Wisatikandhèh, lampah 12, pêdhotan 5-7

nadyan tan guna, ing pambudi ywa kongsi, kadalêming pa-, pesthèn kang wèh katrêsan, 3. pan inggih ugi, lalu sungkawèng driya, ratri taksaka, amba- [73]-lèni goningong, agalibêdan, anèng sasoring wrêksa, ngong yun minangsa, ananging nora bakit, 4. wit tinanggulang, dening warana wau, saratri dènnya, ngukih yun mangsa mring wang, upamanira, kucing andingkik tikus, kèksi wujudnya, nging tan kêni nyikara, 5. wusananira, dupi tatas rahina, sarpa wisata, nanging sadèrèngira, arka tumambang, ingsun wingwrin umahya, wandèngsun lungkrah, wit dening kinaèdhan, 6. ing sarpa kongsi, muput saratri pisan, usyasanira, anindya saking arus, ciptaning driya, alêng ta pralayaa, lan ginagila, dening sarpa kadyèka, 7. ingsun wisata, sing gèning kanang daya, sumêdya arsa, tumamèng jalaniddhi, dupi carita-, nira Ken Serah Sadhe, tèkèng samana, sang dyah manon wus rina, 8. tumulya kèndêl, ratrinya linajêngkên, aturira mring, Narapati Sèhriyar, pukulun Sinbad, andumugèkkên kata, lampahanira, pamuwusnya mangkana, 9. Hyang Suksma maksih, dêrwya wêlas maringsun, rikala arsa, umanjing ing samodra, ngong mulat palwa, mandrawa saking têmbing, sigra sarosa, ingsun anguwuh-uwuh, 10. sêrban sun rucat, kinarya ngawe-awe, drapon kèksia, de ta panguwuh ingong, miwah pangawe, pan botên tanpa tuwas, kirna wong palwa, sami tumonton mringsun, 11. kapitanira, sigra anglampahakên, banawa alit, mring gèningsun umanggon, ingong winawa, wusnya praptèng palwa gêng, sakwèh sudagar, lèn janma jro banawa, 12. samya angudi, tanya prawitanira, dene sun kongsi, umambah nuswa sonya, [74] nulya ngong ngandhar, sakwèhning lêlampahan, sataming kata, sun gênti kinandhanan, 13. ring pambêlah sa-, juga wus ragi sêpuh, lamun wus asring, myarsa pawartèng diyu, ingkang dhadhongka, wontên ing nuswa wau, kwèh kang wus uning, yèn wilku mangsa janma, 14. dadya mêntahan, nguni wèh mêmatêngan, dene têksaka 53 , ring nuswèka pan kathah, rina singidan, muhung ratri umimba, sakwèh wong palwa, lalu arsèkanang tyas, 15. wit ingsun bakit, amingkarani bahya, kathah mangkana, rèh ngong sinidhêp lapya, dyan sinung bukti, tur surasa sadarum, kapitan dulu, yèn busanèngsun sêbit, 16. wêlas maring wang, sigra masung pisalin, panganggènira, adan sami umangkat, antara lama, gyan ngong anèng samodra, lêlanèng nuswa, akathah dèn ampiri, 17. wusananira, maring pulo Salahat, 53 taksaka hringku gènira, malap wrêksa candhana, dyan ika ingkang, sring kinarya usada, sapraptanirèng, nuswa Salahat wau, 18. nèng palabuhan, sigra nambalang jangkar, para juragan, samya ngêdhunkên barang, daganganira, arsa sinade tuwin, ing ngurupakên, rikala numêrahkên, 19. gagramènira, kapitan ngundang mring ngong, pamuwusira, ingsun pan kaunggyanan, barang dagangan, muhung ing sawatara, ingkang adêrwya, sudagar duk ing nguni, 20. numpang palwèngwang, rèhning mangke wus lalis, sadarbèkira, arsa ingsun êdoli, pêpayonira, ayun ingong sungakên, mring liwarisnya, yèn maksih sami urip,

26. Kilayunedhêng, lampah 22, pêdhotan 5-6-6-5

1. de barang ingkang, winah-[75]-ya punika, wus samya nèng jaba, winruhkên mring ngong, linge kapitan, yèku warnanira, barang dêdagangan, kang tinitipkên, iya maringsun, ngong purun namtokkên, kita yêkti arsa, anyadèkakên, kalamun payu, ngong asung ngujuran, mangka patuwasing, kangelan kita, 2. ingsun tan wiyang, lumaksanèng kapti,- nira ki kapitan, sru panrimèngong, awit anganggur, sinungan pakarya, sakwèhning dagangan, dyan tinulisan, mring carikira, nanging rèhning tan wruh, wastane kang darbe, sigra umatur, maring kapitan, tanya wastanira, kang adarbe barang, kapitan nabda, 3. kang dêrwya barang, panêngrannya Sinbad, dupi ngong miyarsa, namèngsun iku, atrês tyasingwang, kapitan sun kênyêp, tan indung ngong dulu, yèku kang nilar, mring sun rikala, ngong nendra nèng nuswa, cakêt lan narmada, tan dèn antèni, tuwin rinuruh, tumulya tinilar, umangkat kewala, duk lagya panggih, 4. lawan kapitan, ngong indung sayèkti, wit lama apisah, lan malihira, wandèng kapitan, sawatara owah, rèhning ngong sinidhêp, sampun ngêmasi, sèstu kapitan, pandung dulu mami, dadya sun atanya, namèng juragan, kang darbe barang, punapa sayêkti, panêngrannya Sinbad, kapitan muwus, 5. inggih mangkana, wastaning sudagar, praptanira saking, praja ing Bahdad, numpang palwèngsun, mring Balsorah nagri, nuju sajugari, rowang ngong mêntas, mring nuswa ayun, umalap udaka, pra tuwin wowohan, kang anyêgêri, Sinbad tumutur, umêntas mring nuswa, wusnya sakèh kanca, wangsul mring [76] palwa, 6. ngong sigra mangkat, tan wrin pisan-pisan, Sinbad maksih kari, anèng nuswèka, dupi angkat ngong, wus antuk kalih jam, sun lan rowang lagya, wikan yèn Sinbad, tan nèng banawa, rikala waktwèku, pracondha manampêk, palwa tan kêni, ngong ingêr nêdya, amangsuli Sinbad, ata 54 sojarnira, kyai kapitan, 7. ingsun tan nauri, yèn makana 55 kita, wus anamtokakên, atmakèng sinbad, 54 kata 55 mangkana