Candrawilasita, lampah 12, pêdhotan 4-8

8. sru kasmaran, maring andika sang ayu, saking myarsa, torasihing ngalêmbana, kwèhning janma, ngata-[27]-se wandèng sang rêtna, pêpêsthèning, sadulur kawula wau, 9. wus katêkêm, wontên ing asta paduka, yèn tan wêlas, tan wun kamantyaning papa, kadang ulun, wus uning murwatanira, wandèng sang dyah, marma kawula namtokkên, 10. yèn kadang ngong, singhit kalawan sang ayu, bilih atur, ulun wèh parênging driya, kula ingkang, nêmbungkên pamintèng kadang, mring sang ayu, mugi ta sampun minohan, 11. dènnya arsa, ngawu-awu ing sang rêtna, yun umalap, mring sang dyah rinêngkuh garwa, ni anlingnya 24 , ciptaning driya kawula, salalising, laki dèrèng darbe kayun, 12. krama malih, ewadene taman bakit, anampika, atur kathah-kathah wau, gyan kawula, anauri inggih parêng, èsmu lingsêm, tandya wanitèku gupuh, 13. marudasta, wangwang tan antara dangu, ane kwara, bêbutulan siki mênga, kang atatya, saking dwara têtêrusan, janma priya, taruna wingit ing nitya, 14. arêspati, ciptaning manah kawula, nohan antuk, laki kang kadya mangkana, janma mudha, wau sigra dènnya lênggah, cakêt amba, ulun myarsa wicaranya, 15. sawruh amba, kawignyanta anglintangi, 24 anglingnya panggunggunging, kadangira èstri wau, duk wanita, ingkang amuwus mring ulun, mulat lamun, kula sampun samya sênêng, 16. malih kêplok, tumulya pangulu prapta, kanthi sêksi, catur sigra aningkahkên, ulun lawan, janma mudha kang wus kocap, de kang dadya, pacêhning 25 laki mring amba, 17. tatar kêni, wawan sabda lan priya lèn, liya saking, laki kawula pribadi, yèn nuhoni, [28]wêwalêrira kadyèku, yêkti arsa, amanggihing kasênêngan, 18. nulya ulun, dhinaupkên sanalika, wusnya antuk, sacandra gyan amba krama, kula darbe, kapti atêtumbas barang, minta lilah, mring laki arsa umentar, 19. linilanan, ni sêpuh kang wus iniwên, miwah amad, èstri kêkalih umiring, dupi prapta, ring lurung gèning kang wisma, pra juragan, nyai sêpuh ika mojar, 20. mring kawula, pamuwusira mangkana, rèhning sang dyah, mangruruh wastra lêlungsir, ulun turi, mring wismèng sudagar mudha, kêkaruh ngong, darbe lêlêmês mawarni, 21. anamtokkên, antuk kang arsa pinêhan, anjajaha, sakwèhning warung dèn kongsi, sayah kadi, tan antuk ingkang kinarsan, dan kalulun, ring kaptinira ni sêpuh, 25 pacuhing

11. Wohingrat, lampah 24, pêdhotan 6-6-6-6

1. tumamèng warungnya, juragan taruna, pêkik warnanira, kawula alênggah, ulun gya umatag, maring nyai sêpuh, mamrih nêmbungakên, mring juragan wau, yèn amba yun uning, dêdaganganira, kang warni lêlêmês, prayogi pribadi, karsanya ni sêpuh, kawula pinurih, anêmbung priyongga, nging ulun lênggana, 2. wit walêring laki, tan kêni kalamun, awawana sabda, lan priya lènira, wajib angèstokkên, pêpacuhing laki, wangwang nyai sêpuh, kang anêmbungakên, nangkoda mijilkên, lulungsir mawarni, sahadaya mawèh, kahastamaning tyas, tandyamba mangatag, tanya rêginira, juragan nauri, mring niyai 26 sêpuh, 3. lêlêmês puniki, tan kawula sade, ing arta mas tuwin, ing arta salaka, ngong [29] wèhkên kewala, katur sang rêtnayu, yèn kula winênang, nguswa pipinira, nyai ulun purih, amangsuli wuwus, yèn atur kadyèka, atyanta dêgsura, nging tar linaksanan, turnya mring kawula, pamintèng sudagar, dede prakara gêng, 4. awit tan kinêdah, anauri sabda, muhung ta pinintan, wêwênang paduka, mangarasing pipi, kalêbêt prakawis, enggal rampungira, saking sru kapasuk, yungyuning wardaya, mring lêlêmês wau, kongsi kataliwêng, umiringing rêmbag, de ni nyai sêpuh, miwah amad èstri, samya angawêngi, dhumatêng kawula, 26 ni nyai 5. drapon panguswanya, ywa kadulwèng kathah, ulun ngrucat kudhung, juragan tan ngaras, nging manjatèng pipi, mijil kang rudira, saking sruning kagèt, miwah kasakitên, pan kongsi murcita, kongsyantara dangu, ulun lupwèng jiwa, ki sudagar sigra, nginêb warungira, tumulya wisata, dupi sampun èngêt, rumaos pipyamba, 6. mijil kang rudira, ni nyai lan amad, gupuh nandhak kudhung, tinutupkên malih, ing wadana ulun, mamrih janma kathah, kang prapta angrubung, sampun kongsi wikan, kinira kewala, kawula murcita, Kèn Seherah Sadhe, umiyat wus rina, kèndêl dènnya crita, pamanggyèng Sri Riyar, caritèku elok, yun wruh candhakira, 7. ratri Serah Sadhe, dumugèkkên kata, turnya Amine mring, Sri Harun Alrasid, duk ni sêpuh uning, yèn ulun watgata, dahat wêlasira, sakuwasa mamrih, nir kagèt lan wingwrin, turira mangkana, aksamanta sang dyah, kang kawula pinta, wit kula kang dadya, [30]sumarmèng pataka, etunta sang rêtna, kawula yaturi, 8. tumamèng warunging, sudagar taruna, awit tunggil jinis, kalawan kawula, tan pisan anyana, yèn dur ing pratingkah, sampun walang driya, suwawi umantuk, ywa kongsi kadangon, kula ingkang badhe, naosi usada, ing dalêm tri ari, sayêkti waluya, tan wontên tumusing, kanin sakêdhika, kunêng aturira, 9. sing sruning murcita, kongsi nir kang bayu, mèh datan kuwawi, lumaris umantuk,