Brêmarawilasita, lampah 11, pêdhotan 4-7
8. umiyating, sonèstri mulya jati,
wit sirnaning, cintaka sing karsèndra, dyan mangatag, nimbali ingkang putra,
Pangran Amin, miwah sinungan wikan, 9.
yèn sang nata, sampun antuk pawarti, dènnya krama, alampah dhêdhêmitan,
myang sumarma-, nira Rêtna Amine,
nandhang gèthèk, risang Pangeran Amin, 10.
dè-[40]-rèng kongsi, inagnyan de kang rama,
umalapa, malih mring Kèn Amine,
pan kawijil, aturira pribadi, yun pinêndhêt, malih kinarya garwa,
11. karsanira, Prabu Harun Alrasid,
Sobehidhe, pinèt garwa pribadi, fêkir katri, tinantun angrabèni,
Safi miwah, kadanging Sobehidhe, 12.
kêkalih kang, sampun mulya sajati, tan lênggana, lumaksanèng karsèndra,
nulya Sang Sri, Run Alrasid karsanya, fêkir katri, sinungan wisma agêng,
13. anyajuga, sajroning prajèng Bahdad,
myang ginanjar, lungguh dadya nayaka, wusnya gilig, ing gosthi bab pikramèn,
dyan nimbali, khali lan sêksi kalih, 14.
aningkahkên, fêkir têtiga wau, Prabu Harun, saking wus kathah dènnya,
mitulungi, pangupadrawèng papa, apan dadya, kidung pangalêmbana,
15. kwêhning janma, samya angupasanta,
kaharjèng Sri, Serah Sadhe muryani,
criyosira, janma kang sring linggaran, umambah ing, jaladri nama Sinbad,
16. aturira, mring Narendra Sèhriyar,
sri bupati, ing nagri bawahira, Prabu Harun, kang wus iniwên wau,
wontên bêrah, Inbad panêngranira, 17.
ing sajuga, ari nuju sru panas, angrêrêmbat, sing awrat kang winawa,
miwah payah, mangka prênahing sana, kang jinujug, apan maksih atêbih,
18. lampah ari, kèndêl wontên ing lurung,
hringku nuju, pawana silir-silir, rêmbatannya, sinèlèh dèn lênggahi,
de gyan kèndêl, [41] cakêt lan wisma agêng, 19.
sru ascarya, dènnya kandhêg nèng ngriku, awit mambêt, gonda mrik miwah dupa,
kang atatya, sing janelaning panti, lèn rumêngya, swarèng gongsa angrangin,
20. barung lawan, sabawaning kukila,
kwèh mawarna, ciptanira ing driya, yêkti wontên, janma bogadrawina,
yun uninga, maring kang darbe wisma,