Kuswalalita, lampah 23, pêdhotan 5-6-6-6

3. iya arèngwang, kita ngong surupkèn, turing dyah Amine, mring Sri Run Alrasid, pukulun amba, botên nêlayani, prakawis kang sampun, paduka pyarsakkên, saking aturing, sadulur kawula, kangbok Sobehidhe, muhung padukèndra, ngudanènana, sarèhning renamba, samana wus sêpuh, tumbas wisma siki, 4. karsaning ibu, darapon sênênga, ing panggêsangannya, kongsi praptèng lalis, ulun kinurên, lawan janma ngindhung, jro kitha puniki, ananging asugih, miwah kawula, binêktanan barang, warising sudarma, dyan ulun akrama, pan dèrèng kongsi, sawarsa laminya, lakyamba ngêmasi, apan tilarannya, 5. dadosing arta, salêksa uwang mas, locitèng wardaya, sarêmaning arta, samantên kèhnya, kewala pan langkung, kalamun binukti, ing sayogyanira, dupyamba musthi, pratandhèng sungkawa, wus samadya warsa, tandya akèn karya, busana anyar, awarni sadasa, pramati sadarum, pangangge sajuga, 6. lêbêtanira, anyèwu uwang mas, duk sampun prapta ring, wêkasaning warsa [24], kawula wawa, nujwèng sajugari, ulun anèng wisma, lagya nambut kardi, rencang majari, ane wong sawèstri, sajuga yun panggih, kalawan kawula, ulun mangatag, maring abdi wau, nglêbêtna janmèstri, kang arsa pêpanggih, 7. tuk tumamèng jro, kawula tingali, wus sêpuh wancinya, anguluki salam, nguswa bantala, tumulya ajèngkèng, itina lingira, kusumaning ayu, paminta ulun, ywa rêngating driya, amba kumapurun, sumiwèng ngarsanta, angribêdi ing, pan nambuting karya, saking wus pracaya, mring kasudarmanta, 8. marma kawula, kaduk purun marêk, ing ngarsa sang rêtna, badhe saos atur, kawula darbe, wêka èstri lola, ing ari puniki, badhe dhaupipun, ananging ulun, lan sutèstri wau, sami anênêka, tan darbe katyangan, nèng kitha ngriki, punika akarya, bingunging tyas amba, wit panggihing siwi, 9. sagêda kèksi, maring janma kathah, darapon kênia, kalêbêting etang, tumutur wisma, wontên jro kithèki, kandêling wandèngwang, sawatawisira, etunya sang dyah, ywan parênging karsa, kawula aturi, têdhak mring wismamba, anjênêngana, ing bawahanira, yèn kongsi kalakyan, paduka nêdhaki, 10. saèstu dahat, kapotangan ulun, etunta mangkana, wit sakwèh wanita, jro kitha hringki, sami andulua, myang ngudanènana, yèn jasad kawula, dede wong rucah, dene priyayèstri, kang kadi sang ayu, arsa anêdhaki, yèn sang dyah wiyang, sayêkti kawula, manggih kaèrangan, [25] tan bakit mangruruh, 11. janma lènira, kang pinintan ing sih, dènira wacana, ni sêpuh wor waspa, amba wlas mulat, anauri wuwus, ywa ardèng sungkawa, ingsun tan lênggana, anduluri ring, pamintarinèku, muhung tinuduhna, don kang ngo 22 dumona, mangke sun arsa, sawega karuhun, kang rada sayogya, dupyamba wangsuli, 12. ingkang kadyèka, sru arsanèng driya, padamba kinuswa, pinênging tan kêni, 22 ngong wus kaunian, ing panguswanira, dêlingnya mangkana, Hyang Suksmarsa malês, ing kadarmanta, kang lumuntur mring ngong, myang paring kaharsan, mring paduka sang dyah, kadi dènira, masung garjitèng tyas, dhumatêng kawula, mangke dèrèng waktu, 13. sang dyah mentara, kularsa uwangsul, malih umarêk ing, ngarsa sang rêtnayu, murugi ngiras, umiring paduka, mring wisma kawula, ulun mantuk dhihin, mêhêng kewala, samyandum basuki, yêkti ulun malih, maluywèng mariki, cundhuk lan sang dyah, wusnya ling mangkana, ni sêpuh gya mêsat, kawula siaga, 14. milih busana, kang sinênêng ing tyas, amawa kêkalung, mutyara gêng- agêng, binggêl myang singsim, miwah asasêngkang, iryadi sadarum, sêkung yun udani, ingkang kalakyan, ring wismèng ni sêpuh, sontên tandya prapta, arsana nityanya, wangwang nguswasta, kawula saryangling, kusumaning adi, yayah renanira, 15. badhe mantwamba, miwah pra wanita, jroning kitha ingkang, kawical pra yayi, wus samya rêpat, yèn sarênging karsa, sang dya 23 numilaga, inggih sapuniki, kawula ingkang, ma-[26]-nuduh ring ngênu, ulun gya umahas, ni sêpuh dhihini, lumakwèng ngarsa, amad ulun kathah, marabot sadarum, umiringing lampah, 23 dyah

10. Candrawilasita, lampah 12, pêdhotan 4-8

1. sapraptamba, ring lêlurung asis kèndêl, padhang dening, lêntera ingkang dinunung, sapucaking, kanang gapura goraya, sru sumuluh, ulun umiyat gurita, 2. saruhuring, wiwara de ungêlira, ya ing kene, sasananing kasênêngan, myang kaharsan, ingkang langgêng tanpa uwis nyai sêpuh, sigra andhodhog wiwara, 3. kang amawa, sastra winahya ing wau, dyan winêngan, ulun binakta umanjing, mring ni sêpuh, lumêbêt ing wisma agêng, anjog maring, sêpathika sajugasis, 4. anèng ngriku, pinêthuk ing wanita kwèh, ayu endah, ing warnanira sadarum, adan samya, mangayuh ulun agênti, wusnya amba, ngacaran lênggah ing kursi, 5. tan atêbih, sing kursi wau punika, dinunungan, amparan adi sajuga, tulya asri, kinarwèsthi dening irya, pra wanita, kang siki nabda ring ulun, 6. sang rêtnayu, gyan paduka sinuruhan, têdhak mriki, supadi anjênêngana, wiwahaning, pangantènira ni sêpuh, nanging mangke, pangarsa-arsa kawula, 7. kang pangantyan, badhe asalin salaga, sanès kadi, kang wus dadya ciptèng nguni, kawikana, kula darbe kadang priya, dibya listya, datar ana kang tumimbang, 8. sru kasmaran, maring andika sang ayu, saking myarsa, torasihing ngalêmbana, kwèhning janma, ngata-[27]-se wandèng sang rêtna, pêpêsthèning, sadulur kawula wau, 9. wus katêkêm, wontên ing asta paduka, yèn tan wêlas, tan wun kamantyaning papa, kadang ulun, wus uning murwatanira, wandèng sang dyah, marma kawula namtokkên, 10. yèn kadang ngong, singhit kalawan sang ayu, bilih atur, ulun wèh parênging driya, kula ingkang, nêmbungkên pamintèng kadang, mring sang ayu, mugi ta sampun minohan, 11. dènnya arsa, ngawu-awu ing sang rêtna, yun umalap, mring sang dyah rinêngkuh garwa, ni anlingnya 24 , ciptaning driya kawula, salalising, laki dèrèng darbe kayun, 12. krama malih, ewadene taman bakit, anampika, atur kathah-kathah wau, gyan kawula, anauri inggih parêng, èsmu lingsêm, tandya wanitèku gupuh, 13. marudasta, wangwang tan antara dangu, ane kwara, bêbutulan siki mênga, kang atatya, saking dwara têtêrusan, janma priya, taruna wingit ing nitya, 14. arêspati, ciptaning manah kawula, nohan antuk, laki kang kadya mangkana, janma mudha, wau sigra dènnya lênggah, cakêt amba, ulun myarsa wicaranya, 15. sawruh amba, kawignyanta anglintangi, 24 anglingnya