Prawiralalita, lampah 16, pêdhotan 8-8

4. apa sira wus tumonton, wong priya listya kayèki, jim èstri lalu dènira, ngilingi Bedredin Hasan, dyan olih sarya amuwus, nyata pêkik wong puniku, nging mau ngong sing Kairo, non wong kang ngungkuli kihên, 5. yèn sirarsa miyarsakkên, manira yun amartani, kang liningan anauri, ya sun bungah rumêngwakkên, jim èstri malih anabda, kawruhana bêbukaning, kata kang arsa sun wêdhar, narendra praja ing Mêsir, 6. iku adarbe pêpatih, mangran Samsidin Muhammad, kyana patih dêrwya suta, wanodya muhung sajuga, watara umure lagi, rong puluh warsayu luwih, tanpa cacad ing sadêmi, durung ana myarsèng warta, 7. ngungkuli yu endahira, dupi sang aji miyarsa, suwurirèng janma kathah, bab tyantining sutèng patih, tandya patih tinimbalan, sarya sinabdan mangkana, patih ingsun antuk warta, sira darbe atmajèstri, 8. wus têkèng mangsa kinurên, arsa ingsun pundhut garwa, apa sira tan lênggana, anaoskên sutanira, Patih Samsidin Muhammad, tan andimpe pisan-pisan, yèn yun tinanya mangkana, èsmu kewran ing wangsulan, 9. wit saking nora kapencut, miwah taman anggarjita, myarsakkên andikèng prabu, yèn ta lènira kya patih, yêkti arsèkanang driya, sutane ginarwèng katong, etu-[166]-nta wangsulanira, pukulun tan arus amba, 10. linunturan sih paduka, narendra ingkang kadyèku, dahat pamundhi patikbra, mugi-mugi sampun dadya, runtiking tyas padukèndra, kawula dahat lênggana, lumaksanèng karsa prabu, kang sampun winahya wau, 11. pukulun mugi wikana, amba darbe kadang priya, mangaran Nuridin Ali, nguni dadya patih prabu, nênggih sisihan kawula, ing nguni data lan ulun, yèku prawitèng miruda, saking prajèndra ngariki, 12. wiwit rikala samana, amba datan antuk warti, nging ane sing catur ari, punikambantuk warta yan, Nuridin Ali wus lalis, wontên praja ing Balsorah, duk gêsang kinarsakakên, dadya patihirang prabu, 13. ing praja Balsorah wau, tilar suta jalu siki, sarèhning nalikèng dangu, amba lan Nuridin Ali, wus akarya patêmbaya, arsa sami bêbesanan, marmamba amêsthèkakên, yèn lalising kadang ulun, 14. mêhêng supadi kalakyan, ingkang dadya patêmbaya, marmi ta amba ing mangke, arsa anêtêpi jangji, pamintamba mugi-mugi, parênga ing karsa aji, prajèndra ing ngriki kathah, priyantun darbe sutèstri, 15. ingkang kadi atmajamba, yèku mugi kinarsakna, atalingira kya patih, sri nata anindya runtik, maring Samsidin Muhammad, Kusuma Seherah Sadhe, carita têkèng samana, kèndêl wit sampun rahina,

57. Hastakuswala, lampah 23, pêdhotan 6-6-6-5

1. ratrinira malih, dumugè-[167]-kkên kata, turira sang rêtna, mring Sri Sèhriyar, Gusti Patih Gyafar, nglajêngkên cariyos, mring Sri Run Alrasid, mangkana turnya, lingnya jim wanita, natèng Mêsir dahat, runtiking tyasira, rumasa lamun, sri ing ngêsorakên, wit dening lênggana, lan digdiranira, rêkyana patih, 2. tan kuwawa nahên, bramatya mawêrdhi, bêngis andikanya, apa ta iku, pamalêsira mring, kasudarmaningsun, dènira ngêsorkên, panjênêngan ngong, de sun darbe karsa, anggarwa sutanta, sun kuwasa malês, marang ing sira, wit kita digdira, ngunggulkên janma lèn, ngêsorkên wandèngwang, dêmi Allahu, 3. sutanira nora, sun lilani laki, liyane kalawan, abdyèngsun tukon, ingkang wus atua, lan adhah pribadi, wusnya ngling mangkana, rêkyana patih, tinundhung umulih, lawan têmbung saru, patih dyan lumèngsèr, sing byantaraji, umêsat maluywa, sru sungkawèng driya, wangwang sri narendra, matag nimbali, 4. abdi gamêl siki, wungkuk tur abucu, sing antyadhahira, kêni kinarya, mêmêdèni rare, sri sigra mangagnya, mring patihira, sutanya pinrih, dhaupkên kalawan, pakathik drukanta, paningkahira nèng, ngarsa narendra, de layang jangji pa-, ningkahira wau, katandhan ing sêksi, nèng byantaraji, 5. dupi wus atata-, tata wiwahanya, ing mangkya sakwèhning, pra amadira, priyayi sajroning, nagara ing Mêsir, ngumpul sadarum nèng, dwarèng patirtan, samya ngrênggêp obor, manganti praptaning, gamêl wungkuk bucu, saking padusan, awit gamêl ika, lagyadus nèng ngriku, sa-[168]-mangsanya uwus, arsa dèn arak, 6. mring goning pangantè-, n èstri sutèng patih, de pangantyan wadon, wus asiaga, ing saangkatingwang, saka ing Kairo, kwèh priyayi èstri, padha garêbêg, pangantèn wanodya, nèng pathika magêng, miwah arêpatan, hringku sadarum,