Sardulawikridita, lampah 19, pêdhotan 6-6-7

de yèn kulandara, agni wus tumambang, tan prapta anututi, miwah tan miyarsa, ing pangêrikira, prasondha wus pralaya, 3. panêdyèngsun arsa, kèndêl nèng nuswèku, ywa kongsi kajantaka, manitihi gêmbêng, dupi hyang aruna, wus miijl tan adangu, wil kaèksi prapta, lan rowangnya roro, gêngira udakara, sami lawan ingkang, ngong carik netranya, karwèka sami nuntun, 4. wil kang kaprawasa, lèn diyu ro ika, kwèh panunggalanira, samya ngaruhuni, dupi ngong umiyat, rasêksa anututi, ingsun lawan rowang, agupuh umanjat, mring gindi sru dayungi, antara wus têbih, sing têmbing samodra, sakwèhning wil duk anon, 5. mring ngong lawan kanca, dyan umalap aryas, goraya samyanjêgur, tumamèng udadi, ranu minggêk pusêr, sarya ambê-[71]-balangi, manduk gèthèkira, rowang ngong kèh-akèh, kinapanan selarda, prawasa sadarum, kang numpak ngêmasi, kêlêm ing jalaniddhi, 6. ananging ta ranggu, kang ingsun tunggangi, datan kêni ing bandhêm, ing sakuwasèng ngong, lan rowang dhayungi, praptèng don ing samodra, kang ajro kalintang, pambalanging diyu, datar ana anggayuh, duk praptèng têlênging, samodra tang gèthèk, nut lampahing pracondha, 7. lèn lèmbaking warih, winawa saparan, lalu ardayèng driya, muhung ngarsa-arsa, kang dadyaning wanda, duk wus tatas rahina, gèthèk kasêntor ring, we tumibèng nuswa, ngong sakanca sadarum, garjita umêntas, anangka amanggih, wowohan asurasa, 8. ingsun bukti mamrih, purnaning kang bayu, kang wus anising angga, ratri samya supta, ane ing gêgisik, nanging kagyat miyarsa, sabawaning sarpa, goraya lumaris, panjangnya kurang luwih, sauwiting kurma, mrêpêki goningong, manaut kanca siki, 9. pinêrêp ing ngêlên, ing nguni pan sru dya, dènira nguwuh-uwuh, mrih sarpa numilag, ananging taksaka, dira manaut manol, tumulya ing ngêlên, ngong sasesanira, rowang gupuh lumaris, sanadyan wus lêpas, sing panggènan wau, pan ugi maksih myarsa, 10. saraba asora, ciptaning wardaya, inggih sabawèng sarpa, manglêpèh tulanging, kanca kang minangsa, enjing ton yêktinira, mawèh katrêsaning, tyasingsun sarowang, ngong ngatuwo ya Allah, pataka punapa, kêni sininggahan, wingnyamba wijah-[72]-wijah, 11. wit wus luwar saking, panganiayèng wil, lan sing durgèng samodra, ing mangke kapasuk, malih ing bêbaya, tan pae lan kang sampun, ing sadangunira, ingsun midêr-midêr, nèng nuswa non daya gêng, sajuga tur ruhur, rêmbug yun kinarya, panginêpan ing ratri, 12. ngong nadhah wowohan, lir kang wus kalakyan, dupi andungkap ratri, umanjat ing wrêksa, tan antara dangu, myarsa swarèng taksaka, ngakak amrêpêki, goningsun singidan, praptèng sasoring kuya, bujagèku sigra, madêg nurut uwit, rowang kang munggwing sor ngong, 13. sajuga sinaut, ing ngêlên dyan mêsat, saratri sun nèng wrêksa, dupi byar numêrah, wandèngong wus saksat, laya wit datar ana, kang ing ngarsa-arsa, mêhêng kapasuk ing, papêsthèn lir kanca ro, kayatnan kadyèka, sru wèh girising tyas, ingsun sigra umahas, 14. nêdya andrêpati, tumamèng udaya, nging janma arsa lalis, saèstu yèn awrat, ing sakuwasèngwong 52 nêdya manjangkên tuwuh, dadya datan èstu, ngong anglalu pati, umanjing ing samodra, pasrah karsèng Widdhi, yèku kang anêkêm, patyuriping tumitah,

25. Wisatikandhèh, lampah 12, pêdhotan 5-7

1. ingsun angimpun, kanang wrêksa lit-alit, miwah riaking, kinarya ambêthèki, daya kang arsa, ingong inêpi wau, ruhuring wala, sun tutupi kaywaking, 2. ing nganam lan ri, minangka aling-aling, wusnya barukut, nulya ngong karya nendra, 52 sakuwasèngwang nadyan tan guna, ing pambudi ywa kongsi, kadalêming pa-, pesthèn kang wèh katrêsan, 3. pan inggih ugi, lalu sungkawèng driya, ratri taksaka, amba- [73]-lèni goningong, agalibêdan, anèng sasoring wrêksa, ngong yun minangsa, ananging nora bakit, 4. wit tinanggulang, dening warana wau, saratri dènnya, ngukih yun mangsa mring wang, upamanira, kucing andingkik tikus, kèksi wujudnya, nging tan kêni nyikara, 5. wusananira, dupi tatas rahina, sarpa wisata, nanging sadèrèngira, arka tumambang, ingsun wingwrin umahya, wandèngsun lungkrah, wit dening kinaèdhan, 6. ing sarpa kongsi, muput saratri pisan, usyasanira, anindya saking arus, ciptaning driya, alêng ta pralayaa, lan ginagila, dening sarpa kadyèka, 7. ingsun wisata, sing gèning kanang daya, sumêdya arsa, tumamèng jalaniddhi, dupi carita-, nira Ken Serah Sadhe, tèkèng samana, sang dyah manon wus rina, 8. tumulya kèndêl, ratrinya linajêngkên, aturira mring, Narapati Sèhriyar, pukulun Sinbad, andumugèkkên kata, lampahanira, pamuwusnya mangkana, 9. Hyang Suksma maksih, dêrwya wêlas maringsun, rikala arsa, umanjing ing samodra, ngong mulat palwa, mandrawa saking têmbing, sigra sarosa, ingsun anguwuh-uwuh,