Kilayunedhêng, lampah 22, pêdhotan 5-6-6-5
3. kang dêrwya barang, panêngrannya Sinbad, dupi ngong miyarsa,
namèngsun iku,
atrês tyasingwang, kapitan sun kênyêp, tan indung ngong dulu, yèku kang nilar,
mring sun rikala, ngong nendra nèng nuswa, cakêt lan narmada, tan dèn antèni,
tuwin rinuruh, tumulya tinilar, umangkat kewala, duk lagya panggih, 4.
lawan kapitan, ngong indung sayèkti, wit lama apisah, lan malihira,
wandèng kapitan, sawatara owah, rèhning ngong sinidhêp, sampun ngêmasi,
sèstu kapitan, pandung dulu mami, dadya sun atanya, namèng juragan, kang darbe barang, punapa sayêkti, panêngrannya Sinbad, kapitan
muwus, 5.
inggih mangkana, wastaning sudagar, praptanira saking, praja ing
Bahdad,
numpang palwèngsun, mring Balsorah nagri, nuju sajugari, rowang ngong mêntas,
mring nuswa ayun, umalap udaka, pra tuwin wowohan, kang anyêgêri, Sinbad tumutur, umêntas mring nuswa, wusnya sakèh kanca, wangsul
mring [76] palwa,
6. ngong sigra mangkat, tan wrin pisan-pisan, Sinbad maksih kari, anèng
nuswèka,
dupi angkat ngong, wus antuk kalih jam, sun lan rowang lagya, wikan yèn Sinbad,
tan nèng banawa, rikala waktwèku, pracondha manampêk, palwa tan kêni, ngong ingêr nêdya, amangsuli Sinbad, ata
54
sojarnira, kyai kapitan, 7.
ingsun tan nauri, yèn makana
55
kita, wus anamtokakên, atmakèng sinbad,
54
kata
55
mangkana
kapitan mojar, pan inggih sayêkti, Sinbad wus ngêmasi, ngong malih nabda,
kapitan mugi, andika tamatkên, inggih ingsun Sinbad, kang kita tilar, nèng nuswa sonya, panuju asupta, nèng tirah narmada, dupi ngong
nglilir, 8.
kanca sadarum, barêngan umêntas, tan ana kaèksi, wusnya ngong
ngucap,
kadya mangkana, kapitan anindya, angênyêp maring sun, Seherah Sadhe, manon wus rina, kèndêl dènnya crita, ratri linajêngkên, turnya mangkana,
sri narapati, Sinbad dumugèkkên, dènira carita, nahan lingira,
9. wusnya kapitan, tan samar non ingong, wusana tan indung, ingsun
kinayuh,
pangucapira, ngong sukur ring Widdhi, de sangsara kita, kang ajalaran, saking sun wus nir, tinulungan dening, Hyang Kang Maha Luhur, lah ta
punika, dagangan kita, ingkang tan apêgat, ingsun upakara, lan ngong rawati,
10.
salaminira, ingsun kaunggyanan, sabên-sabên kampir, nèng palabuhan,
ing sawatara, wus ingsun dhindhali, mangke ngong ngulihkên, sadayanira,
pêpayon miwah, antukingsun bathi, nulya ngong tampani, pasrahing barang,
saking kapitan, lan sru panrimèng tyas, sing nuswa [77] Salahat,
umangkat anjog,
11. nuswa lènira, anangka ngong malap, dêdagangan warna, cêngkèh
kêningar,
miwah liyanya, sasah ingsun saking, pulwèku
56
umulat, bulus gêng siki, panjang wiyarnya, pamataraningwang, kalih dasa elo, miwah andulu,
ane wiyaga, warna kadi biksu, pan adarbe susu, crêmanya atos, 12.
asring kinarya, tatamèng crêmèku, ane malih matsya, kaèksi prapta,
56
palwèku
warna lir unta, ing wusananira, wusnyantara lama, gyan ngong layaran, nulya anjog ing, nagarèng Balsorah, sing ngriku sumusuk, mring prajèng
Bahdad, umawa raja-, brana gung kwèhira, ngong tan wrin pribadi, tandya sung
jakat, 13.
ardana kathah, maring janma papa, lan tumbas pasitèn, samya gêng-
agêng,
ri wusnya ênti, Sinbad katanira, lampahan kaping tri, sigra umatag, asung uwang mas, satus maring Inbad, enjing pinrih wangsul, nadhah lèn
myarsa, cariyosira, rikala linggaran, kaping caturira, Inbad lan tami,
14.
samya umulih, enjingira wangsul, dyan tinawan bukti, wusnya anadhah,
Sinbad murwani, amêdhar carita, lêlampahanira, nalika linggar, mambah samodra, kaping caturira, dêlingnya mangkana, ingsun garjita,
lan sênênging tyas, ing saulihingwang, lêlana kaping tri, anggagat malih,
15.
arsa linggaran, malih anyudagar, tan kuwawa ngampah, kaptining driya,
saking yun uning, barang kang dèrèng wruh, sigra ngong anata, sakwèh prakara,
kalawan tumbas, barang dêdagangan, kang kinira payu, anèng sasana, kang yun pinara-[78]-n, wangwang ngong umangkat, de sinêdyèng kayun,
mring prajèng Pèrsi,