Wêgang Sulanjani, lampah 23, pêdhotan 5-6-6-6

1. dhêmi Allahu, kawula kang madhêm, wanita punika, nulyamba ambala, jroning narmada, pama doracara, mugi ta ing benjang, praptèng akir jaman, ywa kongsi ulun, pikantuk panduman, nugrahèng Hyang Suksma, amba ingkang arus, katraping ukum, nata kawismaya, myarsa ring supata, kang kadya mangkana, 2. rèhning ki sêpuh, umênêng kewala, dadya sri pracaya, sêtyaning turira, andikèng [134] nata, mring janma taruna, heh cilaka sira, paran sumarmanya, kita diraya, amrêdi duskarya 81 , ingkang mangkonèku, lan maninge paran, prawitanira, sirèku sumiwi, anèng ngarsaningsun, anaoskên pati, 3. ingkang liningn, amangsuli atur, pukulun upami, lêlampahan amba, lawan pawèstri, ingkang pinêjahan, wontêna karsèndra, mangagnya nêrati, sayêkti dadya, cariyos tur kathah, mênggah khasilipun, sang prabu anabda, mara katakna, wong mudha turira, sandikèng agnyèndra, dyan muryani crita, 4. Seherah Sadhe, duk têkèng samana, dènira carita, tumulya akèndêl, wit wus rahina, ratrinira malih, Nrêpati Sèhriyar, tanya bab kataning, janma taruna, mring Sri Run Alrasid, turnya Serah Sadhe, pukulun sang katong, cariyosira, janma tarunèku, mring Nararya Harun, ing ngandhap punika, 5. turnya wong mudha, mring Sri Run Alrasid, gusti sri narendra, mugi udania, wanita ingkang, pêjah dèn niaya, punika rabyamba, nênggih sutanira, 81 duskarta janma sêpuh kang, sumiwèng ngarsèndra, sadhèrèking bapa, dadya prênah paman, kalawan ulun, rikala kinurên, lagya kalih wêlas, warsa umurira, 6. prapta ing mangke, wus sawêlas warsa, samantên laminya, sampun wêwêka tri, pan maksih sami, gêsang sahadaya, de ta semah ulun, ing salaminipun, dèrèng akarya, rêngating tyas amba, patitising nalar, wipalèng pratikêl, tansah makirtya, pisukaning driya, ulun ing-[135]-nggih ugi, nimbangi sih drêdya, 7. antawis wontên, dwi candra punika, rabyamba asakit, ing sakuwasamba, tan kêkirangan, ing pambudi ulun, mamrih enggalira, waluyaning semah, riwusnya antuk, sacandra laminya, dhangan sawatawis, dènira nandhang puh, nulyarsa mentar, maring pasiraman, sadèrèngnya linggar, amuwus mring amba, 8. dana anlingya, kakang ngong kapêngin, bukti jêram bilih, andikèku bakit, amolihakên, sayêkti akarya, arsyaning tyasingwang, pan sampun alama, kula kapêngin, ing mangke asangkin, wimbuh kumacèlu, yèn tan minangkanan, sandeyèng driya, bilih tan sayoga, ing kadadyanira, amba anauri, 9. sakuwasèngwang, ingsun mrêlokakên, mamrih sênêngira, amba dyan mring pêkên, miwah mring warung-, warung ngrêrêh jêram, ciptaning wardaya, sajuga nadyanta, hargi sahwang mas, inggih amba tumbas, nanging datan antuk, sigra ulun mantuk, lalu rudatin, wit sampun kangèlan, tan lêbda ing karya, rabyamba duk wangsul, 10. saking patirtan, manon yèn kawula, taman antuk jêram, sru unanging driya, kongsi tan nendra, enjingira ulun, tangi umun-umun, lumaris anjajah, kwèhning ngudyana, mêksa datan polih, nulyamba kapêthuk, lawan juru taman, sêpuh ing wanci, awarti mring ulun, dipunkangèlana, pamusèng mrih jêram, 11. yêkti tan antuk, ingkang wontên muhung, udyanèng nrêpati, nagri ing Balsorah, [136] sing dahat trêsna, mring rabi kawula, lumuh rinuntikan, yèn tan minangkani, ing karsanira, patikbra sawega, kadi yun linggaran, awarti mring semah, ing panêdyamba, yun mentar mèt jêram, wangwang ulun mêsat, mring prajèng Balsorah, 12. sing sru mrêlokkên, antawis laminya, panca wêlas ari, kawula maluywa, antuk jêram tri, juga-sajuganya, hargi sauwang mas, patamananira, radyèng Balsorah, de tan wontên malih, panunggilanira, juru tamanira, mèh datan suka, tinumbas sakirang, sing samantên wau, ing samantuk amba, 13. jêram têtiga, kawula asungkên, mring semah ananging, wus nir kapenginnya, muhung amarêm, sinandhing kewala, ing salajunira, rabi amba tansah, agring kewala, ênti ing pambudi, mrih waluyanira, ing samantuk ulun, mangruruh jêram, wontên saantawi-, s sing ari kawula, lênggah anèng warung, 14. panggènanira, wong sade lêlungsir, adi warni-warni, patikbra umulat, amad sajuga, lintang ing gyan ulun, dur nitur acêmêng, umawa jram siki, warninya kadi, jêram antuk ulun, sing prajèng Balsorah, kawula tan mangmang, wit dening wikan, yèn nagri ing Bahdad, miwah patamanan, kiwa têngênira, 15. tan wontên jêram, marma amad wau, kawula sêsantya, ata panantyamba, heh kyai sanak, antukira jêruk, iku saking ngêndi, amad anauri, sarya gumujêng, jêram puniki sing, kalulut manira, wau ngong maninjêm, pinanggih sakit, sawatarani-[137]-ra, ingsun dulu jêram, tatêlu sinandhing, 16. manira tanya, antuk saking pundi, pratelanya mring wang, saking lakinira, dènira umèt, kongsi alinggaran, panca wêlas ari, muhung prêlunira, mangrêrêh jêram, wau ingsun nadhah, karoron lan bedhang, mantuk ngong sinungan, jêram puniki, pamuwus mangkana, karya lupwèng driya, wangwang ulun madêg, 17. anginêb warung, bawisya umantuk, anindya kabangan, andumonèng kamar, unggyaning rabi, kawula tumingal, jêram kantun kalih, dadya amba tanya, sajuganira, jêram wontên pundi, semah nolih dulu, jêram èstu muhung, sesa kêkalih, wangsulaning wuwus, êmbuh anèng ngêndi, jêruk kang sawiji,

47. Sapretitala, lampah 17, pêdhotan 6-6-5

1. dupi sinojaran, kang kadya mangkana, ulun tan mangmang, ing kayêktènira, bab wuwusing amad, sanalikamba, malupa kataman, kimbruwan lèn bêndu, panuju ulun, anyangkêlang lading, sigramba tandukkên, tênggaking rabi, 2. tandya ulun tigas, lêlaweyanira, tinêngkêr-têngkêr, dadya catur nulya, binuntêl dinunung, jroning karanjang, inikêt ing bênang, rêkta dinunung ing, sajroning kopêr, antawis wus kulêm, kopêr ulun labuh, dhatêng narmada, 3. samantuk kawula, saking ing jahnawi, sutamba kalih, kang alit wus nendra, sajuga pinanggih, lênggah nèng kwara, arda ing pamular, ulun tanya prawi-, taning udrasa, sutamba nauri, rama ênjing wau, kula umalap, 4. jêramipun ibu, sajuga kang saking, kita karuhu-[138]-n, nging jêng rena tan wrin, ing pamêndhêt kula, wangwang ngong dolan, lawan ari kalih, wontên ing radinan, nulyana amad, magêng ruhur prapta, ngrêbat jêram kula, winawa mlajar, 5. kula anututi, minta wangsulira, jêraming ibu, malah ngong pajari, yèn ibu kang darbe, jêram puniku, lagya anandhang puh, kita kang mangruruh, kongsi linggaran, panca wêlas ari, nging tan pinaèlu, miwah tan arsa, 6. amangsulkên jêram, rèhning ngong tut wuri, sarya sru anjrit, amad ika nolih, kawula pinukul, wusnya tumulya, tinilar lumaris, umambah radinan, amenggak-menggok, kahanisan lari, ing sadangunira, ngong midêr-midêr, 7. dolan jroning kutha, ngarsarsa praptanta, pamintaningwang, bapak aywa kongsi, awarta mring ibu, wit sandeyèng tyas, bok manawa karya, wimbuh agringira, wusnya sutamba, manabda mangkana, sangkin sru karuna, iwunging driya, 8. myarsa turing wêka, tan kêni iniwên, samantaramba, rumaos agunging, kalêpatan ulun, lalu kaduwung, wit sing gugon tuhon, mring wuwusing amad, kang ngapus dora, saking pangucaping, suta ulun wau, kongsi kawula, 9. sidhêp warta yêkti, nging kaduwung ulun, sampun akasèp, tan antara dangu, paman amba prapta, arsa nuwèni, sutanira nanging, tan pinanggih gêsang, dyan ulun walèh, yèn pêjah ing siwi, margi dening kula, sakwèhning nalar, 10. kawula aturkên, lèn amba ngangkêni, ing kalêpatan, nging paman tan pisan, runtik mring patikbra, ma-[139]-lah tumutur,