Kilayunêdhêng, lampah 22, pêdhotan5-6-6-5
myang garjitèngong, lawan malih sira, kudu nyaritakkên, mring sun lèn rena,
saliring rèhi-, ra Bedredin Hasan, tumundhukke malih, kalawan sira, rêkyana patih, wusnya mituturi, mring siwi dyan mijil, sing gêdhongira,
4. sang rêtna ayu, tumamèng paprêman, Kèn Seherah Sadhe, kacandhêt wus
byar, dènira arsa, lumaju ing kata, rèhning Sri Sèhriyar, sêkunging kapti,
ayun uning ba-, bar ring critanira, Bederedin Hasan, ratrinya malih, Seherah Sadhe, winungu pribadi, inagnyan lumaju, ing katanira,
5. kusumèng ayu, lumaksanèng agnya, samangka turira, sri narapati,
Patih Giyafar, nglajêngkên cariyos, mring Sri Run Alrasid, pamuwusira, Patih Samsidi-, n Muhammad mêmatih, [222] mring sakwèhning abdi,
kinèn umijil, sing gêdhong magêng, muhung sinesakkên, kalih nguni wèh tri, yèku kang
arsa, 6.
dhinawuhan a-, mêdalkên Bedredi-, n Hasan saking pêthi, miwah ngrucati,
busananira, mêhêng ingkang maksih, rungki rêrangkêpan, kalawan mojah,
yèn sampun kinèn, mawa mring kamar gêng, tinilara priba-, di anèng ngriku,
kwara nginêbna, Bederedin Hasan, ingkang kawuwusa, nadyan sru unang,
7. kapati nendra, kongsi tan kawathya, yarya winêdalkên, saking jro pêthi,
busananira, samya rinucatan, muhung ingkang kantun, rungki sarapan, kalawan mojah, sigra winawa mring, sapathika magêng, tinilar hringku,
Bedredin Hasan, dupi angalilir, kaèksi pribadi, nèng gêdhong magêng, 8.
ajulalatan, salir kang kadulu, mèngêtkên rikala, ing dhaupira,
tan indung ing pa-, ngèksinya sadarum, yèn sapathikèku, unggyan ta panggih,
lan gamêl bucu, sru wèh kawismaya, wimbuh cangêngira, dupi umangsah, mring kamar dwara-, nya pinanggih mênga, myat busananira, maksih
dumunung, 9.
nèng gyan ing nguni, umèngêt dènira, mrênahkên kalari, dhaupirèku, asanti sarya, mêjêk netranira, ya Allah ngong iki, apa ta supta,
apa ta mêlèk, sang rêtnayu suka, mulat liwungira, Bedredin Hasan, wusnya antara, sang dyah mikis gubah, ngungak sing paprêman, manising
wuwus, 10.
paran karyanta, kandhêg anèng kwara, mugi umanjinga, ring tilam sari, duk wau dahat, kawismayèng driya, satangi-[223] kawula, tuan tan ana,
Bedredin Hasan, alêgêg tumingal, èstri kang nênantya, awit kadêlyan, nguni wus tau, mor nendra sapisan, lawan wanitèku, dyan malbèng
kamar, 11.
ananging tan u-, manjat mring paprêman, wit kèh kang kadriya, lampahanira, kang wus kalakyan, antara lamini-, ra sadasa warsa,
mangka sakwèhning, prakawis wau, pamanggihirèng tyas, kalakyan muhung sa-, ratri kewala,
Bedredin Hasan, amarani kursi, non busananira, kalawan kuji, 12.
mesi arta mas, tumumpang ing kursi, wusnya titi dènnya, amêmiati, tandya asanti, ya Allah anindya, limut ngong nglakoni, lakon kadyèki,
kusumaning dyah, asuka tumingal, liwunging Bedredin, wangwang manabda,
tuwan puniku, lagyang de punapa, bok malih umanjat, maring paprêman, 13.
Bedredin Hasan, liningan mangkana, umangsah marani, ring sang dayita, panabdanira, sang ayu kawula, mugi jinarwana, pisah kawula,
lawan paduka, punapa wus lama, sang dyah anauri, panilakrama, padukèku kar-, yèraming tyasingwang, dènira umimba, saking paprêman,
14. pan lagya wau, punapa ta liwung, Bedredin nauri, kula tan bingung,
maksiha yatna, yèn wus tau supta, kalawan andika, nging ulun wikan, yèn wus awisma, nèng Dhamaskus praja, antara wus antuk, sadasa warsa,
de ratri wau, lamun winastanan, supta lan andika, bobab kewala, 15.
wit pisah kula, apan sampun antuk, sêmantên laminya, marma tan cundhuk,
prakara iku, nimitan ta mugi, winartan sa-[224]-yêkti, panggih kawula, lawan paduka, punapa muhung gê-, gujêngan kewala, lèn wisatèngwang,
sampun samana, laminira wau, punapa ta inggih, muhung supêna,