Wêgangsulanjani, lampah 23, pêdhotan 5-6-6-6
2. sirèku janma, nagara ing Bahdad, de têka datan wrin, yèn kang darbe
panti,
iki ran Sinbad, ingkang wus kuncara, nampakèng samodra, saliring udadi,
kang kaprabaning, kulandara agni, kabèh wus jinajah, ya ta sira Inbad, nguni wus myarsa, parartaning Sinbad, tinimbang kalawan,
kamlaratanira, 3.
jro tyasmu rina, mring kalabèng Sinbad, sing ardèng rudatin, tumêngèng
gêgana,
sru dya manantya, piniarsèng kathah, ya Gusti Allahu, kang Amurbèng tuwuh,
mugi galiha, ing prabedanira, wandèngong lan Sinbad, sabên-sabênira, ulun sangsaya, anindya rêkasa, mangruruh ring boga, ngingoni nak rabi,
4. miwah tatêdhan, kang kawula bukti, mêhêng data-[42]-n eca, mangka ta
pun Sinbad,
tan kêkirangan, amukti wibawa, manggih kahastaman, paran labêtira, Tuan asungi, nugraha gung iku, lan paran dosèngong, anandhang
sudrardda, Inbad wus sira, nênantya mangkana, wangwang gêdrug-gêdrug, lir
kataman unang, 5.
dèrèng wus dènnya, ngèsthi ring pataka, pinanggyèng wandanya, nulya
sira mulat,
abdi sajuga, priya umijil sing, wisma amarani, maring sira Inbad, nandhak bujanya, lingira mangkana, payo tut wuria, ing salakuningong,
bêndara Sinbad, arsa atêtanya, iya marang sira, rèhning wus rahina,
6.
Seherah Sadhe, kèndêl acarita, ratri dinugèkkên, itina lingira,
sri narapati, paduka saèstu, sagêd anggaliha, eramira Inbad,
rikakala
31
dèn jak, tumamèng jro panti, wingwrinirèng driya, wit sampun kawijil,
wuwusnya wau, ciptaning wardaya, marma tinimbalan, tan wus yun
tinanya,
7. ingkang wus dadya, pangucapnya wau, adarbe pangira, amanggya
rêrubêd,
marma lênggana, lêlingsem kuwatir, yèn tilar rêmbatan, wontên ing lêlurung,
nging rencang ika, sagah kèn rumêksa, ngungsêd ing pangajak, kinêdah umiring,
Inbad wus kerid, tumamèng kamar gêng, kwèh janma lèlunggwan, sami ngêpang
32
meja, 8.
rampadanira, samya adi-adi, de kang nèng madyaning, meja janma
sêpuh,
kumbalanira, wus pingul sadarum, pamulunya wingit, rencangira samya, nèng wurinira, sami angladèni, de ta janma sêpuh, yèku mangran Sinbad,
ki [43] bêrah sangkin, kumel non kèh janma, ambogadrawina, wangwang
anumoddha,
9.
sarya dharodhog, Sinbad ngacarani, kinèn umangsaha, ajajara lênggah,
nèng kananira, dyan inatag bukti, miwah nginum anggur, Sinbad dupi anon,
yèn tamunira, wus luwar anadhah, sigra atêtanya, mring kiyai buruh, mungguh ing nama, myang utsahanira, kang liningan muwus, wasta kula
Inbad, 10.
Sinbad sumambung, ngong bungah wruh kita, lan sun namtokakên,
sêsuruhaningwang,
arsèkanang tyas, andulu ing sira, ing mêngko manira, yun myarsa pribadi,
31
rikala
32
ngêpung
pamuwusira, rikalanèng lurung, Sinbad sadèrènya
33
, bukti amiyarsa, dêlinging Inbad, saking ing janela, yèku sumarmanya, pinurih lumêbu,
11. dupi tinanya, kang kadya mangkana, Inbad sru tumungkul, lalu kewraning
tyas,
wusana nabda, tuan marmanira, kawijil wuwus ngong, ingkang tan sayoga,
muhung sing payah, mangke ulun minta, pangaksama tuan, Sinbad anauri,
ywa sandeyèng tyas, yèn wacananira, karya rêngatingwang, iku nora pisan,
12. malah ngong wêlas, mring papêsthènira, ingsun pan sumêdya, iya
madhangakên,
ing pangamunta, maring raganingwang, marga saking tuna, ing sumurupira,
ciptèng driyanta, gyan ngong mukti iki, tanpa nambut karya, kalawan kangelan,
mêngko sirèku, ingsun sungi wêruh, gyaning ngong amanggih, nohaning tumuwuh,
13.
srana sangsara, pirang-pirang warsa, akanthi kasrakat, kalawan prihatin,
Sinbad tumulya, nabda mring pra tamu, ki sanak sa-[44]-darum, wiraos ngong wau,
apan sayêkti, lan kula namtokkên, nadyan janma dahat, murka ring supunya,
lamun miyarsa, ing cariyosira, ngong kasurang-surang, yêkti yèn tan èstu, 14.
prayojananya, nampakèng samodra, mamrih raja brana, andika sadarum,
kadi ta dèrèng, cêtha ing pawarta, bab lampahaningong, anindya sing elok,
miwah gyan kula, manggih pancabaya, wontêning jaladri, kongsi kaping sapta,
33
sadèrèngnya
rèhning panujon, kularsa amêdhar, ing cariyosira, lêlampahan kula,
15.
kang têmên-têmên, locitaning driya, andika sadarum, kadi tan akêmba,
amiyarsakkên, rèhning Sinbad arsa, mungarani kata, lêlampahanira, darapon Inbad, ika sumurupa, ing sadèrèngira, murwani carita,
sigra mangatag, nglêbêtkên rêmbata-, nira kyai Inbad, kang tinilar nguni,