 9. arsa imah-imah malih, wusana kalakyan, nging tantara lami, sumusuk mring wisma ulun, minta pangaksama, dènnya tan mituhu, ing rêmbag kawula wau, atari dêlingnya, dhuh yayi sirèku, 8 duskartanira