Sudiradraka, lampah, pêdhotan 5-8

ulun gya madêg, manon taksaka lèn prapta, 3. asru manandêr, goraya kabina-bina, krura mangubrês, wisadhara kang karuhun, arsa ingêlên, saking ing pêpêthitira, ulun tan wingwrin, malah awêlas tumingal, 4. tan nêdya mlajar, tyas kawulambêk sudira, gupuh umalap, sela kang cakêt gyan ulun, sarpa gêng sigra, kawula sawat sarosa, kêni murdanya, rêncêm tan antara muksa, 5. taksaka ingkang, rinuruh wau dupi wus, mahwas ing bahya, babar lar sigra ngumbara, dangu kawula, mangênyêp burnya mindhuwur, wit saking elok, kang sampun kadulwèng amba, 6. wus sira anis, kawula mimba alênggah, sor ring daya lyan, tumulya ulun asupta, satangi amba, umiyat wanita cêmêng, tan têbah saking, panggènan amba anendra [21], 7. manis mrak ati, lan malih kawula anon, sonèstri cêmêng, kalih ginandhèng ing tambang, dahat kacaryan, tandyamba lênggah atanya, mring wanitèku, kang sinambat ing wêwangi, 8. wangsulanira, kawula taksaka ingkang, kita tulungi, awiwal sing mungsuh ulun, ciptaning driya, inggih muhung arsa malês, ring kadarmanta, kang wus lumuntur ring ulun, 9. sarana saking, rèh kang wus ngong lêksanani, kula tan samar, ring cidraning rakanta ro, luwar kawula, sing pataka pan amargi, pitulung kita, dene ta pamalês ingong, 10. amalêsakên, ring duryasaning rakanta, saluwar ulun, sing babaya kang manêmpuh, sigra ngimpunkên, kanca para juru tênung, sakwèhning barang, momotaning banawanta, 11. sampun ngong usung, dhumatêng gêdhong andika, ring prajèng Bahdad, palwa uwus ngong kèrêmkên de srênggalèstri, karwèki kadang andika, kula kang malik, sipatnya warni kadyèka, 12. samantên wau, apan maksih kirang awrat, paukumannya, etunira karsaningong, kita niaya, kadi kang badhe winahya, wusnya sirangling, astanira kang sajuga, 13. ngayuh mring amba, ingkang sajuga amêluk, sonèstri kalih, dan binakta angumbara, andumona mring, wismamba praja ing Bahdad, de sakwèh barang, momotaning palwa ulun, 14. samya pinanggih, anèng jro gêdhong sadarum, sadèrèngira, èstri juru tênung mentar, angulungakên, srênggala èstri kêka-[22]-lih, pamuwusira, sonèstri cêmêng karwèki, 15. ing sabên ratri, mêsthi andika gitiki, lawan panjalin, aywa kirang kaping satus, mangka patrapan, dènnya karya dur ring kita, lan mring prabwanom, kang wus palastrèng jaladri, 16. yèn tan lumakwèng, wêwêling kula punika, yêkti andika, ngong walik dadi sonèstri, marma ka 21 kêdya, umijilkên patêmbaya, anglêksanani, agnyanirèng juru tênung, 17. wiwit rikala, samantên marma sonèstri, 21 kang cêmêng kêkalih, sabên ratri amba pala, kadi ingkang wus, kadulu ing padukèndra, ananging mênggah, ing pamêsiasat wau, 18. atyanta karya, anyuh ing driya kawula, etunta sabên, waspamba amarawaya, amrasandhani, ing sungkawa gyan kawula, anglêksanani, agnya wrat ingkang kadyèka, 19. dadya sayogya, kawula winêlasana, yêkti tan arus, kalamun dipunwaoni, gyan amba darbe, panganggêp ingkang mangkana, upami wontên, prakawis ing sanèsira, 20. ingkang umaras, wandamba mangsa sang aji, arsa udani, andangua mring aryamba, kang ran Amine, yêkti bakit andhangankên, karsa paduka, amêdhar lampahanira,

9. Kuswalalita, lampah 23, pêdhotan 5-6-6-6

1. sri narapati, ri wusnya myarsakken, taming caritanya, Rêtna Sobehidhe, sigra mangagnya, mring Patih Giyafar, pinrih mangataga, maring Kèn Amine, amungarani, kata sumarmanya, kathah gèthèkira, duk têkèng samana, wus ta-[23]-tas rina, Kèn Seherah Sadhe, kèndêl dènnya crita, ciptèng Sri Sèhriyar, 2. katèng Amine, yêkti têtelaning, criyos ngarsa wau, marma Serah Sadhe, waktu punika, datan tinêlasan, awit yun myarsakkên, candhaking carita, Dhinar Sadhe ngling, mring Seherah Sadhe, kakang êmbok kula, mugi sinêrêpna, marmi tan ira, Amine jajanya, kathah gèthèkira, kang liningan nabda, 3. iya arèngwang, kita ngong surupkèn, turing dyah Amine, mring Sri Run Alrasid, pukulun amba, botên nêlayani, prakawis kang sampun, paduka pyarsakkên, saking aturing, sadulur kawula, kangbok Sobehidhe, muhung padukèndra, ngudanènana, sarèhning renamba, samana wus sêpuh, tumbas wisma siki, 4. karsaning ibu, darapon sênênga, ing panggêsangannya, kongsi praptèng lalis, ulun kinurên, lawan janma ngindhung, jro kitha puniki, ananging asugih, miwah kawula, binêktanan barang, warising sudarma, dyan ulun akrama, pan dèrèng kongsi, sawarsa laminya, lakyamba ngêmasi, apan tilarannya, 5. dadosing arta, salêksa uwang mas, locitèng wardaya, sarêmaning arta, samantên kèhnya, kewala pan langkung, kalamun binukti, ing sayogyanira, dupyamba musthi, pratandhèng sungkawa, wus samadya warsa, tandya akèn karya, busana anyar, awarni sadasa, pramati sadarum, pangangge sajuga, 6. lêbêtanira, anyèwu uwang mas, duk sampun prapta ring, wêkasaning warsa [24], kawula wawa, nujwèng sajugari, ulun anèng wisma, lagya nambut kardi, rencang majari, ane wong sawèstri, sajuga yun panggih, kalawan kawula, ulun mangatag, maring abdi wau, nglêbêtna janmèstri, kang arsa pêpanggih, 7. tuk tumamèng jro, kawula tingali, wus sêpuh wancinya, anguluki salam, nguswa bantala, tumulya ajèngkèng, itina lingira, kusumaning ayu, paminta ulun, ywa rêngating driya, amba kumapurun, sumiwèng ngarsanta,