Gandakusuma, lampah 24, pêdhotan 6-6-6-6
de wrêksa goraya, kamantyan amênggêp, ngong wangwang abukti, wusnya nulya supta,
dya kongsi adangu, wit duk ngong ngalilir, palwa wus tan kèksi, Rêtna Serah Sadhe,
kèndêl dènnya crita, sabab wus rahina, ratrinira malih, dumugèkkên kata, 4.
dana anturira
37
, Sinbad anglajêngkên, kata sojarnira, ing
sakantuningwang
sru rêntêng abutêng, de palwa wus anis, madêg julalatan, kanca pra juragan,
kang tumutur mêntas, maring palwa wau, sajuga tan kalyat, mung palwa kadulu,
saka ring mandrawa, dahat têbihira, tan antara dangu, murca sing pangaksi,
5. andika sadarum, kulaturi galih, sotaning driyèngong, tinilar anèng don,
kang samun kadyèku, locitèng wardaya, tan wun apuwara, lalis wit sing soka, [56]
sru sambat angadhuh, murda ngong pukuli, anibèng bantala, kwèh pangundhatingong,
mring wanda pribadi, dening sun tandyan dun, wus manggya pataka, duk
linggar kang dhihin,
6. jamak nora nêdya, malih alinggaran, sambat sumbalinga, kapwa tanpa
karya, kaduwung wus kasèp, wusana apasrah, mring Hyang Maha Luhur, datan
iwêning rèh, sigra ngong umanjat, ing kaywat butaya, bakit andêdulu, ing kanan
mwang kiwan, ciptaning pranèngwang, ywan ane kawurywan
38
, kang mangka panglipur- , ing sungkawèng driya,
37
aturira
38
kawuryan
7. tumungkul umulat, samodra mung kèksi, welantara laya, nanging dangu-
dangu,
ane kang kadulu, pingul warnanira, sumèlèh ing kisma, sigra ngong numêrah,
sasesaning sangu, sun wawa sadarum, mentar mring ênggèning, kang de ta kaidhêp,
saking têbihira, samaring pandulu, tan sagêd mastani, ri wusira cakêt, 8.
kang pinge kaèksi, bundhêr dhapurira, goraya tur ruhur, dinumuk pan
alus,
ngong gulingkên yun wruh, bok manawa ana, bêbolonganira, nanging datar ana,
arsa sun ênciki, watara tan bakit, de ta agêngira, sèkêt pêcak mubêng, kulandara agni, andungkap yun surup, nulya sanalika, dirgantara kulêm,
9. kadi katawênging, jaladha mandhanu, eraming wardaya, umiyat
kulêming,
madyantara wimbuh , waspadèng pangaksi, kang akarya rêmêng, dyanika kukila,
atbuta kabina, niyup mring goningsun, nulya ngong umèngêt, kojahning kakaga,
winastan pêksi rok, asring sinojarkèn, mring janma ring palwa, de
locitèng driya,
10. wèh cangêng-[57]-nganing tyas, kang pingul kadulu, kadi antigannya
kukila gêng wau, wit gya dhinêkêman, angkên yun tinêtês, rikala ngong mulat, paniyuping
kaga, dhêpès ing antiga, panuju gènira, pukanging pêksindra, de gênging
sukunya, sami lan wrêksa gung, adan wandaningwang, ngong ikêt lan
pukang-, ing kaga gêng ika,
11. sêrban kang sun karya, amusarèng angga, pangarsa-arsèngwang, yèn ing
benjang-enjang,
kagèku ngumbara, ngong bakit umilag, sing nuswa sonyèku, wusnya ingsun lêrêb,
saratri nèng pukang, byar kaga ngumbara, kamantyan aruhur, kongsi tan bakit,
umiyat pratiwi, dyan niyup umisor, lalu rikatira, wusnya kèndêl mabur,
12. umambah bantala, sêrban ingkang mangka, pangugêring wanda, lan
pukang kukila,
sigra sun uculi, tan antara dangu, kagèku manaut, sarpa gung kalintang, winawa ngumbara, de panggènanira, ngong tinilar wau, yèka parung
sungil, dahat lêbêtira, kedraning prabata, kwèh aruhur-ruhur, granira pan
kongsi, 13.
kinêmuling ima, kamantyan arungsit, tan kêni inanjat, yèka sahadaya,
mêmungu wiyoga, wit pangalihingwang, maring sasanèku, yèn tinimbang lawan,
nuswa kang ngong tilar, tan pisan angurud, patakaning angga, dupi ngong umahas,
midêr anèng rênêk, manon irya kathah, pan kadi sinêbar, wênèh angerami,
14.
ing gorayanira, lalu ngong kayungyun, umiyating irya, tan antara dangu,
andulu wêwarnan, protbuta kalintang, wèh sudèng kaharsan, tumingaling endah, [58]
dyan ika taksaka, kwèh sami goraya, pamatarèng driya, kadi datar ana, siki kang tan bakit, angêlên dipangga, yèn rina angêrong, wingwrin mring
pêksi rok, 15.
yèku mungsuhira, mung ratri atatya, yèn rina ngong midêr-, midêr anèng
parung,
tarkadhangan arsa, nèng don kang sayoga, duk sarya wus surup, ngong manjing guthaka,
kang kinira datan, kêni linêbêtan, de wisadharèku, dwara lèng guthaka,
lit tanpa timênggêr, ngong tutupi sela, darapon ywa kêni, linêbon ing sarpa,
16. nanging tutup aryas, tan patia arapêt, apan maksih kenging, kaprabaning
arka,
sawataranira, ratri ngong abukti, sesaning kang sangu, myarsa swarèng sarpa,
awahya sing ngêrong, sru dya kakarsana, gumrah sabawanya, wèh giris manggragas,
sakulêm amuput, sun tan antuk nendra, kadi ta andika, sagêd anggaliha,
17. sotaning driyèngwang, rikala samana, dupi sampun êbyar, sarpa samya
wangsul,
mring ngêrong sadarum, ngong mijil sing guwa, sarya agumêtèr, lakwèngsun umambah,
irya anggêlasah, nging kongsi alama, êniring wulangun, umiyati irya, ngong tumulya lênggah, nadyan sru magiyuh, wimbuh tan asupta, saratri
amuput, 18.
inggih ugi maksih, sun kolu anadhah, wusnya bukti sigra, ngalèlèh aturon,
tandyana tumiba, saka ring aruhur, tan têbih sing gyan ngong, wèh kagèting supta,
de kang ruru ika, daging satugêl gêng, tur maksih anyaran, tan antara dangu,
ane malih kathah, panunggalanira, tumiba sing tinggyan, samya ting
salêbar, [59]