Saprêtitala, lampah 17, pêdhotan 6-6-5
sang sri naranata, dahat drêdya mring wang, lèn wong jro pura, 3.
miwah wong sakutha, samyasih maringsun, tansah amurih, karya kaharsan ngong, gyan sun adêdunung, nèng pulo wau,
nadyan dèrèng lama, tan mantra nênêka, [82] sampun ing nganggêp, wisma nèng nuswèka, nulyana tontonan, ngatase ingsun,
4. pan kalêbu elok, sri manitih wajik, pra abdyandulur,
ananging datanpa, mawi sanggawêdhi, nuju sahari, ngong sumiwèng nata, matur atêtanya, ring sang pamasa,
paran paduka tan, musthi sanggasiti, andikèng prabu, 5.
tan wrin kang winastan, sanggasiti wau, lèn ing nuswèku, datar ana uning, ing anggènirèku, wangwang ngong mentar,
mring wismèng undhagi, matag karya kambil, manut têpèngong, ri wusira dadya, sun isèni wulu, ngulêsan crêma,
6. têpining kêkambil, rinancanèng tatur, nulya sun mêsat,
mring wismaning pandhe, ngong pradi akarya, kandhali siki, miwah songgawêdhi, manut polaningwang, ri wusnya dadi,
sigra ngong saoskên, mring nata sadarum, kambil anulya, 7.
tinrapkên ning kuda, titian narpati, ngong pinrih nyoba, nitihi karuhun, wusira mangkana, dyan sri manitih,
lalu garjitaning, driya sri narendra, ngong antuk reka, kang mangkana iku, myang dasih nrêpati, para prawara,
8. samya amêminta, kinaryakna kambil, sun tan lênggana,
umiringing karsa, akwèh pawèhnira, pisungsung mring ngong, karya kasugihan, kang para pratiwa, sajroning kutha,
sami sun karyakkên, kongsi dadya kondhang, pakaryaning ngong, 9.
ngong sinuba-suba, rèhning wus akarya, kaharsan katong, nuju ngong sewaka, sang nata ngandika, Sinbad jênêng sun,
asih marang sira, lèn pra abdiningwang, apan wus lawan, têpung lawan sira, iya milu drêdya, sun darbe [83] karsa,
10. mring sira ing mêngko, arsa sun wahyakkên, ngong anauri,
pukulun paran ta, ingkang dadya karsa, amba cumadhong, lumaksanèng agnya, miwah sêtya tuhu, angèstokakên,
wanda ulun sampun, nèng asta paduka, mubarang
60
karsa, 11.
sandika lumakwa, sri malih anabda, sirèku arsa, sun pikramèkakên, darapon ywa kita, nêdya sumusuk,
mring nagaranira, ata lingira sri, rèhningsun wingwrin, maoni karsanya, ingsun sandikani, dyan ngong kinurên,
12. lan dasihirèstri, jroning kênya pura, endahing warna,
kalawan pararta, turas bangsa ruhur, ngong dhinaupkên, ri wusnya luwaran, abogadrawina, ngong nunggil wisma,
lawan rabiningwang, tansah asih lulut, nanging ta ingsun, 13.
maksih durung marêm, ing kamuktèningwang, nêdya umulih, mring nagri ing Bahdad, samangsanya ane, banawa prapta,
wit ngong tana bakit, supe mring prajèngwang, nadyan muktia, nèng nuswa ngamanca, sumêdya tan katrêm, kocap mitrèngsun,
14. têtanggan lan ingwang, rabinira sakit, puwara lalis,
sigra ngong manirah, arsa nglayad miwah, asung panglipur, dènnya kapugutan, trêsnanirèng rabi, sapraptaningwang,
pinanggih sru orêm, dêling sun mangkana, mugi Hyang Widdhi, 15.
rumêksèng andika, saha amanjangna, yuswa andika, mitrèngsun nauri, dhuh paran marganya, sagêda kabul,
pamujinta iku, awit daruningsun, mung kantun sajam,
ngong nauri sabda, mugi ywa andriya, kang ora-ora,
16. kula amêmuji, ywa kongsi kalakya-[84]-n, cêpak takanta,
darapon sagêda, lami amêmitran, lawan andika, tanggèngsun nauri, kita ngong pujèkkên, lami tumuwuh,
ngatase wandèngwang, sampun datan kêni, angarsa-arsa,
17. agêsanga lami, kita sumurupa, sahari mangke,
60
Kata ini seharusnya ditulis samubarang, namun untuk mengejarmemenuhi metrum tembang Sapretitala lampah 17 pêdhotan 6-6-5maka hanya ditulis mubarang.
ngong tan wun pinêndhêm, lawan rabiningwang, yèku wus dadi, adat kang parwita, ing nuswa puniki, prapta ing mangke,
maksih ing ngèstokkên, yèn priya kapatyan, rabinirèku, 18.
pinêndhêm uripan, lawan grahanira, yèn laki lalis, pan makatên uga, rabinya kang maksih, urip pinêndhêm,
lawan grajanira, kirna wong nuswèki, tan kêni wiyang, angèstokkên adat, kangge salaminya, nimitanira,
19. tana sarananya, mamrih mingkarani, antakanipun,
ing sadangunira, ingsun dèn wartani, adat tan kaprah, wèh katrêsaning tyas, wandawa myang mitra-, nira kwèh prapta,
samyarsa andulur, pamêndhêming wangke, de kunarpèku, 20.
binusanan kadi, duk dadya pangantyan, lèn rinancana, ing sêsotya wangwang, kunarpa dinunung, jroning tabêla,
nanging tanpa tutup, wusnya dyan winawa, mring gèn kaluwat, lakinya umiring, wurining tabêla, layon binakta,
21. mring prawata ruhur, sapraptanya hringku, tumulya ana,
tutup sela agêng, yèku pan tutuping, sumur ajêro, ri wusnya ngungkaban, tandya kang tabêla, ing ngundhunakên,
mring jro pase wau, busanèng kunarpa, tan rinucatan,